Tuesday, June 30, 2020

Jenengku Gathutkaca

Cerita wayang Gatotkaca

Aku mung bisa nangis kekejer lan mancal-mancal. Bapakku Werkudara lan Ibu Dewi Arimbi kaya lagi kerubuhan gunung. Mengkono
uga sing padha rawuh. Sri Bathara Kresna, Uwa Prabu Puntadewa, Paman Arjuna, Paman Nakula lan Sadewa uga melu sungkawa. Takdeleng panakawan, Uwa Semar, si Gareng, Petruk, lan Bagong sing biasane cengar-cengir uga melu sedhih.

Weruh Ibu Arimbi nangis, aku melu nangis maneh, tambah banter. Ari-ariku isih gandheng karo awakku. Bapakku Werkudara wis nyoba nganggo kuku Pancanaka, ora bisa. Kembang Wijaya Kusuma kagungane Uwa Kresna ora masah. Pasopati lan Arda Dedaline Uwa Arjuna uga ora mempan. Sanjata Cakra kagungane Uwa Kresna malah ngetokake geni mletik-mletik, ning pancet ari-ariku ora bisa pedhot.

Bebarengan karo Bathara Kresna kabeh padha muji donga, padha prihatin supaya enggal nemu pepadhang. Akhire rawuh Buyutku, Begawan Abiyasa. Panjenengane banjur ngutus paman Arjuna nyuwun pitulungan pusaka marang dewa. Baline ngasta sarunge pusaka Kuntawijaya.

“Arjuna, golek pusaka kok mung oleh sarunge iki kepriye ta yayi?” pitakone Prabu Kresna.

“Nun inggih, Kaka Prabu. Senjata Kuntawijaya klentu dipunparingaken Adipati Karna ing Awangga. Kula namung saged ngrebat warangkanipun menika,”

“Hmm, ora oleh pusakane ora apa-apa. Wis Jlamprong.. coba pedhoten ari-arine ponakanmu!”

Temenan bareng warangka Kuntawijaya ditamakake ing ari-ariku, krasa mak thes. Getih abang netes. Ari-ariku pedhot. Kabeh padha bungah. Aku nangis maneh tandha gumbira. Nanging aneh, warangka sing kanggo ngethok ari-ari mau ilang musna. Uwa Arjuna bingung lan kaget. Prabu Kresna mung mesem lan ngendika supaya aku dijaga lan diadohna saka Kuntawijayane Adipati Karna nganti tekan wektune. Aku ora ngerti apa maksud ngendikane. Dumadakan ana sing teka. Pawakane lemu bunder. Anehe bisa mabur. Tekane mau saka langit.

”Prekincong..prekincong waru dhoyong ditegor uwong..lere..lere..kali codhe sapa sing nduwe.. Ingsun sing prapta Werkudara. Anakmu si Tetuka bakal dakgawa, disraya para dewa.”

”Hmm.. Narada dewaku, digawa kepriye? Wong bayi isih abang, lagi pupak pusere?”

”Aku ra papa.. percayaa karo para dewa. Anakmu iki bakal bisa mikul dhuwur mendhem jero. Dewa saiki golek jago. Ana ratu buta Kala Pracona. Ora ana sing bisa nandhingi kejaba si Tetuka”

Aku digawa mabur, dilebokake ing kawah Candradimuka, digodhog bareng karo gamane para dewa. Aku nangis nanging arep kepriye maneh. Urip iku saderma nglakoni. Kabeh wis ana sing mranata. Kita mung kudu njaga kautaman lan tumindak becik. Aku pinaringan klambi wujud kotang Antrakusuma lan ajian Suryakantha. Aku bisa mabur tanpa swiwi. Jenengku Gathutkaca .

0 komentar:

Post a Comment