Kethoprak Milenial Sanggar Bharada

Para seniman muda bermain peran dalam kesenian Kethoprak sebagai upaya melestarikan kebudayaan dan kesenian treadisional Jawa.

Ludruk Milenial Sanggar Bharada

Para seniman muda bermain peran dalam kesenian ludruk sebagai upaya melestarikan kebudayaan dan kesenian treadisional Jawa.

Tradisi Mantenan Adat Jawa

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang praktik tradisi mantenan adat Jawa.

Tradisi Mantenan Adat Jawa

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang praktik tradisi mantenan adat Jawa.

Parade Musik Gamelan

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang mengikuti parade musik gamelan di Royal Plaza Surabaya.

Fragmen Kethoprak Sumenten Edan

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang menampilkan fragmen kethoprak Suminten Edan di TVRI Jawa Timur.

Showing posts with label Materi Kelas VIII. Show all posts
Showing posts with label Materi Kelas VIII. Show all posts

Monday, January 24, 2022

JINIS LAN STRUKTUR LAYANG (Jenis dan Struktur Surat) - Basa Jawa Kelas 8

LAYANG / SURAT

TEGESE LAYANG

Layang yaiku Alat utawa piranti kang duweni wujud tulisan sing ditulis ing dhuwur Kertas kanggo nyampekake uneg uneg utawa pesen kanggo wong liya lan lumrahe dikirim lewat kantor pos.


Perangane Layang
  • Perangane ( Strukture layang )
1. Papan lan Titi mangsa yaiku panggonan lan tanggal,sasi,tahun layang (kapan surat ditulis )
2. Satata Basa yaiku alamat kang dikirimi layang ( Alamat yg dituju )
3. Salam Pambuka yaiku uluk salame sing ngirim layang marang wong dikirimi layang
4. Adangiyah/ adawiyah yaiku tata kramamne wong sing ngirim surat marang wong sing dikirimi layang, lumrahe yaiku ngaturake sembah sungkem pangabekti.
5. Purwaka Basa yaiku mratelakake kabar keslametan sing ngirim layang lan sing dikirimi layang.
6. Surasa Basa yaiku isine layang
7. Wasana Basa yaiku ucapan njaluk pangapura lan uluk salam panutup.
8. Prepenah yaiku hubungane wong sing dikirimi karo wong sing ngirim contohe "anakmu,putramu,ibumu,"
9. Tapak asma yaiku Tanda tangan
10. Asma terang yaiku jeneng jangkepe wong sing ngirimi layang
  • Jenise Layang
Jenis layang ada 6 dalam bahasa jawa yaitu
1. Layang Iber-Iber
2. Layang Kitir
3. Layang Ulem
4. Layang lelayu
5. Layang Paturan
6. Layang Dhawuh

Layang Iber Iber
Layang iber iber yaiku layang pribadi kang isine bab utawa perkara kang pribadi .
Layang pribadi iku layang non formal, perangane layang pribadi yaiku kaya sing kasebut ing ndhuwur. dene tuladhane layang iber-iber yaiku,



Layang Kitir
Layang Kitir yaiku layang kang isine cekak aos, biasane ing B.indonesia diarani MEMO, Layang kitir duweni perangan bebas , contohe yaiku

Layang Ulem 
Layang Ulem yaiku Ulem kang ngaturake rawuh amarga arep nandang gwe, contohe "ulem nikahan,ulem sunatan" Layang ulem duweni perangan yaiku Titi mangsa, Adangiyah, Isi , Panutup, Prepenah, Asma terang lan Keterangan. Tuladhane layang ulem yaiku


 
Layang Lelayu 
Layang layang yaiku Layang sing ngabari wong kesusahan utawa kepaten (kematiann), duweni perangan : ,satata bahasa,Purwaka, Surasa Bahasa, Wasana Bahasa,Prepenah, tapak asma, Asma terang. Contohhe layang lelayu yaiku



Layang Paturan
Layang Paturan yaiku layang kang isine menehi kabar utawa ngabari sing kudu direteni wong akeh, contohe layang saka Pak lurah kanggo Pak RT kang isine wara-wara lomba Agustusan kang kuudu di wara-wara ake ing masyarakat, biasane duweni perangan bebas , tergantung sapa sing gawe. Tuladha layang paturan yaiku,



Layang Dhawuh
Layang Dhawuh yaiku layang saka dhuwuran(pangkate) marang andhahane contoh, Layang saka pak lurah kang isine rapat .kang duweni perangan Lengkap. Tuladha layang dhawuh yaiku,


Wednesday, April 28, 2021

Materi Tata Tulis Aksara Swara

Materi Tata Tulis Aksara Swara

Aksara Swara beda karo aksara murda. Aksara murda kanggo nulis pakurmatan yaiku nulis jeneng pawongan, nulis papan panggonan (desa, kutha, kantor), nulis gelar pakurmatan. Aksara swara dienggo nulis vokal (a,i,u,e,o) saka basa manca sing kudu dicethakake. Basa Jawa kadhangkala uga ngadhopsi basa manca/luar negri. tuladhane kaya basa arab lan basa inggris. Kanggo mbedakake basa serapan saka manca mula perlu ditulis nganggo aksara swara kang cacahe ana lima.

Cacahe aksara swara ana 5 yaiku :










Gunane aksara swara kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, kayata:














Aksara swara ora kena dadi pasangan. Manawa dumunung ing samburine wanda sigeg, aksara sesigeging wanda iku kudu dipangku. Tuladhane:










Aksara swara iku ora kena ditrapi sandhangan swara. Tuladhane:




Materi tata tulis Aksara Murda

 Aksara Murda lan Aksara Swara

Nulis ukara migunakake aksara Jawa kuwi pancen gampang-gampang angel, gampang yen wis ngerti tata cara lan pepeling-pepeling kang kudu digatekake, angel yen durung ngerti lan durung paham ngenani tata cara lan pepeling jrone nulis aksara jawa.

Dene pepeling kang kudu digatekake ing antarane:

  1. Saben nulis ukara kudu diwiwiti nganggo pada adeg-adeg (?) lan dipungkasi nganggo pada lingsa utawa lungsi (,utawa.). Pada lingsa (,) dienggo nalika mungkasi ukara kang mawa pangkon dene pada lungsi (.) dienggo nalika mungkasi ukara kang ora migunakake pangkon.Pada lingsa uga kanggo tandha koma.






