Kethoprak Milenial Sanggar Bharada

Para seniman muda bermain peran dalam kesenian Kethoprak sebagai upaya melestarikan kebudayaan dan kesenian treadisional Jawa.

Ludruk Milenial Sanggar Bharada

Para seniman muda bermain peran dalam kesenian ludruk sebagai upaya melestarikan kebudayaan dan kesenian treadisional Jawa.

Tradisi Mantenan Adat Jawa

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang praktik tradisi mantenan adat Jawa.

Tradisi Mantenan Adat Jawa

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang praktik tradisi mantenan adat Jawa.

Parade Musik Gamelan

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang mengikuti parade musik gamelan di Royal Plaza Surabaya.

Fragmen Kethoprak Sumenten Edan

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang menampilkan fragmen kethoprak Suminten Edan di TVRI Jawa Timur.

Thursday, December 3, 2020

Materi Layang Resmi / Surat Resmi

Layang Resmi 

a. Pangertene Layang Resmi
layang kang isine bab kang magepokan karo pamarentah, dikirimake saka kantor – kantor pamarentah marang kantor – kantor liyane utawa marang wong kang nduweni kepentingan karo pamerentah utawa kantor. Kang kalebu layang resmi yaiku layang tugas, layang undangan, lan layang kerja.

b. Titikane Layang resmi : 
  1. Layang resmi ngunakake basa kang baku.
  2. Layang resmi ngunakake ukara kang sederhana lan sopan.
  3. Layang resmi nduweni sesirahe layang kang isine jeneng lan alamat kantor kang nulis layang mau.
  4. Layang resmi nduweni nomer, lampiran, uga perihal layang.
  5. Layang resmi ing perangan tapak asta ngunakake stempel saka kantor.

c. Basa kang dianggo nulis layang resmi 
Basa kang dianggo kanggo nulis layang resmi yaiku basa baku.

d. Perangane layang resmi : 
  1. Sesirahe / Kop layang, dumadi saka :Jeneng kantor kang ditulis aksara capital, Alamat kantor, Logo kantor
  2. Nomer layang, yaiku urutan layang kang dikirim
  3. Lampiran yaiku lembaran liya kang ana ing layang.
  4. Hal yaiku isine ngenani wigatine layang
  5. Titi mangsa yaiku wektu layang kasebut ditulis
  6. Adangiyah yaiku nyebutake marang sapa layang kasebut ditujukake. 
  7. Purwaka basa yaiku isine layang sadurunge wose layang.
  8. Surasa basa yaiku isine layang kang dadi wose layang
  9. Wasana basa yaiku pungkasane layang.
  10. Tapak asta lan asma penyerat yaiku nyethakake tapak asta lan asma panyerat kang dijangkepi stempel
e. Tuladhane layang resmi :

Organisasi Siswa Intra Sekolah ( OSIS ) 
SMAN 1 PACET 
Jl. Pandanarum, Pacet, Mojokerto JawaTimur kode Pos 6134 ___________________________________________________________________ 

Pati, 16 April 2014
No : 01 / PK/ IX/2010
Bab : Ulem

Kagem siswa SMAN 1 Pacet
Ing dalem

Salam taklim,
Panjenengan katuran rawuh wonten ing adicara pepisahan siswa kelas XII ingkang badhe kawontenaken :

Dinten : Sabtu, 5 Mei 2014
Papan  : Lapangan Basket SMAN 1 Pacet
Tabuh : 08.00
Wigatos : Adicara pepisahan siswa kelas IX

Saking kawigatosan Panjenengan kula aturaken gung ing panuwun.


                                                                                                                    Ketua Osis SMAN 1 Pacet


                                                                                                                    Nirmala Sari 
                                                                                                                    NIS. 134098

Wednesday, December 2, 2020

Materi Jinise Basa Rinengga


1. Tembung saroja (Padan kata)
Tembung saroja yaiku tembung loro utawa luwih sing padha utawa meh padha tegese dianggo bebarengan kanggo mbangetake surasane. 

