Kethoprak Milenial Sanggar Bharada

Para seniman muda bermain peran dalam kesenian Kethoprak sebagai upaya melestarikan kebudayaan dan kesenian treadisional Jawa.

Ludruk Milenial Sanggar Bharada

Para seniman muda bermain peran dalam kesenian ludruk sebagai upaya melestarikan kebudayaan dan kesenian treadisional Jawa.

Tradisi Mantenan Adat Jawa

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang praktik tradisi mantenan adat Jawa.

Tradisi Mantenan Adat Jawa

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang praktik tradisi mantenan adat Jawa.

Parade Musik Gamelan

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang mengikuti parade musik gamelan di Royal Plaza Surabaya.

Fragmen Kethoprak Sumenten Edan

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang menampilkan fragmen kethoprak Suminten Edan di TVRI Jawa Timur.

Friday, June 4, 2021

Pambarepe Pandhawa - Raden Puntadewa

Pambarepe Pandhawa - Raden Puntadewa
Raden Puntadewa
Prabu Puntadewa iku ratu ing Amarta (Ngamarta), Dasanamane : Prabu Yudhistira, Darmakusuma, Darmaputra, Darmawangsa, Darmaraja, Gunatalikrama, Sadha Dwijakangka, Sang Ajathasatru.
Garwane asma Dewi Drupadi, mbakyune dewi Wara Srikandhi, putrane Prabu Drupada saka Negara Pancala. Saka Sang Prameswari Dewi Drupadi iki, Prabu Puntadewa peputra kakung siji, kekasih Raden Pancawala.
Prabu Puntadewa ratu watak pandhita. Watake sabar lan ikhlas, lila donya lila ing pati. Apa bae barang darbeke, yen ana sing njaluk mesthi diparingake. Nadyan segenge pisan yen ana sing njaluk, mesthi dililakake. Sajake urip ora tau ngapusi (goroh) lan ora nate perang. Sanadyan dipeksa dening Prabu Kresna supaya kersa goroh kanggo kemenangane Pandhawa, nalikane Pandhita Drona jumeneng Mahasenapati ing perang Bharatayuda, Prabu Puntadewa tetep ora kersa. Prabu Puntadewa tetep ngendika jujur, “ingkang pejah Hesthitama”. Mung olehe ngendika “Hesthi” lirih, “Tama”ne banter. Satemah dadi jalaran Pandhita Drona bingung, lan bisa dipateni dening Raden Trusthajumena. Amarga saking banget ngati –atine, ora kersa gawe seriking liyan, lan ora kersa goroh, mula Prabu Puntadewa digambarake wong sing ludirane seta. Saking sucine uripe.

Pusakane Prabu Puntadewa wujud kitab/buku, jenenge Layang Kalimasada Pustaka Jamus. Prabu Salya klakon seda ing paprangan merga pusaka iki. Kejaba iku, pusaka liyane wujud tumbak lan payung, jenenge tumbak Karawilang lan payung Tunggulnaga.
Prabu Puntadewa iku ajejalok Yudistira iya prabu Dwijakangka utawa sinebut uga Prabu Gunatalikrama.

Prabu Puntadewa kagungan pusaka arane jimat kalimasada. Prabu Puntadewa kena diarani manungsa setengah dewa. Geneya Prabu Puntadewa diarani setengah dewa amarga Prabu Puntadewa kagungan ciri-ciri kaya Dewa, kayata Getihe putih, Sipate sabar, ora kagungan mungsuh, lan tansah tresna marang karukunan.

Prabu Puntadewa iku garwane Dewi Drupadi, kagungan putra iku asmane Raden Pancawala. Prabu Puntadewa iku putrane Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi Nakibrata.

Prabu Puntadewa iku ratu ing Amarta kang sabar lan mboten seneng perang. Nalika perang gedhe Bratayuda, Prabu Puntadewa dipekso mandeg Senopati tanding karo Prabu Salya saka Mandukara. Prabu Salya gugur, Prabu Puntadewa kang unggul

Raden puntadewa inggih menika peranganing pandhawa ingkang sepuh piyambak. Putra Prabu Pandhu. Narendra ing ngastina. Piyambakan kawentar minangka putra ingkang saleh, jujur, sabar, tata krami, lila sregep, saha mituhu. Seserepan ingkang dipuntamekaken prekawis agami. Pramila ingkang dipunremeni prekawis kesaenan, kajujuran, sarta lila legawa. Minangka putra pambarep Pandhawa tansah bekti kaliyan tiyang sepuh sarta sanget asihipun dhumateng para rayi piyambakipun tansah momong para rayi kanthi raos asih. Pramila Raden Puntadewa tansah dipuntresnani kaliyan para sesepuh, dipunajeni kaliyan para rencang, saha dipunbekteni dening para ingkang anem. Awak-awakipun kuning gumrining, dedeg lencir, saha ukuranipun tanggung. Pasuryanipun bagus ules pethak mratandhani sucining manah.