Aksara Murda

Murda= sirah
Aksara Murda = aksara sirah, aksara sesirah

Aksara Murda iku satemene ora ana.Wondene kang lumrahe diarani aksara murda iku, utawa kang dianggep minangka aksara murda iku sejatine aksara Mahaprana, yaiku aksara kang pancene kudu diucapake kanthi abab akeh; kosok baline aksara alprapana, yaiku aksara kang diucapake lumrah (kanthi abab saithik). Cacahe aksara murda ana wolu, yaiku:











Aksara murda mung kanggo ing tata-prungu, tegese kanggo pakurmatan. Aksara murda ora kena dadi sesigeging wanda. Ing jaman biyen kang lumrah ditulis nganggo aksara murda yaiku asmane para luhur, jejuluke lan padununge, minangka pakurmatan. 

Tuladhane kayata:

Dewi Sinta putrine prabu Janaka ratu nagara Mantili.





Saiki jaman demokrasi, prayogane kabeh jenenge wong lan jenenge titah kang tata carane urip kaya manungsa, kayata raseksa, wanara, lan sapanunggalane kang kasebut ing carita padhalangan lan liya-liyane, katulis nganggo aksara murda. Cukup nganggo aksara murda siji wae, aksara kang ngarep dhewe. Yen aksara sing ngarep dhewe ora ana murdane, ya aksara mburine, yen mburine ora ana ya mburine maneh. Tuladhane:







A. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1. Pira cacahe aksara murda? Sebutna lan tulisen aksarane!
2. Apa gunane/fungsine aksara murda? Andharna panemumu!
3. Kepriye paugerane/aturane nulis aksara murda? Andharna panemumu!
4. Owahana tembung ing ngisor iki nganggo aksara Jawa lan Aksara Murda!
a. Kutha Ponorogo
b. Taman Bungkul
c. Dhinas Pendhidhikan 
d. Joko Sampurno
e. Prabu Siliwangi
5. Owahana ukara ing ngisor iki nganggo aksara Jawa lan Aksara Murda!
a. Presiden Susilo Bambang Yudhoyono tindak dhateng kutha Mojokerto.
b. Prabu Brawijaya ratu kang kondhang ing Majapahit.










Thursday, December 3, 2020

Materi Layang Resmi / Surat Resmi

Layang Resmi 

a. Pangertene Layang Resmi
layang kang isine bab kang magepokan karo pamarentah, dikirimake saka kantor – kantor pamarentah marang kantor – kantor liyane utawa marang wong kang nduweni kepentingan karo pamerentah utawa kantor. Kang kalebu layang resmi yaiku layang tugas, layang undangan, lan layang kerja.

b. Titikane Layang resmi : 
  1. Layang resmi ngunakake basa kang baku.
  2. Layang resmi ngunakake ukara kang sederhana lan sopan.
  3. Layang resmi nduweni sesirahe layang kang isine jeneng lan alamat kantor kang nulis layang mau.
  4. Layang resmi nduweni nomer, lampiran, uga perihal layang.
  5. Layang resmi ing perangan tapak asta ngunakake stempel saka kantor.

c. Basa kang dianggo nulis layang resmi 
Basa kang dianggo kanggo nulis layang resmi yaiku basa baku.

d. Perangane layang resmi : 
  1. Sesirahe / Kop layang, dumadi saka :Jeneng kantor kang ditulis aksara capital, Alamat kantor, Logo kantor
  2. Nomer layang, yaiku urutan layang kang dikirim
  3. Lampiran yaiku lembaran liya kang ana ing layang.
  4. Hal yaiku isine ngenani wigatine layang
  5. Titi mangsa yaiku wektu layang kasebut ditulis
  6. Adangiyah yaiku nyebutake marang sapa layang kasebut ditujukake. 
  7. Purwaka basa yaiku isine layang sadurunge wose layang.
  8. Surasa basa yaiku isine layang kang dadi wose layang
  9. Wasana basa yaiku pungkasane layang.
  10. Tapak asta lan asma penyerat yaiku nyethakake tapak asta lan asma panyerat kang dijangkepi stempel
e. Tuladhane layang resmi :

Organisasi Siswa Intra Sekolah ( OSIS ) 
SMAN 1 PACET 
Jl. Pandanarum, Pacet, Mojokerto JawaTimur kode Pos 6134 ___________________________________________________________________ 

Pati, 16 April 2014
No : 01 / PK/ IX/2010
Bab : Ulem

Kagem siswa SMAN 1 Pacet
Ing dalem

Salam taklim,
Panjenengan katuran rawuh wonten ing adicara pepisahan siswa kelas XII ingkang badhe kawontenaken :

Dinten : Sabtu, 5 Mei 2014
Papan  : Lapangan Basket SMAN 1 Pacet
Tabuh : 08.00
Wigatos : Adicara pepisahan siswa kelas IX

Saking kawigatosan Panjenengan kula aturaken gung ing panuwun.


                                                                                                                    Ketua Osis SMAN 1 Pacet


                                                                                                                    Nirmala Sari 
                                                                                                                    NIS. 134098

Wednesday, December 2, 2020

Materi Jinise Basa Rinengga


1. Tembung saroja (Padan kata)
Tembung saroja yaiku tembung loro utawa luwih sing padha utawa meh padha tegese dianggo bebarengan kanggo mbangetake surasane. 

Tuladhane: 
  • Bapake Narko kae dedeg piadege gagah pideksa
  • Es sing dideleh ing baskom kae wis campur adhuk karo es batune
  • Adat istiadat kudu diugemi amarga perangan saka kabudayan sing adi luhung
2. Tembung entar /tembung silihan (kata kiasan) 
Tembung entar yaiku tembung sing tegese ora sawantahe/ora salugune. 

Tuladhane: 
  • Bocah kok dawa tangane
  • Rike yen diomongi wong tuwane kok kandel kupinge
  • Dewi kae luman, seneng tetulung pancen bocah bening atine
Katrangan: 
Tetembungan dawa tangane, kandel kupinge, bening atine ing ukara ndhuwur kalebu tembung entar, amarga tegese ora salugune. 


