Thursday, March 11, 2021

Materi Teges lan Titikane Drama Modern Jawa (Bedane karo Drama Tradhisional)

Para siswa kang kinasih, sawise sampeyan nyinaoni bab drama tradhisional ing semester ganjil, ing semester ganep sampeyan bakal sinau ngenani drama modern.

Drama ing basa Jawa uga diarani Sandhiwara, yaiku saka tembung sandhi kang tegese nyingitake/nyamarake lan wara kang tegese ajawan/wewarah. Dadi tegese sandhiwara yaiku ajaran utawa wewarah kang disingitake utawa disamarake sajrone crita, watak paraga lan cecaturane para paraga.

Drama utawa sandhiwara ora mung kanggo TONTONAN nanging uga kanggo TUNTUNAN kanggo para penonton. Mula sajrone drama mesthi ana amanat utawa nilai-nilai kang bisa dituladha lan isih laras utawa relevan karo kahanan jaman saiki.

Jinise drama yen diperang miturut teknik garapane dadi loro yaiku, drama Tradhisional lan Drama Modern.

Titikaken drama modern kang mbedakake karo drama tradhisional yaiki :

Drama Tradhisinoal
  1. Ora nggunakake naskah, cecaturane para paraga dadakan (improvisasi). Tuladha Ludruk lan Kethoprak.
  2. Isine nyritakae jaman perjuangan lan jaman kerajaan (istanasentris)
  3. Diiringi nggunakake musik tradhisional (gamelan)
  4. Busana kang digunakake laras karo isine crita yaiku perjuangan utawa kerajaan.
  5. Setting lan tata panggung prasaja kaya jaman biyen.
Drama Modern
  1. Kudu nggunakake naskah drama. Cecaturane paraga kudu padha karo naskah. Tuladha : Teater, Drama kreasi.
  2. Isine nyritakake panguripan masyarakat aman saiki.
  3. Diiringi nggunakake musik kontemporer (campuran tradhisional lan modern)
  4. Busana kang digunakake salumrahe busana jaman saiki.
  5. Setting lan tata panggung luwih megah lan modern.
Supaya luwih cetha lan gamblang andharan ngenani bedane drama modern lan drama tradhisional, bisa disemak ing vidheo youtube ing ngisor iki,


0 komentar:

Post a Comment