Tuladhane: 
  • Bapake Narko kae dedeg piadege gagah pideksa
  • Es sing dideleh ing baskom kae wis campur adhuk karo es batune
  • Adat istiadat kudu diugemi amarga perangan saka kabudayan sing adi luhung
2. Tembung entar /tembung silihan (kata kiasan) 
Tembung entar yaiku tembung sing tegese ora sawantahe/ora salugune. 

Tuladhane: 
  • Bocah kok dawa tangane
  • Rike yen diomongi wong tuwane kok kandel kupinge
  • Dewi kae luman, seneng tetulung pancen bocah bening atine
Katrangan: 
Tetembungan dawa tangane, kandel kupinge, bening atine ing ukara ndhuwur kalebu tembung entar, amarga tegese ora salugune. 


Basa rinengga saka gabungan basa lan rinengga. Basa kabeh manungsa mnagerteni tegese lan fungsine. Dene rinengga tegese yaiku dipacaki. Rinengga fungsine kanggo basa kuwi supaya endah, lan ngresepake. Basa rinengga ngemu kaendahan.Kaendahane basa. Jinise basa rinengga sing diwulangake ing bab iki yaiku wangsalan, paribasan, bebasan, saloka, lan candra 

1. Wangsalan 
Wangsalan yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean, kayadene cangkriman utawa tebakan. Tembung wangsalan nunggal teges karo tembung wangsulan. Ing sajrone wangsalan ngemu unen-unen kang mbutuhake wangsulan minangka batangane.

Tuladha: 
  • Njanur gunung, kadingaren dolan mrene. (Janur gunung: aren)
  • Nyaron bumbung, nganti cengklungen anggonku ngenteni. (saron bumbung: angklung)
  • Jangan gori, nganti judge anggonku mikir. (jangan gori: gudheg)

2. Paribasan 
Paribasan , yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartamtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikane tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. 

Tuladha: 
  • Arep jamure emoh watange : gelem kepenake ora gelem rekasane
  • Ana catur mungkur : Ana rembugan wigati malah ngalih 
  • Baladewa ilang gapite: ilang kakuwatane utawa kaluhurane.
3. Bebasan 
Bebasan, yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, ngemu surasa pepindhan, kang dipindhakake kahanan utawa sesipate wong. Nanging wong iku katut sajrone pepindhan. 

Tuladha:
  • Njagakake endhoge si blorok : njagakake barang kang durung mesthi anal an orane
  • Mburu uceng kelangan dheleg : mburu barang sepele malah kelangan barang kang luwih gedhe
  • Kabanjiran segara madu : nemu kabegjan kang gedhe banget

4. Saloka
Saloka yaiku duwe teges magepokan karo sing disemoni, disanepane utawa dipindhakake. 

Tuladha: 
  • Kutuk marani sunduk : Njarag marani bebaya
  • Kebo nusu gudel: wong tuwa njaluk wurug wong enom
  • Klenthing wadhah masin : angel ninggalake pakulinan tumindak ala

Candrane manungsa

Nyandra tegese nggambar utawa amarna kaendahan kanthi sarana pepindhan. Dadi sing luwih digatekake yaiku gegambaran kaendahan utawa kahanan. Nyandra ora mesthi nganggo basa kang dakik-dakik nanging bisa nganggo basa kang lumrah. 

Tuladha: 
  • Lembehane mblarak sempal
  • Jogede merak kesimpir
  • Mlakune kaya macan luwe
Nanging ana sing nganggo basa rinengga. 