Basa rinengga saka gabungan basa lan rinengga. Basa kabeh manungsa mnagerteni tegese lan fungsine. Dene rinengga tegese yaiku dipacaki. Rinengga fungsine kanggo basa kuwi supaya endah, lan ngresepake. Basa rinengga ngemu kaendahan.Kaendahane basa. Jinise basa rinengga sing diwulangake ing bab iki yaiku wangsalan, paribasan, bebasan, saloka, lan candra 

1. Wangsalan 
Wangsalan yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean, kayadene cangkriman utawa tebakan. Tembung wangsalan nunggal teges karo tembung wangsulan. Ing sajrone wangsalan ngemu unen-unen kang mbutuhake wangsulan minangka batangane.

Tuladha: 
  • Njanur gunung, kadingaren dolan mrene. (Janur gunung: aren)
  • Nyaron bumbung, nganti cengklungen anggonku ngenteni. (saron bumbung: angklung)
  • Jangan gori, nganti judge anggonku mikir. (jangan gori: gudheg)

2. Paribasan 
Paribasan , yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartamtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikane tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. 

Tuladha: 
  • Arep jamure emoh watange : gelem kepenake ora gelem rekasane
  • Ana catur mungkur : Ana rembugan wigati malah ngalih 
  • Baladewa ilang gapite: ilang kakuwatane utawa kaluhurane.
3. Bebasan 
Bebasan, yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, ngemu surasa pepindhan, kang dipindhakake kahanan utawa sesipate wong. Nanging wong iku katut sajrone pepindhan. 

Tuladha:
  • Njagakake endhoge si blorok : njagakake barang kang durung mesthi anal an orane
  • Mburu uceng kelangan dheleg : mburu barang sepele malah kelangan barang kang luwih gedhe
  • Kabanjiran segara madu : nemu kabegjan kang gedhe banget

4. Saloka
Saloka yaiku duwe teges magepokan karo sing disemoni, disanepane utawa dipindhakake. 

Tuladha: 
  • Kutuk marani sunduk : Njarag marani bebaya
  • Kebo nusu gudel: wong tuwa njaluk wurug wong enom
  • Klenthing wadhah masin : angel ninggalake pakulinan tumindak ala

Candrane manungsa

Nyandra tegese nggambar utawa amarna kaendahan kanthi sarana pepindhan. Dadi sing luwih digatekake yaiku gegambaran kaendahan utawa kahanan. Nyandra ora mesthi nganggo basa kang dakik-dakik nanging bisa nganggo basa kang lumrah. 

Tuladha: 
  • Lembehane mblarak sempal
  • Jogede merak kesimpir
  • Mlakune kaya macan luwe
Nanging ana sing nganggo basa rinengga. 

Tuladha: 
  • Idepe tumenga ing tawang
  • Rikmane memak ngandhan-andhan
  • Polatane ruruh jatmika 

Candrane mangsa

Tuladha: 
  • Sotya sinarawedi. Mangsa kasewelas, akeh manuk padha ngloloh
  • Rasa mulya kasucian. Mangsa kaenem, akeh who-wohan kang enak mirasa.
  • Suta manut ing bapa. Mangsa katelu, uwi, gembili, gadhung wiwit padha mrambat

Materi Layang Pribadi / Surat Pribadi

A. Layang Pribadi 

a. Pengertene Layang Pribadi 
Layang pribadi yaiku layang kang isine ngenani kepentingan kang sipate pribadi utawa kaluwarga lan ditulis saka pawongan siji kanggo wong liya. 

b. Titikane layang pribadi : 
a. Ora nganggo sesirahe / Kop layang 
b. Ora nganggo nomere layang 
c. Ngunakake basa kang ora baku 

c. Basa kang dianggo ing layang pribadi
Basa kang dianggo sajrone nulis layang pribadi yaiku ora baku. Nanging basa sajrone nulis layang pribadi uga digatekake miturut marang sapa layang kasebut ditujokake. Yen layang pribadi mau katujokake marang wong tuwa mula basa kang dianggo yaiku krama. Yen layang pribadi mau katujokake marang kanca basa kang dianggo yaiku basa ngoko. 

d. Perangane layang pribadi : 
  1. Titi mangsa yaiku nyethakake wektu lan papan panulise layang 
  2. Satata basa yaiku nyebutake marang sapa (alamat) layang ditujokake
  3. Adangiyah yaiku tembung pamuji rahayu, saemper kaya uluk salam. Tuladha : Simbah winatu ing suka basuki, Winantu ing bagya mulya, Sembah sungkem kula katur.. Lsp.
  4. Salam pambuka yaiku isine nyebutahake salam
  5. Purwaka basa yaiku sadurunge isine layang lumrahe isi atur pambagya wilujeng, pengarep-arep muga sing dikirimi layang uga tansah slamet.
  6. Surasa basa yaiku isi layang kang dadi wigatine layang utawa kekarepane layang.
  7. Wasana basa yaiku pungkasane layang. 
  8. Paprenahan yaiku nyethakake kang ngirim layang lan sing dikirimi layang.
  9. Tapak asman yaiku tandha tangane wong kang ngirim layang.
  10. Asma terang  yaiku kang nyethakake jenenge sing ngirim layang.

e. Carane nulis layang pribadi : 
  1. Aturan kang ana sajrone layang pribadi ora resmi, yaiku ora nggawe sesirahe layang.
  2. Basa kang dianggo sajrone nulis layang pribadi yaiku basa ora baku.
  3. Ngatekake struktur panulisan layang pribadi

Tuladha Layang Pribadi


Surabaya, 1 Desember Agustus 2016 

Kagem Bapak Ibu 
Ing dalem Mojokerto 


Sembah pangabekti,
Kadospundi kahananipun Bapak lan Ibu? Mugi – mugi Gusti tansah maringi kanugrahan lan kasehatan dhumateng Bapak lan Ibu. Alhamdulillah kula wonten Sidoarjo tansah wilujeng. 

