Unsur-Unsur Crita Wayang 
Wayang dumadi saka tembung wod "yang/ hyang" oleh ater- ater wa-. Tegese roh kang bisa gawa kabegjan lan cilakane manungsa. Wayang iku mujudake wewayangan utawa gegambaran watak lan jiwane manungsa. Wayang mujudake pangejawantahan pribadi manungsa. Wayang iku pagelaran sing nggunakake bonĂ©ka, saka kulit sapi utawa wedhus, lan sejatine kang dideleng iku dudu bonekane nanging malah ayang-ayange. Mula wayang ing basa inggris diarani “Puppet shadow”. Sing nglakokake wayang iki diarani dhalang. 
Sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Wayang 
Wayang mujudake sawijine teks sastra, mula mesthi nduweni unsur-unsur pambangun teks. Unsure ana loro yaiku unsur intrinsic lan unsur ekstrinsik. 
1. Unsur Intrinsik 
Yaiku  unsur sastra kang nduweni pengaruh tumrap kaciptane karya sastra :
a. Paraga / pamaragan sajrone crita wayang 
Paraga yaiku Individu kang ana sajrone carita, kang ngalami kedadeyan sajrone sakehe prastawa ing crita. 
-          Paraga Utama 
-          Paraga pambiyantu / figuran 
Saka sipate : 
-          Paraga Protagonis  = paraga kang nduweni sipat luhur lan becik. 
-          Paraga Antagonis = paraga kang nduweni sipat jahat lan ala. 
-          Paraga Tirtagonis = Paraga kang nduweni tugas nglerai konflik. 
Pamaragan yaiku panggambarane paraga kang ana ing crita, saka laire lan batine. 
Ana 3 cara kanggo nggambarake watak : 
- Cara Analitik yaiku pengarang ngandharake watak paraga cerita kanthi cara langsung.
 - Cara Dramatik yaiku pengarang ngandharake watak paraga cerita kanthi cara ora langsung, nanging nyeritakake watak tokoh kanthi sarana nampilake dialog antar paraga lan saka dialog-dialog iku watak bisa kagambar ing pamikire pamaca.
 - Cara Campuran yaiku pengarang nggunakake rong cara ing nduwur sesarengan.
 
b. Tema 
Tema yaiku pokok/ punjere pikiran utawa lelandhesan sajrone carita kang bakal diandharake pengarang ing cerita. 
c. Plot / Alur 
Plot/Alur yaiku dalan cerita utawa rerangkeane kedadeyan kang disusun adhedhasar hukum kausalitas (hubungan kang nudhuhake sebab akibat). adhedhasar sesambungan kasebut, saben carita nduweni plot/alur kaya ing ngisor iki : 
- Tahapan perkenalan
 - konflik
 - klimaks
 - penyelesaian
 
f. Latar / Setting. 
Latar / Setting yaiku gegambarane wektu, papan, lan swasana kang kedadeyan ing carita. Nanging uga ana latar kang njlentrehake ngenani latar sosial dan moral.
NGENALI CARITA WAYANG NUSWANTARA 
Urut-urutane crita lakon wayang 
1. jejer 
2. kadhatonan 
3. Pasebanjaban 
4. bodholan 
5. Jejer sabrangan 
6. Perang gagal 
7. gara-gara 
8. Perang kembang 
9. Perang brubuh 
10. Tancep kayon 
Wewatakane wayang 
Miturut bentuke 
a. ndhingkluk  : sabar, sareh, wicaksana, waspada 
b. lancap  : kendel, brangasan, siyaga lan waspada. 
c. Mrongos, mendelik : galak, brangasan, gampang nesu, ugal-ugalan. 
Miturut jenise 
a. satriya  : alus, luhur, sabar, luruhh, dhemen tetulung, siyaga, wicaksana 
b. buta  : kasar, gumedhe, brangasan, ugal-ugalan, gampang nesu. 
c. Kethek  : Pencilakan, usil, seneng ngrusuhi. 
Miturut sunggingane 
a.  putih, kuning, ireng : tandhane becik, suci 
b. Abang                     : Tandhane kendel, brangasan 
c.  biru                          : Jireh





0 komentar:
Post a Comment