Busana saha rerenggan ingkang dipunagem wujud gelung keeling. Sumping waderan, kalungmenggah, kelatbau nagamangsa, gelangkana ganda, ali-ali gunung sepikul, kampuh bathik limar lapis, kroncong ngrangenan.

Sumber : caritawayang.blogspot.com


Wuragile Pandhawa - Raden Sadewa

Wuragile Pandhawa - Raden Sadewa
Raden Sadewa


Raden Sadewa (Sahadewa) putrane Prabu Pandhu lan Dewi Madrim. Satriya wuragile Pandhawa. Kembarane Raden Sadewa asmane Raden Nakula. Wujude Nakula lan Sadewa kembar, kembar rupa, swara, lan busana.

Nalika timure, Raden Sadewa kekasih Raden Tangsen, kasatriyane Sadewa ing Baweratalun (Bumiretawu).

Sedulure beda ibu ana telu, yaiku : 1. Prabu Puntadewa, 2. Raden Wrekudara, 3. Raden Janaka. Puntadewa, Wrekudara, Janaka, Nakula, lan Sadewa, sinebut kadang Pandhawa, saka tembung linggane Pandhu lan hawa tegese putra Pandhu.
Raden Sadewa titising bhatara Aswin, dewa tabib. Wiwit cilik digulawenthah dening Dewi Kunthi. Wujude Raden Sadewa satriya bagus, mbranyak pasemone. Watake jujur lan bekti marang sedulur tuwa.

Ing lakon Babad Alas Mretani, Raden Tangsen bisa ngasorake yudane Jim Sadewa (riwayat liya sinebut Ditya Sapulebu), satemah Jim Sadewa mau masrahake kasatriyane, yaiku Baweratalun lan paring Aji Pramanajati kang dayane bisa ngerti sadurunge winarah.
Kanthi dayane Aji Pramanajati, Raden Sadewa bisa mbatang sayembara cangkriman “sejatining lanang, sejatining wadon”. Banjur didhaupake klawan Dewi Srengginiwati, putrane Prabu Bhadawanganala, ratu ing gisik samudra. Sabanjure peputra Sidapeksa.

Ing lakon Sudamala, Raden Sadewa sing ragane kapanjingan Bathara Guru, bisa ngruwat Bathari Durga. Sang Bathari banget panarimane marang Raden Sadewa. Dening Sang Bethari Raden Sadewa pinaringan asma “Sudamala” tegese ngresikake rereged. Sarta kadhawuhan nggarwa Dewi Padapa, anake Begawan Tambrapetra ing padhepokan Prangalas.

Sumber : caritawayang.blogspot.com

Pandhawa nomer papat - Raden Nakula

Pandhawa nomer papat - Raden Nakula
Raden Nakula


Raden Nakula putrane Prabu Pandhu lan Dewi Madrim. Satriya sumendhining Pandhawa (kakang ragil). Kagungan rayi siji tunggal rama ibu, kekasihe Raden Sadewa. Wujude Nakula lan Sadewa, kembar. Kembar rupa, swara, lan busana.

Nalika timure, Raden Nakula kekasih Raden Pinten, dene Raden Sadewa kekasih Raden Tangsen. Kasatriyane Raden Nakula ing Sawojajar.