Bapak lan Ibu ingkang kula bekteni, kenanthenan layang menika kula badhe matur bilih kula dereng saged wangsul wonten Mojokerto, awit ing sasi menika kula taksih nglampahi ujian. Mila saking menika kula nyuwun pangestu Bapak lan Ibu supados anggenkula nglampahi ujian saged lancar. Bapak lan Ibu, menawi benjing kula sampun bibar nglampahi ujian, kula badhe wangsul dhateng Mojokerto. Mila, kula ugi nyuwun pangapunten jalaran dereng saged wangsul. 

Mbok bilih mekaten ingkang saged kula aturaken, menawi wonten lepat kula nyuwun pangapunten. 


Putra kang tansah tuhu ngabekti, 

Rosyidah

Tuesday, October 20, 2020

MATERI KAIDAH PENYUSUNAN PEDOMAN (DAFTAR PERTANYAAN) WAWANCARA BAHASA JAWA

 

A. KAIDAH / LELANDHESAN WAWANCARA

Para siswa kelas VIII kang kinansih,,

Sajrone postingan blog iki bakal, sampeyan kabeh bakal sinau ngenani kaidah utawa lelandhesan wawancara.

Nalika arep nindkake kagiyatan wawancara ana bab-bab sing perelu digatekake, kanthi umum kagiyatan wawancara kudu ana :

1. Nyamaptakake Wawancara

2. Nindakake Wawancara

3. Nglaporake Wawancara

Perangan sing sepisan yaiku nyamaptakake waancara, utawa ing basa indonesia arane "menyiapkan / persiapan wawancara"

Sajrone nyamaptakake wawancara, ana kagiyatan nyusun dhaftar pitakon kanggo wawancara. Dhaftar pitakon iki pentig banget amarga minangka pedhoman nalika nindakake wawancara.

Dhaftar pitakon kang disusun kudu adhehdasar kaidah utawa lelandhesan.

Kanggo nyinaoni ngenani nyusun dhaftar pitakon wawancara ayo padha diwaca materi ing ingisor iki :


MATERI ING NDHUWUR NGANDHARAKE BABA-BAB APA WAE SING KUDU DIGATEKAKE NALIKA AREP NINDAKAKE WAWANCARA, KALEBU NYUSUN DHAFTAR PITAKON WAWANCARA ADHEDHASAR KAIDAH UATAWA LELANDHESAN 5W + 1H


Para siswa Kang kinansih, saliyane sampeyan maca materi, supaya luwih ceyha lan jelas nengani materi kasebut ayo padha ditonton lan dijingglengi video pasinaon ing ngisor iki :


B. TATA URUTAN DHAFTAR PITAKONAN WAWANCARA

Nalika nyusun dhaftar pitakonan wawancara nggunakake kaidah 5W + 1 H kudu urut manut strukture wawancara. Strukture wawancara yaku Idhentifkasi, Klasifikasi lan Dheskripsi Bagean.

1. UMUM ( IDHENTIFIKASI)
    a. Apa ( Punapa. Menapa) = apa
    b. Sapa ( Sinten) = siapa
    c. Kapan ( Kala punapa / Kapan) = kapan
    d. Ing Endi ( Wonten pundi) = di mana

2. LUWIH RINCI ( KLASFKASI, DHESKRIPSI BAGEAN)
    a. Apa ( Punapa, Menapa) = apa
    b. Geneya ( Kengng punapa) = mengapa
    c. Kepriye ( Kadospundi) = bagaimana

Dhaftar pitakon wawancara kudu urut wiwit bab sing umum marang bab sing luwih rinci.

C. BASA SAJRONE NINDAKAKE WAWANCARA


Nalika nindakake wawancara kudu duweni unggah-ungguh lan tata krama. khususe undha usuk basa Jawa. Pewawancara becike nggunakake basa krama inggil marang narasumber kanggo ngajeni utawa menghormati nara susmber. Mula saka kuwi nalika nggawe dhaftar pitakon wawancara kudu nggunakake basa jawa krama inggil
Kanggo ngerteni bab unggahungguh basa Jawa bisa diwaca ing LINK ngisor iki :



TIPS : APLIKASI KAMUS ONLINE BASA JAWA / TRANSLATOR JAWA

Kanggo nggampangake ngowahi basa Indonesia / Jawa ngoko ing basa krama sampeyan bisa nggunkakae kamus onlien basa Jawa utawa translator jawa kanthi KLIK LINK ing ngisor iki banjur tulisen ukara sing arep kokowahi dadi basa krama inggil :



Gladhen :
Owahana ukara pitakon ing ngisor iki dadi basa Jawa krama alus / inggil!

  • Apa sing diarani Narkoba?
  • Saka ngendi asale Narkoba?
  • Wiwit kapan Narkoba nyebar ing Indonesia?
  • Apa bebayane narkoba kanggo kesehatan?
  • Sapa sing paling akeh nyalahgunakake narkoba?
  • Geneya kita kudu ngadohi Narkoba?
  • Kepriye carane nambani wong sing kecanduan Narkoba?
  • Ing ngendi para pecandu narkoba ditambani?
  • Kepriye carane supaya para mudha ora kena bebaya Narkoba?



Muga-muga cara ing ndhuwur bisa nggampangake sampeyan kabeh nggawe pitakon wawancara basa Jawa nggunakake basa krama inggil.


Para siswa kang Kinasih, ing ndhuwur minangka video pasinaon Basa Jawa kang ngrebung ngenani wawancara, mligine yaiku lelandhesane wawancara.

Sawise sampeyan sinau ngenani materi ing ndhuwur saiki coba digarap gladhen klompok ing ngisor iki :


1. Gawea kelompok sinau, sakelompok dumadi saka 4-5 anggota.

2. Gawea cengkorongan / pedhoman wawancara (Topik, Pewawancara, Narasumber, Waktu lan Panggonan Wawancara)!

3. Gawea ukara pitakon kanggo wawancara kanthi tema sing kok pilih  nggunakake basa krama inggil
(Ukara pitakon kudu adhedhasar lelandhesan) 

a. Menapa/Punapa – objek (What) 
b. Kapan  – wektu (When) 
c. Wonten pundi / Saking Pundi – Panggonan (Where) 
d. Sinten – Wong (Who) 
e. Kenging punapa – Alasan (Why) 
f. Kadopundi- Cara (How) 

4. Nalika nggawe dhaftar pitakon kudu urut manut strukture!

5. Asil garapan kelompokmu banjur presentasekake sangarepe kanca-kancamu kanthi sopan santun!


SUGENG MAKARYA....!!!