Tuladha: 
  • Idepe tumenga ing tawang
  • Rikmane memak ngandhan-andhan
  • Polatane ruruh jatmika 

Candrane mangsa

Tuladha: 
  • Sotya sinarawedi. Mangsa kasewelas, akeh manuk padha ngloloh
  • Rasa mulya kasucian. Mangsa kaenem, akeh who-wohan kang enak mirasa.
  • Suta manut ing bapa. Mangsa katelu, uwi, gembili, gadhung wiwit padha mrambat

Materi Layang Pribadi / Surat Pribadi

A. Layang Pribadi 

a. Pengertene Layang Pribadi 
Layang pribadi yaiku layang kang isine ngenani kepentingan kang sipate pribadi utawa kaluwarga lan ditulis saka pawongan siji kanggo wong liya. 

b. Titikane layang pribadi : 
a. Ora nganggo sesirahe / Kop layang 
b. Ora nganggo nomere layang 
c. Ngunakake basa kang ora baku 

c. Basa kang dianggo ing layang pribadi
Basa kang dianggo sajrone nulis layang pribadi yaiku ora baku. Nanging basa sajrone nulis layang pribadi uga digatekake miturut marang sapa layang kasebut ditujokake. Yen layang pribadi mau katujokake marang wong tuwa mula basa kang dianggo yaiku krama. Yen layang pribadi mau katujokake marang kanca basa kang dianggo yaiku basa ngoko. 

d. Perangane layang pribadi : 
  1. Titi mangsa yaiku nyethakake wektu lan papan panulise layang 
  2. Satata basa yaiku nyebutake marang sapa (alamat) layang ditujokake
  3. Adangiyah yaiku tembung pamuji rahayu, saemper kaya uluk salam. Tuladha : Simbah winatu ing suka basuki, Winantu ing bagya mulya, Sembah sungkem kula katur.. Lsp.
  4. Salam pambuka yaiku isine nyebutahake salam
  5. Purwaka basa yaiku sadurunge isine layang lumrahe isi atur pambagya wilujeng, pengarep-arep muga sing dikirimi layang uga tansah slamet.
  6. Surasa basa yaiku isi layang kang dadi wigatine layang utawa kekarepane layang.
  7. Wasana basa yaiku pungkasane layang. 
  8. Paprenahan yaiku nyethakake kang ngirim layang lan sing dikirimi layang.
  9. Tapak asman yaiku tandha tangane wong kang ngirim layang.
  10. Asma terang  yaiku kang nyethakake jenenge sing ngirim layang.

e. Carane nulis layang pribadi : 
  1. Aturan kang ana sajrone layang pribadi ora resmi, yaiku ora nggawe sesirahe layang.
  2. Basa kang dianggo sajrone nulis layang pribadi yaiku basa ora baku.
  3. Ngatekake struktur panulisan layang pribadi

Tuladha Layang Pribadi


Surabaya, 1 Desember Agustus 2016 

Kagem Bapak Ibu 
Ing dalem Mojokerto 


Sembah pangabekti,
Kadospundi kahananipun Bapak lan Ibu? Mugi – mugi Gusti tansah maringi kanugrahan lan kasehatan dhumateng Bapak lan Ibu. Alhamdulillah kula wonten Sidoarjo tansah wilujeng. 

Bapak lan Ibu ingkang kula bekteni, kenanthenan layang menika kula badhe matur bilih kula dereng saged wangsul wonten Mojokerto, awit ing sasi menika kula taksih nglampahi ujian. Mila saking menika kula nyuwun pangestu Bapak lan Ibu supados anggenkula nglampahi ujian saged lancar. Bapak lan Ibu, menawi benjing kula sampun bibar nglampahi ujian, kula badhe wangsul dhateng Mojokerto. Mila, kula ugi nyuwun pangapunten jalaran dereng saged wangsul. 

Mbok bilih mekaten ingkang saged kula aturaken, menawi wonten lepat kula nyuwun pangapunten. 


