Kethoprak Milenial Sanggar Bharada

Para seniman muda bermain peran dalam kesenian Kethoprak sebagai upaya melestarikan kebudayaan dan kesenian treadisional Jawa.

Ludruk Milenial Sanggar Bharada

Para seniman muda bermain peran dalam kesenian ludruk sebagai upaya melestarikan kebudayaan dan kesenian treadisional Jawa.

Tradisi Mantenan Adat Jawa

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang praktik tradisi mantenan adat Jawa.

Tradisi Mantenan Adat Jawa

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang praktik tradisi mantenan adat Jawa.

Parade Musik Gamelan

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang mengikuti parade musik gamelan di Royal Plaza Surabaya.

Fragmen Kethoprak Sumenten Edan

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang menampilkan fragmen kethoprak Suminten Edan di TVRI Jawa Timur.

Wednesday, May 5, 2021

Materi Artikel mawa Basa Jawa (SMA Kelas X)

Materi Artikel Basa Jawa

materi artikel basa Jawa


Teges Artikel

Artikel iku ditulis kanggo medharake panemune sawijine penulis adhedasar sawijine fakta/data panemune wong liya miturut logika-ne dhewa. Artikel iku isine opini kang ngonceki kanthi tuntas sawijine masalah tartamtu kang sipate aktual lan utawa kontoversial kanthi ancas menehi ngerti (infomatif), mengaruhi, lan (persuasif argumentatif), utawa nglipur kang maca (rekreatif)

Stuktur artikel

Kanthi umum struktur utawa perangan kang diduweni artikel yaiku:
- Irah-irahan
- Paragraf pambuka
- Paragraf isi
- Paragraf panutup

Bab kang wigati jrone panulisae artikel
1. nemtokake/milih tema
2. nemtokake irah-irahan, aja nganti kedawan cukup 3-5 tembung (bisa uga ditemtokake keri)
3. gawe alinea sepisan
4. ngrembakake tema dadi pirang-pirang alinea andharan (alinea penjelas gumatung dawa cendhake tulisan)
5. gatekna format/gaya penulisan (ilmiah utawa populer)
6. eksploitasi data/referensi penting
7. duduten panemu jrone alinea panutup
8. edit maneh draf wiwitan (judul bisa uga ditemtokane wektu iki)
9. draf pungkasan artikel

Jinis Artikel

Kanthi umum artikel iku bisa dibedakake dadi 2, yaiku artikel ilmiah lan populer. Tembung ilmiah nduweni teges yaiku miturut ilmu pengetahuan; adhedhasar syarat (kaidah) ilmu pengetahuan. Dene populer nduweni teges yaiku dikenal lan disenengi wong akeh (umum); miturut kebutuhan masyarakat umum; gampang dimangerteni lan disenengi wong akeh.

Artikel ilmiah iku asipat empirik, yaiku adhedhasar asil panliten kang ditindakake. Artikel iki ora dimot ing sawernane media masa, amung ing media kusus kaya ta jurnal kampus. Tuladhane yaiku laporan asil panliten, jurnal, makalah. Artikel populer akeh dimot ing sawernane media masa, bisa cetak utawa elektronik. Kanggo nemokake artikel iki luwih gampang. Ing ngisor iki ana tuladha pethikan jurnal, mangga diwaos.

Tuladha Artikel Basa Jawa

Kabudayan Jawa Bisa Gripis Alon-Alon

Beteng bakuh kukuh sarta pengkuh kang asring ngupeng omah gedhong magrong-magrong iku mung dumadi saka tharik-tharike bata, tumatane watu-watu. Utawa malah mung saderma tumpukane brangkal. Iku mung wewujudane, bleger (fisik), mung barang bisu, wewagunan. Nanging beteng mau bisa uga minangka pratandha, lambang sanepa, panyaruwe, dimeling marang fenomena jaman. Beteng iku bisa dadi penagamn kang diakone bisa nuwuhake ketentreman kupengan beteng mau. Wewujudan utawa anane beteng tumprap omah utawa gedhong-gedhong kang mapan ana ing kutha-kutha gedhe iku wis akeh cacahe. Lumrah-lumrah wae ora nistha, ora ala.

Nanging yen kita kabeh gelem blaka, jujur, lugu, lan walaka, saktemene meh kabeh omah utawa gedhung mligine kang mapan ing kutha-kutha gedhe, mawa beteng dhewe-dhewe. Apa maneh tumrap panguripan kutha gedhe kang wis manut cara modhern. Cara jaman saiki kang wis pluralis, maneka werna lan rasa. Embuh iku omah (gedhong magrong-magrong). Embuh kang biasa-biasa wae, embuh tumrap omah kang sumpeng-rumpeg, cilik-cilik.

