Tuesday, June 30, 2020

Materi kelas VIII : Layang Pribadi



LAYANG PRIBADI


Pengertene Layang Pribadi : Layang pribadi yaiku layang kang isine ngenani kepentingan kang sipate pribadi utawa kaluwarga lan
ditulis saka pawongan siji kanggo wong liya.

Titikane layang pribadi :
  1. Ora nganggo sesirahe layang
  2. Ora nganggo nomere layang
  3. Ngunakake basa kang ora baku
Basa kang dianggo ing layang pribadi : Basa kang dianggo sajrone nulis layang pribadi yaiku ora baku. Nanging basa sajrone nulis layang pribadi uga digatekake miturut marang sapa layang kasebut ditujokake. Yen layang pribadi mau katujokake marang wong tuwa mula basa kang dianggo yaiku krama. Yen layang pribadi mau katujokake marang kanca basa kang dianggo yaiku basa ngoko.

Perangane layang pribadi : 
  1. Titi mangsa yaiku nyethakake wektu lan papan panulise layang
  2. Adangiyah yaiku nyebutake marang sapa layang ditujokake
  3. Salam pambuka yaiku isine nyebutahake salam
  4. Purwaka basa yaiku sadurunge isine layang lumrahe isi atur pambagya wilujeng
  5. Surasa basa yaiku isi layang kang dadi wigatine layang.
  6. Wasana basa yaiku pungkasane layang.
  7. Paprenahan yaiku nyethakake kang nggawe layang
  8. Tapak asta lan jeneng yaiku kang nyethakake jenenge sing ngirim layang.
Carane nulis layang pribadi : 
  1. Aturan kang ana sajrone layang pribadi ora resmi, yaiku ora nggawe sesirahe layang.
  2. Basa kang dianggo sajrone nulis layang pribadi yaiku basa ora baku.
  3. Ngatekake struktur panulisan layang pribadi
Supaya luwih jelas bisa ndeleng Video Pasinaon Basa Jawa ing Youtube.

Supaya luwih cetha, coba delengen video ing ngisor iki :

Related Posts:

  • Kesenian Gamelan Seiring kemajuan teknologi, sangat jarang para anak muda atau yang biasa disebut kaum milenial sudi untuk melestarikan kesenian Jawa. Salah satu … Read More
  • Buku Kirtya Basa Kelas IX Untuk materi ajar Bahasa Jawa kelas IX silahkan megundhuh file buku Paket Bahasa Jawa Kirtya Basa di bawah ini : BUKU KIRTYA BASA KELAS IX … Read More
  • Buku Kirtya Basa Kelas VIII Untuk materi ajar Bahasa Jawa kelas VIII silahkan megundhuh file buku Paket Bahasa Jawa Kirtya Basa di bawah ini : BUKU KIRTYA BASA KELAS VIII … Read More
  • Materi kelas VIII : Layang Pribadi LAYANG PRIBADI Pengertene Layang Pribadi : Layang pribadi yaiku layang kang isine ngenani kepentingan kang sipate pribadi utawa kaluwarga la… Read More
  • Upacara Panggih Manten Adat Jawa Sebagai masyarakat Jawa tidak akan bisa lepas dari kebudayaan dan tradisi Jawa. contohnya banyak kita temui tradisi temu/panggih manten banyak di… Read More

0 komentar:

Post a Comment