Sedulure beda ibu ana telu, yaiku : 1. Prabu Puntadewa, 2. Raden Wrekudara, 3. Raden Janaka. Puntadewa, Wrekudara, Janaka, Nakula, lan Sadewa, sinebut kadang Pandhawa, saka tembung linggane Pandhu lan hawa tegese putra Pandhu.
Manut layang Purwacarita, garwane Raden Nakula sesilih Dewi Srengganawati, putrane Sang Hyang Badhawanganala. Karo Dewi Srengganawati iki, Raden Nakula peputra siji sesilih Dewi Sri Tanjung.
Manut layang Pustaja Raja, garwane Raden Nakula sesilih Dewi Suyati, putrane Prabu Kridhakerata, ratu ing Awuawulangit. Nakula klakon nggarwa Dewi Suyati sawise bisa ngalahake Indrakesata. Karo Dewi Suyati iki, Raden Nakula peputra loro, yaiku: Raden Pramusinta lan Dewi Pramuwati.
Wujude Raden Nakula satriya bagus, mbranyak pasemone. Watake jujur lan bekti marang sedulur tuwa.
Ngarepake pungkase perang Bharatayuda, Raden Nakula lan Sadewa disraya dening Prabu Kresna supaya sowan ing ngarsane Prabu salya (uwake / pakdhene) kanthi ngliga keris, pasrah pati urip. Dhawuh iki ditindakake, satemah Prabu Salya mblakakake isen – isening atine lan nyuwun tandhing mungsuh Prabu Puntadewa. Satemah dadi srana menange Bharatayuda tumrap Pandhawa.

2)*

Nakula iku sawijining paraga Mahabharata. Nakula artine ‘’bisa nguwasabi awake dhewe’’. Ing pedhalangan, nalika isih enom Nakula nganggo jeneng Pinten. Pinten iku sejatine jeneng tanduran kang godhonge bisa kanggo obat. Kaya jenenge, Nakula lantip ing obat-obatan amarga tinitisan Batara Aswi , dewane tabib. Satriya iki salah sijine Pandhawa lan nduwe kembaran kang jenenge Sadewa. Beda karo Yudhistira, Werkudara, lan Janaka, Nakula lan Sadewa iki lair seka Dewi Madrim. Nalika Pandhu palastra, Dewi Madrim bela pati lan kembar iki lair seka wetenge kang suwek dening keris.

Raden Nakula kuwi satriya kembar kemanikan. Sedulur kembare aran Raden Sadewa iya Sahadewa. Sekarone putrane nata ing Astina, Prabu Pandhudewanata, lan mijil saka garwa Dewi Madrim, kadang enome Raden narasoma iya Prabu Salya nata ing Mandaraka.Ing Mahabharata, Nakula artine ‘’bisa nguwasabi awake dhewe’’. Ing pedhalangan, nalika isih padha cilik-cilik, Nakula kuwi arane Pinten, lan kembarane Sadewa aran Tangsen. Pinten iku sejatine jeneng tandhuran kanmg godhonge bisa kanggo obat, Kaya jenenge, Nakula lan sadewa lantip ing babagan obat-obatan amraga satriya sakloron kuwi titise dewa kembar, Bathara Aswan lan Aswin, dewane tabib. Satriya sakembaran iku klebu sedulur nunggal rama seje ibu yen karo Prabu Puntadewa, Werkudara lan Arjuna. Lan satriya lima kasebut kawentar kanthi aran Pandhawa. Kekarone setya lan bekti banget marang para kadhang sepuhe, senadyan seje ibu. Prabu Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna mijil saka ibu Dewi Kunthi.

Sumber : caritawayang.blogspot.com

Panenggake Pandhawa - Raden Werkudara

Panenggake Pandhawa - Raden Werkudara
Raden Werkudara


Raden Werkudara duwe pusaka aran Kuku Pancanaka, Gada Rujakpala, Ian Gada Lambita¬muka. Aji-ajine Bandung Bandawasa, Ungkal bener, Blabag Pengantol-antol, Bayu Bajra.

Kacarita laire Bratasena. Nalika bayi lair awujud bungkus. Kabeh gegaman ora tumama. Kang bisa mbedhah bungkus mung Gajah Sena. Bareng wis bedhah, bayi diidak-idak, ditlale, digadhing malah saya gedhe. Gajah Sena ditamani kuku Pancanaka, mati sanalika. Suksmane nyawiji karo Bratasena.

Bratasena utawa Werkudara iku ora bisa basa marang sapa wae. Dadi yen micara tansah ngoko. Sing dibasani mung Sanghyang Wenang lan Dewa Ruci. Sanajan mangkono Werkudara duwe watak setya tuhu marang guru, bekti marang ibu, teguh ing janji, bela bebener, mbrastha angkara, dhemen tetulung, tresna marang kadang, adil. Watak setya marang guru, dituduhake nalika dheweke diutus dening gurune Pendhita Durna goleh banyu Perwitasari ing tengah alas ing telenging segara. Kang sajatine Werkudara dialap patine, dijlomprongake. Nanging amarga setya bekti marang guru. Werkudara malah antuk nugraha, bisa ketemu marang guru sejati (Dewa Ruci), kang mahanani Werkudara bisa pinter tanpa guru maneh.