Putra kang tansah tuhu ngabekti, 

Rosyidah

Tuesday, December 1, 2020

Materi Unsur Cerita Wayang Purwa


Unsur-Unsur Crita Wayang 

Wayang dumadi saka tembung wod "yang/ hyang" oleh ater- ater wa-. Tegese roh kang bisa gawa kabegjan lan cilakane manungsa. Wayang iku mujudake wewayangan utawa gegambaran watak lan jiwane manungsa. Wayang mujudake pangejawantahan pribadi manungsa. Wayang iku pagelaran sing nggunakake bonéka, saka kulit sapi utawa wedhus, lan sejatine kang dideleng iku dudu bonekane nanging malah ayang-ayange. Mula wayang ing basa inggris diarani “Puppet shadow”. Sing nglakokake wayang iki diarani dhalang. 

Wayang mujudake sawijine teks sastra, mula mesthi nduweni unsur-unsur pambangun teks. Unsure ana loro yaiku unsur intrinsic lan unsur ekstrinsik. 

1. Unsur Intrinsik 
Yaiku unsur sastra kang nduweni pengaruh tumrap kaciptane karya sastra :
a. Paraga / pamaragan sajrone crita wayang 
Paraga yaiku Individu kang ana sajrone carita, kang ngalami kedadeyan sajrone sakehe prastawa ing crita. 
- Paraga Utama 
- Paraga pambiyantu / figuran 

Saka sipate : 

- Paraga Protagonis = paraga kang nduweni sipat luhur lan becik. 
- Paraga Antagonis = paraga kang nduweni sipat jahat lan ala. 
- Paraga Tirtagonis = Paraga kang nduweni tugas nglerai konflik. 

Pamaragan yaiku panggambarane paraga kang ana ing crita, saka laire lan batine. 

Ana 3 cara kanggo nggambarake watak : 
  1. Cara Analitik yaiku pengarang ngandharake watak paraga cerita kanthi cara langsung.
  2. Cara Dramatik yaiku pengarang ngandharake watak paraga cerita kanthi cara ora langsung, nanging nyeritakake watak tokoh kanthi sarana nampilake dialog antar paraga lan saka dialog-dialog iku watak bisa kagambar ing pamikire pamaca.
  3. Cara Campuran yaiku pengarang nggunakake rong cara ing nduwur sesarengan.
b. Tema 
Tema yaiku pokok/ punjere pikiran utawa lelandhesan sajrone carita kang bakal diandharake pengarang ing cerita. 

c. Plot / Alur 
Plot/Alur yaiku dalan cerita utawa rerangkeane kedadeyan kang disusun adhedhasar hukum kausalitas (hubungan kang nudhuhake sebab akibat). adhedhasar sesambungan kasebut, saben carita nduweni plot/alur kaya ing ngisor iki : 
  1. Tahapan perkenalan
  2. konflik
  3. klimaks
  4. penyelesaian
f. Latar / Setting. 
Latar / Setting yaiku gegambarane wektu, papan, lan swasana kang kedadeyan ing carita. Nanging uga ana latar kang njlentrehake ngenani latar sosial dan moral.


NGENALI CARITA WAYANG NUSWANTARA

Urut-urutane crita lakon wayang
1. jejer 
2. kadhatonan 
3. Pasebanjaban 
4. bodholan 
5. Jejer sabrangan 
6. Perang gagal 
7. gara-gara 
8. Perang kembang 
9. Perang brubuh 
10. Tancep kayon 

Wewatakane wayang

Miturut bentuke 
a. ndhingkluk  : sabar, sareh, wicaksana, waspada 
b. lancap  : kendel, brangasan, siyaga lan waspada. 
c. Mrongos, mendelik : galak, brangasan, gampang nesu, ugal-ugalan. 

Miturut jenise
a. satriya  : alus, luhur, sabar, luruhh, dhemen tetulung, siyaga, wicaksana 
b. buta  : kasar, gumedhe, brangasan, ugal-ugalan, gampang nesu. 
c. Kethek  : Pencilakan, usil, seneng ngrusuhi. 

