Wednesday, December 2, 2020

Materi Jinise Basa Rinengga


1. Tembung saroja (Padan kata)
Tembung saroja yaiku tembung loro utawa luwih sing padha utawa meh padha tegese dianggo bebarengan kanggo mbangetake surasane. 

Tuladhane: 
  • Bapake Narko kae dedeg piadege gagah pideksa
  • Es sing dideleh ing baskom kae wis campur adhuk karo es batune
  • Adat istiadat kudu diugemi amarga perangan saka kabudayan sing adi luhung
2. Tembung entar /tembung silihan (kata kiasan) 
Tembung entar yaiku tembung sing tegese ora sawantahe/ora salugune. 

Tuladhane: 
  • Bocah kok dawa tangane
  • Rike yen diomongi wong tuwane kok kandel kupinge
  • Dewi kae luman, seneng tetulung pancen bocah bening atine
Katrangan: 
Tetembungan dawa tangane, kandel kupinge, bening atine ing ukara ndhuwur kalebu tembung entar, amarga tegese ora salugune. 


Basa rinengga saka gabungan basa lan rinengga. Basa kabeh manungsa mnagerteni tegese lan fungsine. Dene rinengga tegese yaiku dipacaki. Rinengga fungsine kanggo basa kuwi supaya endah, lan ngresepake. Basa rinengga ngemu kaendahan.Kaendahane basa. Jinise basa rinengga sing diwulangake ing bab iki yaiku wangsalan, paribasan, bebasan, saloka, lan candra 

1. Wangsalan 
Wangsalan yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean, kayadene cangkriman utawa tebakan. Tembung wangsalan nunggal teges karo tembung wangsulan. Ing sajrone wangsalan ngemu unen-unen kang mbutuhake wangsulan minangka batangane.

Tuladha: 
  • Njanur gunung, kadingaren dolan mrene. (Janur gunung: aren)
  • Nyaron bumbung, nganti cengklungen anggonku ngenteni. (saron bumbung: angklung)
  • Jangan gori, nganti judge anggonku mikir. (jangan gori: gudheg)

2. Paribasan 
Paribasan , yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartamtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikane tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. 

Tuladha: 
  • Arep jamure emoh watange : gelem kepenake ora gelem rekasane
  • Ana catur mungkur : Ana rembugan wigati malah ngalih 
  • Baladewa ilang gapite: ilang kakuwatane utawa kaluhurane.
3. Bebasan 
Bebasan, yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, ngemu surasa pepindhan, kang dipindhakake kahanan utawa sesipate wong. Nanging wong iku katut sajrone pepindhan. 

Tuladha:
  • Njagakake endhoge si blorok : njagakake barang kang durung mesthi anal an orane
  • Mburu uceng kelangan dheleg : mburu barang sepele malah kelangan barang kang luwih gedhe
  • Kabanjiran segara madu : nemu kabegjan kang gedhe banget

4. Saloka
Saloka yaiku duwe teges magepokan karo sing disemoni, disanepane utawa dipindhakake. 

Tuladha: 
  • Kutuk marani sunduk : Njarag marani bebaya
  • Kebo nusu gudel: wong tuwa njaluk wurug wong enom
  • Klenthing wadhah masin : angel ninggalake pakulinan tumindak ala

Candrane manungsa

Nyandra tegese nggambar utawa amarna kaendahan kanthi sarana pepindhan. Dadi sing luwih digatekake yaiku gegambaran kaendahan utawa kahanan. Nyandra ora mesthi nganggo basa kang dakik-dakik nanging bisa nganggo basa kang lumrah. 

Tuladha: 
  • Lembehane mblarak sempal
  • Jogede merak kesimpir
  • Mlakune kaya macan luwe
Nanging ana sing nganggo basa rinengga. 

Tuladha: 
  • Idepe tumenga ing tawang
  • Rikmane memak ngandhan-andhan
  • Polatane ruruh jatmika 

Candrane mangsa

Tuladha: 
  • Sotya sinarawedi. Mangsa kasewelas, akeh manuk padha ngloloh
  • Rasa mulya kasucian. Mangsa kaenem, akeh who-wohan kang enak mirasa.
  • Suta manut ing bapa. Mangsa katelu, uwi, gembili, gadhung wiwit padha mrambat

0 komentar:

Post a Comment