SEMANGAT...

AJA LALI NULIS KOMENTAR (NAMA, NO ABSEN LAN KELAS) ING KOLOM KOMENTAR NGISOR IKI!


Friday, October 9, 2020

MATERI BAHAN AJAR BASA JAWA "UNSUR BASA TEKS WAWANCARA" Pertemuan 2 + VIDEO PEMBELAJARAN

Para siswa kelas 8 kang kinasih, ana ing postingan iki bakal diandharake ngenani materi WAWANCARA Pertemuan kapindho yaiku ngrembug ngenani UNSUR BASA TEKS WAWANCARA (Ukara Tanduk, Ukara Tanggap, Ukara Pitakon lan Unnggah-ungguh Basa Jawa).

Materi bahan ajar bisa diwaca lan disinaoni ana ngsor iki!



Media Video Pasinaon :



Media Powerpoint :



Thursday, October 1, 2020

MATERI BAHAN AJAR BASA JAWA "WAWANCARA Pertemuan 1" + VIDEO PEMBELAJARAN


TEGESE WAWANCARA 
Wawancara yaiku kegiatan dhialog utawa cecaturan antarane pewawancara utawa wong sing golek informasi lan narasumber. Pewawancara yaiku pawongan sing golek informasi, dene narasumber yaiku wong sing dadi sumbere pitakonan. Narasumber kudu wong sing ngerti sakabehe informasi sing dibutuhake. 

TUJUAN WAWANCARA

Tujuane wawancara yaiku golek warta, informasi, katrangan ngenani sawenehe bab kanggo kaperluan tartamtu. Tuladha, wartawan kang lagi golek warta, murid-murid kang oleh tugas nindakake panliten, lan sapanunggalane. Teks wawancara yaiku teks sing nggambarake pacelathon utawa dhialog antarane pewawancara karo narasumber.

STRUKTUR WAWANCARA

Struktur dhewe tegese yaiku susunan utawa urutan sing kudu ditulis utawa ditindkake kathiruntut ora bisa diwolak-walik. Semono uga sajrone nindakake kagiyatan wawancara ana struktur kang kudu digatekake. Dene struktur wawancara kaperang dadi telu yaiku :
a. Idhentifikasi 
b. Klasifikasi/dhefinisi
c. Dheskripsi Bagean

Kanggo menehi gambaran kang luwih cetha bisa dideleng ing bagan utawa dhiagram ing ngisor iki :

bagan struktur wawancara
Pepeling:

Struktur teks wawancara kedadean saka: 

1. Idhentifikasi Yaiku perangan utawa bagean teks sing nerangake titikan (ciri), barang, tandha lan sapanunggalane.

2. Klasifikasi/dhefinisi Yaiku perangan teks kang mantha-mantha utawa milah manut jinise utawa klompoke

3. Dheskripsi bagean Yaiku perangan teks sing nerangake gegambaran sing luwih rinci lan cetha.


Supaya luwih gamblang ngenani andharan materi teges, tujuwan lan Strukture teks Wawancara bisa diwaca bahan ajar ing ngisor iki :




Ana ing ndhuwur muudake Bahan Ajar Ngenani Materi Wawancara. Bisa dingerteni yen nalika nindakake wawancara uga ana susunane lan urut-urutane. Saliyane kuwi uga kudu nggatekake unggah-ungguh basa lan tata krama sing becik.

Supaya luwih paham ngenani materi sesorah, ayo padha disemak video pasinaon ngenani struktur wawancara ing ngiosr iki :




Ing ngisor iki uga diwenehi materi kang waujud power pount sing bisa kanggo sinau. Power point bisa didelelng lan didownload ing ngisor iki :




Cukup semene materi wawancara ing pepanggihan sepisan iki, besuk bakal diterusake materii wawancara sing kapindho yaiku ngenai Unsur Kebahasaan lan nyususn pitakonan kanggo wawancara.

SEMANGATTT SIANU BASA JAWA..

Sunday, September 20, 2020

SINAU TOKOH WAYANG RAMAYANA MAHABARATA

Sinau Wayang

Masyarakat Jawa duweni kesenian sing ngrembaka wiwit jaman biyen nganti saiki yaiku Wayang. Wayang dhewe kuwi tegese "bayangan" tegese wewayangen utawa gambarane cerita manungsa kang dipindhanake ing carita wayang. Carita wayang purwa sing ngrembaka ing Jawa ana loro yaiku Cerita Wayang Ramayana lan Cerita Wayang Mahabarata.

Cerita wayang Ramayana luwih tuwa tinimbang Mahabarata, wose utawa intine cerita wayang ramayana yaiku nyritakake katresnane Prabu Ramawijaya karo garwane Dewi Shinta. Tokoh wayang sajrone cerita Ramayana beda karo cerita ing Mahabarata. Kanggo luwih ngerteni tokoh wayang lan watake ing cerita Ramayana bisa disemak ing video ngisor iki :

Video Animasi Tokoh Wayang Mahabarata

Dene ing ngisor iki mujudake andharan tokoh wayang ing crita Ramayana :







Monday, September 7, 2020

VIDEO PASINAON BASA RINENGGA + GLADHEN SOAL

Ana ing postingan iki bakal diwenehi materi arupa video pasinaon Basa Rinengga. Para siswa jaman milenial saiki luwih seneng yen diutus ndeleng video tinimbang maca. Mula kanggo mahami materi Basa Rinengga coba saiki siyapna buku cathetanmu, banjur delengen video pasinaon ing ngisor iki :


Sawise ndeleng video pasinaon kang ngandharake basa Rinanengga mligine Paribasan, Bebasan lan Saloka.
Saiki wangsulana pitakon ing ngisor iki :

1." Ana Catur mungkur" . Basa rinengga kasebut kalebu jenis apa? Wenehana pendapat/panemumu! Banjur golekana tegese lan gawea ukara nggunakake basa rinennga kasebut!