Tandha bektine marang ibune dibuktekake, kanthi merjaya Dursasana, getihe kanggo jamas rikmane Kunthi lan sirahe kanggo keset dening Dewi Kunthi. Tresna marang kadang, kabeh kadange tansah dibela lamun nuhoni bebener. Nanging yen luput, sanadyanta anake dhewe bakal diajar, kaya nalika Gathutkaca maling Pregiwa. Jebule Gathutkaca mung dipaeka sebab sing maling Gathutkaca palsu. Dhemen tetulung upamane nulungi Ratu Wiratha (Prabu Matswapati).
Ing perang Bratayuda Werkudara dadi agul-aguling Pandhawa. Werkudara kang bisa mateni Dursasana, Sengkuni lan Duryudana. Sawise perang Bharatayuda, Parikesit wis jumeneng nata, bebarengan marang sedulur Pandhawa wis jumeneng nata, bebarengan marang sedulur Pandhawa liyane, ninggalake praja. Werkudara tiwas sumusul Sadewa, Nakula, lan Harjuna. Werkudara tiwas angka papat amarga nalika uripe seneng mangan, rada kasar, lan ora bisa basa.

Wosing budi pekerti:
1. Duwea watak satriyatama: luhur ing budi, seneng tetulung, adil, wani ing bebener, mbrastha angkara murka!
2. Bektia marang wong tuwa, luwih-luwih marang ibu!
3. Bektia marang guru!
4. Tresna asih marang sedulur.
5. Darbea jiwa satriya kang dadi bentenging negara!

Sumber : caritawayang.blogspot.com

Panengahe Pandhawa - Raden Janaka


Panengahe Pandhawa - Raden Janaka
Raden Janaka

Ing jagad ora ana tandhingane bab kebagusane, amarga Janaka minangka simbol amal becik. Amal becik ora bisa pisah klawan swarga (Jannah). Janaka saka tembung jannahuka, tegese swargamu. Mula sapa sing kepengin mlebu swarga, kudu tumindak becik lan nindakake tuntunaning agama kanthi temen. Raden Janakan duweni jeneng liya yaiku Permadi, Arjuna, Ciptaning, Mintaraga.

Raden Janaka minangka panengahe pandhawa, tegese yaiku putra kang nomer telu saka limang sedulure pandhawa. Janaka putrane Pandhudewanata karo garwane Dewi Kunthi.

Arjuna satriya digdaya sekti mandraguna, polatan luruh jatmika, prigel ing samubarang, seneng tetulung marang sapa bae, mula ditresnani dening sapa bae. Ora mokal yen garwane pirang – pirang. Bojo akeh iki tegese Janaka ditresnani dening sapa bae. Yen priya ngondhangake kasudibyane, yen wanita ngondhangake sigiting citra.

Arjuna kejaba sugih bojo, uga sugih kawruh (ilmu), sugih gaman lan mantran, sugih guru. Meguru marang Begawan Padmanaba antuk aji telung warna, yaiku : 1. Aji Sepiangin, dayane aji yen kawateg, kebating lakune Arjuna tan prabeda kaya kebating angin. Lakune bisa ngungkuli lakuning barat, 2. Aji Malayabumi, Arjuna bisa ilang sapalungguhan, 3. Aji Sempaliputri, Arjuna bisa manijing ajur ajer.

Pusakane utawa gamane janaka pirang – pirang. Kang asring digunakake : Keris Pulanggeni, Kalanadhah, Panah Merdaging, Rodha Dhadhali, Haryas Sangkala, Sarutama, Pasopati.

Sumber : caritawayang.blogspot.com

Wednesday, May 5, 2021

Materi Artikel mawa Basa Jawa (SMA Kelas X)

Materi Artikel Basa Jawa

materi artikel basa Jawa


Teges Artikel

Artikel iku ditulis kanggo medharake panemune sawijine penulis adhedasar sawijine fakta/data panemune wong liya miturut logika-ne dhewa. Artikel iku isine opini kang ngonceki kanthi tuntas sawijine masalah tartamtu kang sipate aktual lan utawa kontoversial kanthi ancas menehi ngerti (infomatif), mengaruhi, lan (persuasif argumentatif), utawa nglipur kang maca (rekreatif)

