Thursday, October 1, 2020

MATERI BAHAN AJAR BASA JAWA "WAWANCARA Pertemuan 1" + VIDEO PEMBELAJARAN


TEGESE WAWANCARA 
Wawancara yaiku kegiatan dhialog utawa cecaturan antarane pewawancara utawa wong sing golek informasi lan narasumber. Pewawancara yaiku pawongan sing golek informasi, dene narasumber yaiku wong sing dadi sumbere pitakonan. Narasumber kudu wong sing ngerti sakabehe informasi sing dibutuhake. 

TUJUAN WAWANCARA

Tujuane wawancara yaiku golek warta, informasi, katrangan ngenani sawenehe bab kanggo kaperluan tartamtu. Tuladha, wartawan kang lagi golek warta, murid-murid kang oleh tugas nindakake panliten, lan sapanunggalane. Teks wawancara yaiku teks sing nggambarake pacelathon utawa dhialog antarane pewawancara karo narasumber.

STRUKTUR WAWANCARA

Struktur dhewe tegese yaiku susunan utawa urutan sing kudu ditulis utawa ditindkake kathiruntut ora bisa diwolak-walik. Semono uga sajrone nindakake kagiyatan wawancara ana struktur kang kudu digatekake. Dene struktur wawancara kaperang dadi telu yaiku :
a. Idhentifikasi 
b. Klasifikasi/dhefinisi
c. Dheskripsi Bagean

Kanggo menehi gambaran kang luwih cetha bisa dideleng ing bagan utawa dhiagram ing ngisor iki :

bagan struktur wawancara
Pepeling:

Struktur teks wawancara kedadean saka: 

1. Idhentifikasi Yaiku perangan utawa bagean teks sing nerangake titikan (ciri), barang, tandha lan sapanunggalane.

2. Klasifikasi/dhefinisi Yaiku perangan teks kang mantha-mantha utawa milah manut jinise utawa klompoke

3. Dheskripsi bagean Yaiku perangan teks sing nerangake gegambaran sing luwih rinci lan cetha.


Supaya luwih gamblang ngenani andharan materi teges, tujuwan lan Strukture teks Wawancara bisa diwaca bahan ajar ing ngisor iki :




Ana ing ndhuwur muudake Bahan Ajar Ngenani Materi Wawancara. Bisa dingerteni yen nalika nindakake wawancara uga ana susunane lan urut-urutane. Saliyane kuwi uga kudu nggatekake unggah-ungguh basa lan tata krama sing becik.

Supaya luwih paham ngenani materi sesorah, ayo padha disemak video pasinaon ngenani struktur wawancara ing ngiosr iki :




Ing ngisor iki uga diwenehi materi kang waujud power pount sing bisa kanggo sinau. Power point bisa didelelng lan didownload ing ngisor iki :




Cukup semene materi wawancara ing pepanggihan sepisan iki, besuk bakal diterusake materii wawancara sing kapindho yaiku ngenai Unsur Kebahasaan lan nyususn pitakonan kanggo wawancara.

SEMANGATTT SIANU BASA JAWA..

0 komentar:

Post a Comment