2. "Kriwikan dadi grojogan" Basa rinengga kasebut kalebu jenis apa? Wenehana pendapat/panemumu! Banjur golekana tegese lan gawea ukara nggunakake basa rinennga kasebut!

3. "Kacang ora ninggal lanjaran" Basa rinengga kasebut kalebu jenis apa? Wenehana pendapat/panemumu! Banjur golekana tegese lan gawea ukara nggunakake basa rinennga kasebut!

4. "Kutuk marani sunduk". Basa rinengga kasebut kalebu jenis apa? Wenehana pendapat/panemumu! Banjur golekana tegese lan gawea ukara nggunakake basa rinennga kasebut!

5. "Jer basuki mawa beya". Basa rinengga kasebut kalebu jenis apa? Wenehana pendapat/panemumu! Banjur golekana tegese lan gawea ukara nggunakake basa rinennga kasebut!

6. "Nabok nyilih tangan". Basa rinengga kasebut kalebu jenis apa? Wenehana pendapat/panemumu! Banjur golekana tegese lan gawea ukara nggunakake basa rinennga kasebut!

7. "Kaya banyu karo lenga". Basa rinengga kasebut kalebu jenis apa? Wenehana pendapat/panemumu! Banjur golekana tegese lan gawea ukara nggunakake basa rinennga kasebut!


Garapen soal ing ndhuwur ing buku tugas, banjur kumpulake marang gurumu!


AJA LALI NULIS KOMENTAR ING KOLOM KOMENTAR YA...

KANGGO LAPORAN YEN WIS SINAU ING KENE.

FORMAT KOMENTAR : NAMA LENGKAP, KELAS, LAN JENENG SEKOLAHAN

Sunday, August 23, 2020

Paribasan, Bebasan lan Saloka

Basa Rinengga, Paribasan, Bebasan, Saloka


Ana ing postingan iki bakal diandharake ngenani tegese paribasan, bebasan lan saloka. Katelune kuwi saemper, mirip nanging ora padha. Mula kudu ati-ati supaya ora kliru antarane paribasan, bebasan lan saloka.
Gatekake andharan ing ngisor iki,

1. PARIBASAN

Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges wantah dudu entar.

Tuladha : 
a. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara

b. Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake


2. BEBASAN
 
Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong/barang. Wonge uga katut ing sajrone pepindhan nanging kang luwih ditengenake kaanane/sipat  utawa tindak-tanduke.

Tuladha :
- Kocak tandha lukak
tegese : wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe.

- Sedhakep ngawe-awe
tegese : wis mareni marang tumindak ala nanging ing bathin isih kepingin nindakake maneh.

- Ngubak-ngubak banyu bening
tegese : gawe kerusuhan ing papan kang tentrem.


3. SALOKA

Saloka, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipindhakake wonge. Wonge dipindhanake/diibaratne kewan utawa tetuwuhan.

Tuladha :
1. Gajah ngidak rapah
tegese : wong kang nglanggar wewalere dhewe

2. Sumur lumaku tinimba 
tegese : wong kang kumudu-kudu dijaluki warah

3. Lahan karoban manis
tegese : wong bagus/ayu rupane tur becik bebudhene

4. Kebo nusu gudel
tegese : wong tuwa sing njaluk wuruk marang wong enom

Kanggo luwih jelase, delengen lan setitekna video ing ngisor iki :

Kuwi mau video panggih manten kang ing njerone akeh basa rinengga khususe paribasan bebasan lan saloka. 
Muga andharan materi ing ndhuwur migunani kanggo sampeyan kabeh..

Gladhen:
A. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!

1. Apa sing diarani basa rinengga?
2. Sebutna jinis-jinise basa rinengga!
3. Apa kang diarani paribasan? 
4. Apa kang diarani bebasan?
5. Apa kang diarani saloka?
6. Apa kang mbedakake Paribasan, Bebasan lan Saloka?
7. Wenehana tuladha Paribasan, cacahe 4 lan andharna tegese!
8. Wenehana tuladha Bebasan, cacahe 4 lan andharna tegese!
9. Wenehanatuladha Saloka, cacahe 4 lan andharna tegese!
10. Wenehana panemumu/kesimpulan sawise nyinaoni bab basa Rinenegga nganggo basamu dhewe!

Tembung Saroja lan Tembung Entar

Basa Rinengga, Tembung Saroja, Tembung Entar


Sajrone postingan iki bakal diandharake ngenani jinise basa rinengga yaiku tembung saroja lan tembung entar. 

1. Tembung saroja (Padan kata) 

Tembung saroja yaiku tembung loro utawa luwih sing padha utawa meh padha tegese dianggo bebarengan kanggo mbangetake surasane. 

Tuladhane:

· Bapake Narko kae dedeg piadege gagah pideksa.
* tembung gagah pideksa dumadi saka 2 tembung yaiku gagah  lan pideksa. Gagah tegese gagah, dene pideksa tegese ya gagah yen digabung gagah pideksa tegese gagah banget.

· Es sing dideleh ing baskom kae wis campur adhuk karo es batune .
* tembung campur adhuk dumadi saka 2 tembung yaiku campur sing tegese campur, lan adhuk sing tegese uga campur. Yen digabung campur adhuk duweni teges campur-campur sing wis ora kena dipisahake.

· Adat istiadat kudu diugemi amarga perangan saka kabudayan sing adi luhung.
* tembung adi luhung dumadi saka 2 tembung yaiku adi sing tegese apik, lan luhung sing tegese uga apik. Dadi yen digabung adi luhung duweni teges apik banget.

· Desa Jarorejo kuwi wargane padha ayem tentrem.
*tembung ayem tentrem dumadi saka 2 tembung yaiku ayem sing tegese ayem, lan tembung tentrem sing tegese uga ayeem. Dadi yen digabung ayem tentrem duweni teges ayem banget.

· Kuburan kulon kae yen bengi katon peteng dhedhet.
* tembung peteng dhedhet dumadi saka 2 tembung yaiku peteng sing tegese peteng, lan dhedhet sing tegese uga peteng. Dadi yen digabung peteng dhedhet duweni teges peteng banget.