Stuktur artikel

Kanthi umum struktur utawa perangan kang diduweni artikel yaiku:
- Irah-irahan
- Paragraf pambuka
- Paragraf isi
- Paragraf panutup

Bab kang wigati jrone panulisae artikel
1. nemtokake/milih tema
2. nemtokake irah-irahan, aja nganti kedawan cukup 3-5 tembung (bisa uga ditemtokake keri)
3. gawe alinea sepisan
4. ngrembakake tema dadi pirang-pirang alinea andharan (alinea penjelas gumatung dawa cendhake tulisan)
5. gatekna format/gaya penulisan (ilmiah utawa populer)
6. eksploitasi data/referensi penting
7. duduten panemu jrone alinea panutup
8. edit maneh draf wiwitan (judul bisa uga ditemtokane wektu iki)
9. draf pungkasan artikel

Jinis Artikel

Kanthi umum artikel iku bisa dibedakake dadi 2, yaiku artikel ilmiah lan populer. Tembung ilmiah nduweni teges yaiku miturut ilmu pengetahuan; adhedhasar syarat (kaidah) ilmu pengetahuan. Dene populer nduweni teges yaiku dikenal lan disenengi wong akeh (umum); miturut kebutuhan masyarakat umum; gampang dimangerteni lan disenengi wong akeh.

Artikel ilmiah iku asipat empirik, yaiku adhedhasar asil panliten kang ditindakake. Artikel iki ora dimot ing sawernane media masa, amung ing media kusus kaya ta jurnal kampus. Tuladhane yaiku laporan asil panliten, jurnal, makalah. Artikel populer akeh dimot ing sawernane media masa, bisa cetak utawa elektronik. Kanggo nemokake artikel iki luwih gampang. Ing ngisor iki ana tuladha pethikan jurnal, mangga diwaos.

Tuladha Artikel Basa Jawa

Kabudayan Jawa Bisa Gripis Alon-Alon

Beteng bakuh kukuh sarta pengkuh kang asring ngupeng omah gedhong magrong-magrong iku mung dumadi saka tharik-tharike bata, tumatane watu-watu. Utawa malah mung saderma tumpukane brangkal. Iku mung wewujudane, bleger (fisik), mung barang bisu, wewagunan. Nanging beteng mau bisa uga minangka pratandha, lambang sanepa, panyaruwe, dimeling marang fenomena jaman. Beteng iku bisa dadi penagamn kang diakone bisa nuwuhake ketentreman kupengan beteng mau. Wewujudan utawa anane beteng tumprap omah utawa gedhong-gedhong kang mapan ana ing kutha-kutha gedhe iku wis akeh cacahe. Lumrah-lumrah wae ora nistha, ora ala.

Nanging yen kita kabeh gelem blaka, jujur, lugu, lan walaka, saktemene meh kabeh omah utawa gedhung mligine kang mapan ing kutha-kutha gedhe, mawa beteng dhewe-dhewe. Apa maneh tumrap panguripan kutha gedhe kang wis manut cara modhern. Cara jaman saiki kang wis pluralis, maneka werna lan rasa. Embuh iku omah (gedhong magrong-magrong). Embuh kang biasa-biasa wae, embuh tumrap omah kang sumpeng-rumpeg, cilik-cilik.

Kabeh yen digrayangi kanthi rasa, satemene kabeh wis ora akeh kang nganggo beteng, senajan ora ana wewujudane, ora ana barang lan bangunan fisike. Kahanan kang kaya mengkono iku satemene wis bida rasakake. Wis bisa kathitik. Utawa mung kandheg ing pangangen-angen. Jalaran panguripane mangunsa ing tengah-tengah kahanan kang majemuk mau pancen kapara dadi “elu, elu, gue”. Manungsa siji lan sijine wis padha iwut mikirake awake dhewe-dhewe (luwih dhisik). Sabanjure lagi mikirake kulawarga, banjur familine, margane. Sateruse lagi tangga, bebrayan ing masyarakat.

Pakulinan sanjan-sinajan, kaya-kaya mung tansah eman bakal ngilangi wektu utawa kalodhangan kang dianggep luwih wigati. Wigati tumprap pribadi, utawa kulawarga. Yen ora kaoyak pakaryan kanggo golek kabutuhan, yen bengi wis rumangsa sayah, butuh ngaso, butuh kumpul karo kulawarga.