Miturut sunggingane
a.  putih, kuning, ireng : tandhane becik, suci 
b. Abang : Tandhane kendel, brangasan 
c.  biru : Jireh

Gladhen Soal Materi Geguritan (Puisi Jawa)


Para siswa kang kinasih, ing postingan iki bakal diwenehi tuladha soal ngenani materi geguritan.
Mangga digarap kanggo gladhen!

Sugeng Makarya!

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi cara milih salah siji wangsulan kang kokanggep bener!

1. Miturut wektu panulise, geguritan kaperang dadi apa wae? 
a. Gagrag surakarta lan gagrag anyar
b. Gagrag anyar lan gagrag moderen
c. Gagrag lawas lan gagrag anyar
d. Gagrag lawas lan gagrag surabaya 

2. Ing ngisor iki kang kalebu titikane geguritan gagrag lawas yaiku... 
a. Asipat mardika 
b. Ora kaiket paugeran 
c. Guru lagune bebas 
d. Nggunakake purwakanthi guru swara 

3. Geguritan kang panulise mardika utawa ora kaiket paugeran diarani geguritan... 
a. Gagrag surakarta 
b. Gagrag lawas 
c. Gagrag anyar 
d. Gagrag lawas lan anyar 

4. Geguritan gagrag lawas tansah kawiwitan kanthi ukara...., 
a. Sun amiwiti 
b. Sun blenjani 
c. Sun gegurit 
d. Sun ambabar 

5. Geguritan kang tansah nggunakake purwakanthi guru swara ing wanda pungkasane gatra diarani geguritan... 
a. Geguritan prismatis 
b. Geguritan gagrag lawas 
c. Geguritan profan 
d. Geguritan gagrag anyar 

6. Ora kaiket paugeran, ora kudu nganggo sun gegutrit, asipat mardika. Kabeh mau mujudake titikane... 
a. Geguritan 
b. Artikel 
c. Geguritan anyar 
d. Geguritan prismatis 

7. Tansah nggunakake basa saben dina, lan gampang dingerteni amerga maknane sinurat. Kabeh mau mujudake titikane geguritan.. 
a. Geguritan profan 
b. Geguritan katresnan 
c. Geguritan prismatis 
d. Geguritan prafon 

8. Prelu pemahaman kang luwih jero, nganggo tembung-tembung kang angel dingerteni mujudake titikane geguritan.... 
a. Profan 
b. Gagrag anyar 
c. Prismatis 
d. Gagrag lawas 

9. Basa rinengga kang kerep digunakake sajrone geguritan prismatis nduweni teges... 
a. Basa kang dipaesi supaya dadi endah 
b. Basa kang ndakik 
c. Basa kang alus 
d. Basa kang diganti tegese 

10. Geguritan gagarag anyar ana kang awujud pada lan ora awujud pada. 
Tegese “Pada” padha karo... 
a. Larik 
b. Bait 
c. Gatra 
d. Wanda 

11. Puisi Jawa modern uga diarani 
a. Geguritan 
b. Mburitan 
c. Ngguritan 
d. Gegurutan 

Anak Wedok Anak Lanang 
Dening : Sudi Yatmana 

Anak wedok 
Apa kowe bisa nglangi 
Ingih bapak kula cobi 
Nglangi ana ngendi 
Ing bebrayan ing sesami 
Anak lanang 
Apa kowe wani perang 
Inggih ibu kula rancang 
Perang ana ngendi 
Ing nepsu dhiri pribadhi 

12. Geguritan ing ndhuwur irah-irahane yaiku... 
a. Anak wedok sing tak tresnani 
b. Anak lanang sing dakgadhang 
c. Anak wedok anak lanang 
d. Anak wedok sing dakgadhang 