2. Tembung entar /tembung silihan (kata kiasan) 

Tembung entar yaiku tembung sing tegese ora sawantahe/ora salugune. Anggone negesi ora bisa ditegesi apa anane nanging kudu ditegesi nganggo makna kiasan.

Tuladhane: 

· Bocah kok dawa tangane.
* dawa tangane ora ateges tangane sing dawa nanging duweni teges seneng njupuk barange liyan (nyolong).

· Rike yen diomongi wong tuwane kok kandel kupinge.
* kandel kupinge ora ateges kupinge bocah kuwi kandel limang senti, nanging kandel kupinge duweni teges ndableg/ora bisa dikandhani.

· Dewi kae luman, seneng tetulung pancen bocah bening atine.
*bening atine ora ateges atine bening kaya banyu, nanging bening atine duweni teges atine apik.

Katrangan: 
Tetembungan dawa tangane, kandel kupinge, bening atine ing ukara ndhuwur kalebu tembung entar, amarga tegese ora salugune. Basa rinengga saka gabungan basa lan rinengga. Basa kabeh manungsa mnagerteni tegese lan fungsine. Dene rinengga tegese yaiku dipacaki. Rinengga fungsine kanggo basa kuwi supaya endah, lan ngresepake.

Materi Teges, Tujuan lan Jinise Basa Rinengga

Sinau Basa Rinengga

Para pamaos kang kinurmatan, sajrone postingan iki bakal diandharake ngenani teges, tujuwan lan jinise basa rinengga.

A. Tegese Basa Rinengga

Basa Rinenga yaiku basa sing dirangkai kanthi cara tembunge digabung karo tembung liya saengga dadi basa sing endah lan nresepake ati. Basa Rinega biasane digawe ana ing acara pedhalangan, pranata cara (sambutan temanten, pengetan taun anyar lsp). Utawa basa rinengga yaiku karangan kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah. Endahing karangan kasawung sarana isi kang narik kawigaten lan nyenengake, sarta basa kang edi peni. Edi penining basa warna-warna, lan katon manawa diucapake. Racikaning basa kang edi peni karana rinengga-rengga lan warna-warna rerengganing basa. Kajaba marga endahing basa, karangan katon endah marga becik pangrakite, laras pangrumpakane. Iku katon ing prakara runtut lan mathis panataning tembung lan ukarane. Endahing karangan marga cocog pamilihing tembung. Upamane, bab anggone migunakake tembung camboran , dasanamaning tembung. Luwih-luwih bab pamilihing tembung lan kridhaning swara ing sajroning ukara. Kadhang kala endahing karangan utawa rumpakan karana mathis pamilihing busananing basa. Upamane, bab pangraciking swara lan pangrakiting tembung. Ing istilah Jawa ana kang ingaran purwakanthi. Istilah purwakanthi cupet banget pangertene, yaiku padha karo kang sinebut ing istilah Indonesia sajak utawa rima.

B. Tujuan Basa Rinengga

Kang dadi ancas (tujuan) digunakake basa rinengga yaiku kanggo nambahi kaendahaning ukara(pepaes).

C. Jinis-jinise Basa Rinengga

1. Tembung Saroja
2. Tembung Entar
3. Wangsalan
4. Purwakanthi
5. Cangkriman
6. Pepindhan
7. Paribasan
8. Bebasan
9. Saloka
10. Yogyaswara
11. Parikan
12. Sanepa
13. Isbat
14. Panyandra
 Lan sapanuanggalane.....

Sajrone basa lan sastra Jawa isih akeh basa kang endah liyane sing kalebu basa rinengga.
Cukup semene dhisik materi basa rinengga, dene teges lan tuladha saben jinise basa rinengga bakal dirembug ing postingan liyane.

Friday, August 21, 2020

Contoh Teks Geguritan Jawa

puisi-jawa-geguritan

Para pamaos kang kinurmatan, ing postingan iki bakal diandharake ngenai tuladhane geguritan lan analisis miturut isisne geguritan kasebut.

DONYA WIS LUNGSE
Dening : Rini T Puspohardini

Muyeg saemba pasar
Ala becik mapan digelar

Monday, August 17, 2020

Teks Beraksara Jawa - Materi Aksara Jawa

Blog Wasis Basa Jawa kali ini akan membagikan teks aksara Jawa untuk latihan membaca aksara Jawa. Silahkan teks di bawah ini dibaca lalu disalin menjadi aksara latin dibuku tulis.


Membaca aksara lebih sulit dibanding dengan menulis, karena dalam penulisan aksara jawa tidak ada jarak atau spasi antara kata satu dengan kata yang lain sehingga perlu ketelitian dan konsentrasi. Didalam teks aksara Jawa di bawah ini terdapa tkombinasi antara Aksara Jawa Legena, Sandangan, Pasangan, Aksara Murda, Aksara Rekan dan Angka Jawa.

Untuk pedoman penulisan aksara Jawa bisa dilihat pada buku-buku yang membahasa tentang aksara Jawa. 

Semoga Berbmanfaat!

Selamat mencoba!

Sunday, August 16, 2020

Materi Geguritan (Puisi Jawa)


Pada postingan kali ini saya akan membagikan materi bahasa Jawa yaitu Geguritan. Sebagai orang Jawa kita jangan sampai melupakan bahasa, sastra dan budaya Jawa salah satunya yaitu karya sastra Jawa moderen berupa Puisi yang sering di sebut geguritan

Materi disajikan berbahasa Jawa untuk mengasah pemahaman dan pengetahuan tentang Bahasa Jawa. Untuk lebih jelasnya silahkan dipelajari materi berikut ini. 
Selamat Beajar..!!