Mula sanajan, jagong jinagong ing tengah-tengahe masyarakat plural mau banjur kaya-kaya wis dianggep bakal mbuwang-mbuwang wektu wae, dianggep ngrugekake. Banjur sanjan-sinajan, jagong-jinagong kanthi gayeng sajake pancen diendhani. Iki sajake dadi fenomena ing jaman saiki. Nanging, mesthi wae isih arang kang gelem ngakoni, kapara malah kipa-kipa yen diarani kaya mengkono.

Saupama kanyatan kaya mengkono mau pancen ora dianggep kliru, kapara luwih seneng ndekem angkrem nggedhegrek-magrok ing omah wae, ketimbang mlebu sanjan-sinanjan. Sapa sing aruh ing jaman kang wis sarwa kongkuren, jor-joran, sekongkol-sekongkolan iku kaya-kaya malah sansaya krasa ampang. Mung dadi kembang-kembang lambe kang satemene. Supaya isih dianggep grapyak semanak. Anane sanjan-sinajan ing tengah-tengahe masyarakat plural dadi mung saderma wungkus, saderma gebyar njaba. Mung wadhah kang kala-kala merbawani dideleng saka njaba. Nanging hakikate, niyate, isine, krentege ati kang paling jero kala-kala isih ngambang. Durung mandhes.

Gladhen Soal Basa Jawa kelas X (SMA) materi Artikel

Gladhen Soal Basa Jawa kelas X materi Artikel

1. Jinise karangan ana 5 yaiku....
a. narasi, dheskripsi, geguritan, argumentasi, lan persuasi
b. narasi, dheskripsi, eksposisi, argumentasi, lan persuasi
c. narasi, nasihat, crita, petuah, lan eksposisi
d. narasi, dheskripsi, eksposisi, argumentasi, lan legendha 
e. eksposisi, legendha, mitos, narasi, persuasi
a. Fiksi
b. Non fiksi
c. Rekan
d. Imajinatif
e. khayalan
3. Perangan ing ngisor iki sing ora kalebu strukture artikel yaiku...
a. Pada pambuka
b. Pada isi
c. Pada jangkepan
d. Irah-irahan
e. Salam
 
4. Bab kang diandharake sajrone artikel yaiku bab kang gegayutan karo....
a. Crita rakyat
b. Crita fiksi/imajinatif
c. Crita Kanyatan/ fakta
d. Crita carangan
e. Crita mitos
 
5. Reriptan ing ngisor iki kang kalebu artikel yaiku....
a. Pawarta
b. Fabel
c. Crita babad
d. Ramalan
e. Primbon
 
6. Karangan narasi nduweni teges....
a. Karangan kang isine menehi gambaran kahanan samubarang.
b. Karangan kang isine menehi katrangan salah sijine masalah.
c. Karangan kang nyritakake samubarang kanthi runtut. 
d. Karangan kang tujuwane mbuktekake samubarang kanthi menehi argumen.
e. Karangan kang ngrembug khayalane crita

7. Karangan kang tujuwane mbuktekake samubarang kanthi menehi argumen minangka tandha bukti saengga sing padha maca ngakoni yen samubarang mau bener kaya sing dikandhakake. Katrangan kasebut kalebu tegese karangan....
a. narasi
b. dheskripsi
c. persuasi
d. argumentasi
e. eksposisi








a. Irah-irahan
b. Pada pamungkas
c. Pada isi/panjelas
d. Pada panutup/dudutan
e. Pada panutup








a. Kanggo hiburan
b. Kanggo seneng-seneng
c. Menehi informasi utawa katrangan ngenani sawijine bab
d. Kanggo sarana medharake imajinasi
e. Kanggo gegojegan


10. 
Mula saiki ayo padha mbrantas lan nyegah nyamuk demam berdarah kanthi njaga reresikan. Sabab penyakit demam berdarah iki bisa nuwuhake bebaya kang gedhe. Akeh wong gedhe-cilik padha ninggal donya amarga iki. Gatekna unen-unen iki. “Luwih becik nyegah, tinimbang ngobati”.
Saka wacan kasebut ana unen-unen “luwih becik nyegah, tinimbang ngobati”, unen-unen kasebut nduweni teges....
a. Nduwe luwih apik tinimbang ora nduwe.
b. Luwih apik nduwe obat timbang ora lara.
c. Luwih becik mangan timbang luwe.
d. Nyegah luwih apik timbang nambani. 
e. Nyegah ora apik, luwih apik ditambani