Kethoprak Milenial Sanggar Bharada
Para seniman muda bermain peran dalam kesenian Kethoprak sebagai upaya melestarikan kebudayaan dan kesenian treadisional Jawa.
Ludruk Milenial Sanggar Bharada
Para seniman muda bermain peran dalam kesenian ludruk sebagai upaya melestarikan kebudayaan dan kesenian treadisional Jawa.
Tradisi Mantenan Adat Jawa
Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang praktik tradisi mantenan adat Jawa.
Tradisi Mantenan Adat Jawa
Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang praktik tradisi mantenan adat Jawa.
Parade Musik Gamelan
Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang mengikuti parade musik gamelan di Royal Plaza Surabaya.
Fragmen Kethoprak Sumenten Edan
Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang menampilkan fragmen kethoprak Suminten Edan di TVRI Jawa Timur.
Wednesday, March 17, 2021
GLADHEN SOAL BASA JAWA PENILAIAN TENGAH SEMESTER GENAP KELAS 8
Thursday, March 11, 2021
Materi Teges lan Titikane Drama Modern Jawa (Bedane karo Drama Tradhisional)
- Ora nggunakake naskah, cecaturane para paraga dadakan (improvisasi). Tuladha Ludruk lan Kethoprak.
- Isine nyritakae jaman perjuangan lan jaman kerajaan (istanasentris)
- Diiringi nggunakake musik tradhisional (gamelan)
- Busana kang digunakake laras karo isine crita yaiku perjuangan utawa kerajaan.
- Setting lan tata panggung prasaja kaya jaman biyen.
- Kudu nggunakake naskah drama. Cecaturane paraga kudu padha karo naskah. Tuladha : Teater, Drama kreasi.
- Isine nyritakake panguripan masyarakat aman saiki.
- Diiringi nggunakake musik kontemporer (campuran tradhisional lan modern)
- Busana kang digunakake salumrahe busana jaman saiki.
- Setting lan tata panggung luwih megah lan modern.
GLADHEN SOAL BASA JAWA PENILAIAN AKHIR SEMESTER (PAS) GENAP KELAS 9
Monday, January 18, 2021
LATIHAN SOAL BAHASA INDONESIA : PUISI RAKYAT
SEMANGAT BELAJAR..!!
Untuk para siswa kelas VII, setelah kalian memelajari tentang materi pembelajaran bahasa Indonesia yaitu puisi rakyat, silahkah kalian mengerjakan latohan soal di bawah ini untuk menguji pemahaman kalian tentang materi puisi rakyat.
Token :PUISIRAKYAT01
Sunday, January 10, 2021
Tugas 1 (Kelas VIII) : Materi Teges lan Jinise Layang
Bocah-bocah kelas VIII kang kinasih, Sawise sampeyan kabeh sinau ngenani tegese layang lan jinis-jinise layang, saiki coba garapen gladhen / Soal ing ngisor iki minangka tugas.
Sadurungen nggarap bisa diwaca dhisik materi Layang sing ana ing postingan blog iki lan materi layang sing ana ing buku paket Basa Jawa.
Tugas 1 : Materi teges lan jinise layang.
Tugas 1 (Kelas IX) : Teges lan Titikane Drama/Sandiwara Modern Jawa.
Bocah-bocah kelas IX kang kinasih, mesthine sampeytan kabeh wis pernah nonton pagelaran drama. Drama ing tlatah Jaswa uga kasebut sandhiwara kang tegese ajaran/piwulang kang disingitake ing sajrone cecaturan/ dialog, watak paraga, tingkah laku paraga lan isine crita. Sawise sampeyan kabeh nyinaoni ngenani drama modern basa Jawa. Coba saiki digarap gladhen utawa tugas ing ngisor iki kanthi patitis :
Tugas 1 : Drama Modern
Thursday, December 3, 2020
Materi Layang Resmi / Surat Resmi
a. Pangertene Layang Resmi
b. Titikane Layang resmi :
- Layang resmi ngunakake basa kang baku.
- Layang resmi ngunakake ukara kang sederhana lan sopan.
- Layang resmi nduweni sesirahe layang kang isine jeneng lan alamat kantor kang nulis layang mau.
- Layang resmi nduweni nomer, lampiran, uga perihal layang.
- Layang resmi ing perangan tapak asta ngunakake stempel saka kantor.
c. Basa kang dianggo nulis layang resmi
d. Perangane layang resmi :
- Sesirahe / Kop layang, dumadi saka :Jeneng kantor kang ditulis aksara capital, Alamat kantor, Logo kantor
- Nomer layang, yaiku urutan layang kang dikirim
- Lampiran yaiku lembaran liya kang ana ing layang.
- Hal yaiku isine ngenani wigatine layang
- Titi mangsa yaiku wektu layang kasebut ditulis
- Adangiyah yaiku nyebutake marang sapa layang kasebut ditujukake.
- Purwaka basa yaiku isine layang sadurunge wose layang.
- Surasa basa yaiku isine layang kang dadi wose layang
- Wasana basa yaiku pungkasane layang.
- Tapak asta lan asma penyerat yaiku nyethakake tapak asta lan asma panyerat kang dijangkepi stempel
Pati, 16 April 2014
No : 01 / PK/ IX/2010
Bab : Ulem
Kagem siswa SMAN 1 Pacet
Ing dalem
Salam taklim,
Panjenengan katuran rawuh wonten ing adicara pepisahan siswa kelas XII ingkang badhe kawontenaken :
Papan : Lapangan Basket SMAN 1 Pacet
Tabuh : 08.00
Wigatos : Adicara pepisahan siswa kelas IX
Saking kawigatosan Panjenengan kula aturaken gung ing panuwun.
Ketua Osis SMAN 1 PacetNirmala SariNIS. 134098