13. Geguritan ing ndhuwur dianggit dening... 
a. Yatmana Atmaja 
b. Sudi Yatmana 
c. Atmaja Suyatmana 
d. Atmaja Dirja 

14. Geguritan ing ndhuwur dumadi saka.... pada lan ... gatra 
a. 10 pada, 2 gatra 
b. 2 pada, 5 gatra 
c. 2 pada, 10 gatra 
d. 5 pada, 2 gatra 

15. Geguritan ing ndhuwur nggunakake rima... 
a. Aabb 
b. Aaaa 
c. Rima ora teratur/bebas 
d. Abab 

(Wacan kanggo soal no 16 – 19)
Bektiku Kagem Biyung 
(dening : Wiratno) 

Biyung.... 
Rikala aku kesandhung 
Biyung sing tetulung 
Rikala aku lagi mendhung 
Biyung bingung golek colok lan payung 
Rikala aku lara lapa 
Biyung mubeng golek tamba 
Rikala aku kena prakara 
Biyung melu kalunta – lunta 

Kapetik saka : Sumardi, LKS Medali 

16. Geguritan iku anggitane sapa.... 
a. Sumardi 
b. Biyung 
c. Aku 
d. Wiratno 

17. Geguritan ing ndhuwur kalebu geguritan... 
a. Profan 
b. Prismatis 
c. Bebas 
d. Kaiket 

18. Geguritan iku ana pirang gatra.... 
a. 6 gatra 
b. 7 gatra 
c. 8 gatra 
d. 9 gatra 

19. Tembung “Biyung” ing geguritan iku duwe teges pada karo tembung.... 
a. Embah 
b. Bapak 
c. Ibu 
d. Adik 

20. 1. Mangerteni isi 
2. gatekake pocapan 
3. meragakake kanthi nesu 
4. meragakake kanthi ekspresi 
5. diwaca kanthi bengok – bengok 
Sing kalebu carane maca geguritan sing bener yaiku.... 
a. 1, 2, 3 
b. 1, 2, 4 
c. 2, 4, 5 
d. 3, 4, 5 

(Kanggo soal no 21-24)
Lumunturing Budaya 
(dening : Ki Andanawarih) 

Pemudha pemudhi jaman saiki 
Unggah-ungguh basa wis dilirwakake 
Tata krama wis ditinggalake 
Tata wicara wis ninggalake subasita 
Apa sing salah sekolah? 
Apa sing salah ibu bapak? 
Apa kabeh salah? 
Nyatane budaya bangsa wis ditinggalake 
Wis arep luntur amarga pokale kita dhewe 

21. Apa irah-irahan geguritan kasebut? 
a. Ki Andanawarih 
b. lumunturing Budaya 
c. unggah-ungguh basa 
d. budaya bangsa ditinggalake 
 
22. geguritan ing nduwue kalebu geguritan... 
a. gagrag lawas, profan 
b. gagrag anyar, profan 
c. gagrag lawas, prismatis 
d. gagrag anyar, prismatis 

23. Anggitane sapa geguritan kasebut ? 
a. Ki Andanawarih 
b. Ki Noto negoro 
c. Ki Andana warih 
d. Ki Narto sabdo 

24.Saka geguritan kasebut,amanat kang bisa dijupuk kanggo pemudha pemudhi saiki yaiku.... 
a. rumangsa wis maju ora perlu gawe budaya bangsa 
b. budaya bangsa ora perlu di gawe,sing digawe niru perilaku budaya negara liya. 
c. budaya bangsa ora bisa diterapake ing negara kita 
d. budaya bangsa kudu dijaga,diamalake lan dijaga kelestariane. 

25. Bedane geguritan gagrag lawas lan gagarag anyar yaiku... 

a. gagrag lawas kaiket paugeran, gagarag anyar mardika
b. gagrag lawas mardika. Gagrag anyar kaiket paugeran
c. gagrag lawas ora diwiwiti sun gegurit, gagrag anyar diwiwiti sun gegurit.
d. loro-lorone ora kaiket paugeran.