PUISI JAWA


Puisi Jawa  kaperang dadi loro yaiku : 

1. Puisi Jawa Tradisional, sing umume arupa tembang. 
Puisi iki ditembangake miturut lagu-lagu khusus, nganggo piranti gamelan utawa tanpa gamelan. Puisi Jawa Tradisional ora bisa dipisahake kalawan tembang. 
Puisi tradhisional kang awujud tembang jawa akeh banget jinisi lan kaperang dadi telung perangan gedhe : 
a).  Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik)
Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula
b). Puisi tembang tengahan 
Sing kalebu ana tembang tengahan yaiku : Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung. 

c).  Puisi tembang gedhe (kawi) 
Sing kalebu tembang gedhe yaiku Girisa 

2. Puisi Jawa Modern diarani geguritan. 
Gandheng geguritan kuwi kalebu puisi jawa sing isih anyar (antarane tahun 1926) jinising puisi iki durung bisa katampa bebrayan ana ing masyarakat, rikala semono. Luwih-luwih golongan kasepuhan. Mula saka kuwi geguritan iki nalika semana ora dilebokake ana sajroning pasinaonan sastra Jawa ing sekolah. 

Geguritan kaping pisanan ana ing kalawarti lan ariwarti Kejawen (pisanan thukul tahun 1926 ing Jakarta), Panjebar Semangat (thukul pisanan September 1933 ing Surabaya), Jaya Baya (September 1945 ing Kediri), Panji Pustaka (1923 ing Jakarta, lan wiwit tahun 1943 nduweni lembaran khusus basa Jawa), Api Merdeka (1945 ing Yogyakarta) lan sapanunggalane. 

Paraperintis geguritan iki padha berjuang amrih geguritan iki diakoni lan bisa mlebu ana pasinaonan kasusastran Jawa. Asile, Subagiyo Ilham Notodijoyo nyoba ngumpulake geguritan sing sumebar ana kalawarti lan ariwarti dadi buku kang judhule Rerumpakan(nyanyian). Ananging, naskah iki ana sajroning revolusi ilang. Semana uga kumpulan geguritane dhewe kang mawa irah-irahan Geguritan uga ilang. 

Para perintis geguritan liyane, yaiku :R. Intoyo, Nirmala, Niniek I. N, Khairul Anam, Joko Mulyadi, R. Sumanto Ampel, Purwadhi, lsp. 
Saliyane geguritan ana puisi jawa liyane kang arupa parikan lan singir. Parikan kuwi puisi jawa kang memper lan duwe ciri-ciri kaya pantun. Dene singir utawa syair (bahasa Indonesia) ya nduweni ciri-ciri padha karo syair ana sajroning kasusastraan Indonesia. 

Mula bukane ananing geguritan iki dianggo nyindir / nyemoni kahanan urip bebrayan ana sajroning masyarakat. Saliya kuwi uga ndhuweni unsur ndidik / mulang wuruk bab-bab tertemtu. Ananging suwene-suwe geguritan iki nduweni teges puisi bebas. Bebas saka iketaning tembang lan bebas nyritakake apa wae. 

Unsur-Unsur Batin Geguritan 

Unsur-unsur kang kinandhut ana sajroning geguritan diarani unsur batin. Ing ngisor iki bab-bab kang kalebu unsur batin geguritan. 

- Tema, tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi dumadi. Utawa gagasan pokok kang dikarepake panulis/penyair. 
Tuladha tema: sosial, moral, politik, agama, individu, lan sapiturute. 

- Rasa-Pangrasa 
Tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake rasa-pangrasa. Rasa-pangrasa kuwi nduwe sipat rowa lan kompleks. Sing kalebu rasa-pangrasa kayadene: simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun, lan sapiturute. 

- Nada/lagu 
Tegese patrap (sikap) sing digunakake ana sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa patrap liyane. 

- Suasana 
Tegese kahanane batin/jiwa pamaos sawise maca geguritan. Dadi, geguritan nduweni tujuan kanggo mbangun suasana batin pamaos geguritan. 

- Amanat kang dumunung ana geguritan 
Tegese bab kang pengen diwedharake penyair/panulis marang pamaos. Amanat kuwi ora tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi ana pangrakiting tembung-tembung. 

Struktur Lahir Geguritan 

Kang sinebut struktur lahir geguritan kuwi kahanan bab apa wae kang bisa dideleng utawa digoleki ana ing tembung-tembung kang rinakit ana sajroning geguritan. Ing ngisor iki bab-bab kang kalebu struktur lahir geguritan. 

- Pinilihing tembung 
Pinilihing tembung uga diarani diksi. Tembung-tembung kang ana sajroning geguritan biasane nduweni teges konotatif, asipat polisemi, lan nduweni teges rowa (abstrak). Pinilihing tembung kang trep bisa ngasilake imajinasi kang manjila. 

- Majas 
Majas utawa gaya bahasa dening Prof. Teguh (dosen UNES) diarani lelewaning basa. Majas utawa lelewaning basa iiki kanggo nambahi grengsenge geguritan. 

- Rima 
Rima utawa sajak utawa persamaan bunyi kanggo nyiptakake kaendahan lan kekuatan sawijining geguritan. 

- Tipografi 
tipografi kuwi larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait. Bab kuwi kang mbedakake antaraning geguritan lan gancaran.

Sunday, July 26, 2020

Modul dan Media Pembelajaran CERKAK (PPt)

Untuk para siswa kelas VIII yang hebat,
Tetap semangat belajar ya, belajar tidak terbatas ruang dan waktu. Belajar bisa dimana saja dan kapan saja.
Untuk menambah wawasan dan ilmu tenatang materi CERKAK bahasa Jawa silahkan didownload dan dipelajari modul dan materi "Crita Cekak (CERKAK)" di bawah ini untuk media belajar daring kalian dari rumah.

Sunday, July 12, 2020

Materi Cerkak (Cerita Cekak)

Cerita cekak bahasa jawa

Para siswa kelas VIII kang kinasih, ing ngisor iki bakal kaandharake materi pasinaon ngenani cerkak utawa cerita cekak basa Jawa. Para siswa wajib maca lan nyinaoni materi ing ngisor iki supaya paham lan bisa nggarap gladhen utawa soal ing pungkasane materi.

Wednesday, July 8, 2020

Video Pembelajaran Cerkak

Video Pembelajaran Cerkak
Cerkak
Untuk para siswa kelas VIII silahkan menyaksikan video pembelajaran bahasa Jawa dengan materi Cerita Cekak yang telah disusun oleh tim guru bahasa Jawa kota Surabaya.
Video ini dibuat untuk media pembelajaran siswa kelas VIII semester ganjil dengan harapan para siswa mampu maemahami materi pembelajaran dengan baik.