Wednesday, May 5, 2021

Materi Artikel mawa Basa Jawa (SMA Kelas X)

Materi Artikel Basa Jawa

materi artikel basa Jawa


Teges Artikel

Artikel iku ditulis kanggo medharake panemune sawijine penulis adhedasar sawijine fakta/data panemune wong liya miturut logika-ne dhewa. Artikel iku isine opini kang ngonceki kanthi tuntas sawijine masalah tartamtu kang sipate aktual lan utawa kontoversial kanthi ancas menehi ngerti (infomatif), mengaruhi, lan (persuasif argumentatif), utawa nglipur kang maca (rekreatif)

Stuktur artikel

Kanthi umum struktur utawa perangan kang diduweni artikel yaiku:
- Irah-irahan
- Paragraf pambuka
- Paragraf isi
- Paragraf panutup

Bab kang wigati jrone panulisae artikel
1. nemtokake/milih tema
2. nemtokake irah-irahan, aja nganti kedawan cukup 3-5 tembung (bisa uga ditemtokake keri)
3. gawe alinea sepisan
4. ngrembakake tema dadi pirang-pirang alinea andharan (alinea penjelas gumatung dawa cendhake tulisan)
5. gatekna format/gaya penulisan (ilmiah utawa populer)
6. eksploitasi data/referensi penting
7. duduten panemu jrone alinea panutup
8. edit maneh draf wiwitan (judul bisa uga ditemtokane wektu iki)
9. draf pungkasan artikel

Jinis Artikel

Kanthi umum artikel iku bisa dibedakake dadi 2, yaiku artikel ilmiah lan populer. Tembung ilmiah nduweni teges yaiku miturut ilmu pengetahuan; adhedhasar syarat (kaidah) ilmu pengetahuan. Dene populer nduweni teges yaiku dikenal lan disenengi wong akeh (umum); miturut kebutuhan masyarakat umum; gampang dimangerteni lan disenengi wong akeh.

Artikel ilmiah iku asipat empirik, yaiku adhedhasar asil panliten kang ditindakake. Artikel iki ora dimot ing sawernane media masa, amung ing media kusus kaya ta jurnal kampus. Tuladhane yaiku laporan asil panliten, jurnal, makalah. Artikel populer akeh dimot ing sawernane media masa, bisa cetak utawa elektronik. Kanggo nemokake artikel iki luwih gampang. Ing ngisor iki ana tuladha pethikan jurnal, mangga diwaos.

Tuladha Artikel Basa Jawa

Kabudayan Jawa Bisa Gripis Alon-Alon

Beteng bakuh kukuh sarta pengkuh kang asring ngupeng omah gedhong magrong-magrong iku mung dumadi saka tharik-tharike bata, tumatane watu-watu. Utawa malah mung saderma tumpukane brangkal. Iku mung wewujudane, bleger (fisik), mung barang bisu, wewagunan. Nanging beteng mau bisa uga minangka pratandha, lambang sanepa, panyaruwe, dimeling marang fenomena jaman. Beteng iku bisa dadi penagamn kang diakone bisa nuwuhake ketentreman kupengan beteng mau. Wewujudan utawa anane beteng tumprap omah utawa gedhong-gedhong kang mapan ana ing kutha-kutha gedhe iku wis akeh cacahe. Lumrah-lumrah wae ora nistha, ora ala.

Nanging yen kita kabeh gelem blaka, jujur, lugu, lan walaka, saktemene meh kabeh omah utawa gedhung mligine kang mapan ing kutha-kutha gedhe, mawa beteng dhewe-dhewe. Apa maneh tumrap panguripan kutha gedhe kang wis manut cara modhern. Cara jaman saiki kang wis pluralis, maneka werna lan rasa. Embuh iku omah (gedhong magrong-magrong). Embuh kang biasa-biasa wae, embuh tumrap omah kang sumpeng-rumpeg, cilik-cilik.

Kabeh yen digrayangi kanthi rasa, satemene kabeh wis ora akeh kang nganggo beteng, senajan ora ana wewujudane, ora ana barang lan bangunan fisike. Kahanan kang kaya mengkono iku satemene wis bida rasakake. Wis bisa kathitik. Utawa mung kandheg ing pangangen-angen. Jalaran panguripane mangunsa ing tengah-tengah kahanan kang majemuk mau pancen kapara dadi “elu, elu, gue”. Manungsa siji lan sijine wis padha iwut mikirake awake dhewe-dhewe (luwih dhisik). Sabanjure lagi mikirake kulawarga, banjur familine, margane. Sateruse lagi tangga, bebrayan ing masyarakat.

Pakulinan sanjan-sinajan, kaya-kaya mung tansah eman bakal ngilangi wektu utawa kalodhangan kang dianggep luwih wigati. Wigati tumprap pribadi, utawa kulawarga. Yen ora kaoyak pakaryan kanggo golek kabutuhan, yen bengi wis rumangsa sayah, butuh ngaso, butuh kumpul karo kulawarga.

Mula sanajan, jagong jinagong ing tengah-tengahe masyarakat plural mau banjur kaya-kaya wis dianggep bakal mbuwang-mbuwang wektu wae, dianggep ngrugekake. Banjur sanjan-sinajan, jagong-jinagong kanthi gayeng sajake pancen diendhani. Iki sajake dadi fenomena ing jaman saiki. Nanging, mesthi wae isih arang kang gelem ngakoni, kapara malah kipa-kipa yen diarani kaya mengkono.

Saupama kanyatan kaya mengkono mau pancen ora dianggep kliru, kapara luwih seneng ndekem angkrem nggedhegrek-magrok ing omah wae, ketimbang mlebu sanjan-sinanjan. Sapa sing aruh ing jaman kang wis sarwa kongkuren, jor-joran, sekongkol-sekongkolan iku kaya-kaya malah sansaya krasa ampang. Mung dadi kembang-kembang lambe kang satemene. Supaya isih dianggep grapyak semanak. Anane sanjan-sinajan ing tengah-tengahe masyarakat plural dadi mung saderma wungkus, saderma gebyar njaba. Mung wadhah kang kala-kala merbawani dideleng saka njaba. Nanging hakikate, niyate, isine, krentege ati kang paling jero kala-kala isih ngambang. Durung mandhes.

0 komentar:

Post a Comment