Kabeh yen digrayangi kanthi rasa, satemene kabeh wis ora akeh kang nganggo beteng, senajan ora ana wewujudane, ora ana barang lan bangunan fisike. Kahanan kang kaya mengkono iku satemene wis bida rasakake. Wis bisa kathitik. Utawa mung kandheg ing pangangen-angen. Jalaran panguripane mangunsa ing tengah-tengah kahanan kang majemuk mau pancen kapara dadi “elu, elu, gue”. Manungsa siji lan sijine wis padha iwut mikirake awake dhewe-dhewe (luwih dhisik). Sabanjure lagi mikirake kulawarga, banjur familine, margane. Sateruse lagi tangga, bebrayan ing masyarakat.

Pakulinan sanjan-sinajan, kaya-kaya mung tansah eman bakal ngilangi wektu utawa kalodhangan kang dianggep luwih wigati. Wigati tumprap pribadi, utawa kulawarga. Yen ora kaoyak pakaryan kanggo golek kabutuhan, yen bengi wis rumangsa sayah, butuh ngaso, butuh kumpul karo kulawarga.

Mula sanajan, jagong jinagong ing tengah-tengahe masyarakat plural mau banjur kaya-kaya wis dianggep bakal mbuwang-mbuwang wektu wae, dianggep ngrugekake. Banjur sanjan-sinajan, jagong-jinagong kanthi gayeng sajake pancen diendhani. Iki sajake dadi fenomena ing jaman saiki. Nanging, mesthi wae isih arang kang gelem ngakoni, kapara malah kipa-kipa yen diarani kaya mengkono.

Saupama kanyatan kaya mengkono mau pancen ora dianggep kliru, kapara luwih seneng ndekem angkrem nggedhegrek-magrok ing omah wae, ketimbang mlebu sanjan-sinanjan. Sapa sing aruh ing jaman kang wis sarwa kongkuren, jor-joran, sekongkol-sekongkolan iku kaya-kaya malah sansaya krasa ampang. Mung dadi kembang-kembang lambe kang satemene. Supaya isih dianggep grapyak semanak. Anane sanjan-sinajan ing tengah-tengahe masyarakat plural dadi mung saderma wungkus, saderma gebyar njaba. Mung wadhah kang kala-kala merbawani dideleng saka njaba. Nanging hakikate, niyate, isine, krentege ati kang paling jero kala-kala isih ngambang. Durung mandhes.

Gladhen Soal Basa Jawa kelas X (SMA) materi Artikel

Gladhen Soal Basa Jawa kelas X materi Artikel

1. Jinise karangan ana 5 yaiku....
a. narasi, dheskripsi, geguritan, argumentasi, lan persuasi
b. narasi, dheskripsi, eksposisi, argumentasi, lan persuasi
c. narasi, nasihat, crita, petuah, lan eksposisi
d. narasi, dheskripsi, eksposisi, argumentasi, lan legendha 
e. eksposisi, legendha, mitos, narasi, persuasi
a. Fiksi
b. Non fiksi
c. Rekan
d. Imajinatif
e. khayalan
3. Perangan ing ngisor iki sing ora kalebu strukture artikel yaiku...
a. Pada pambuka
b. Pada isi
c. Pada jangkepan
d. Irah-irahan
e. Salam
 
4. Bab kang diandharake sajrone artikel yaiku bab kang gegayutan karo....
a. Crita rakyat
b. Crita fiksi/imajinatif
c. Crita Kanyatan/ fakta
d. Crita carangan
e. Crita mitos
 
5. Reriptan ing ngisor iki kang kalebu artikel yaiku....
a. Pawarta
b. Fabel
c. Crita babad
d. Ramalan
e. Primbon
 
6. Karangan narasi nduweni teges....
a. Karangan kang isine menehi gambaran kahanan samubarang.
b. Karangan kang isine menehi katrangan salah sijine masalah.
c. Karangan kang nyritakake samubarang kanthi runtut. 
d. Karangan kang tujuwane mbuktekake samubarang kanthi menehi argumen.
e. Karangan kang ngrembug khayalane crita

7. Karangan kang tujuwane mbuktekake samubarang kanthi menehi argumen minangka tandha bukti saengga sing padha maca ngakoni yen samubarang mau bener kaya sing dikandhakake. Katrangan kasebut kalebu tegese karangan....
a. narasi
b. dheskripsi
c. persuasi
d. argumentasi
e. eksposisi








a. Irah-irahan
b. Pada pamungkas
c. Pada isi/panjelas
d. Pada panutup/dudutan
e. Pada panutup








a. Kanggo hiburan
b. Kanggo seneng-seneng
c. Menehi informasi utawa katrangan ngenani sawijine bab
d. Kanggo sarana medharake imajinasi
e. Kanggo gegojegan


10. 
Mula saiki ayo padha mbrantas lan nyegah nyamuk demam berdarah kanthi njaga reresikan. Sabab penyakit demam berdarah iki bisa nuwuhake bebaya kang gedhe. Akeh wong gedhe-cilik padha ninggal donya amarga iki. Gatekna unen-unen iki. “Luwih becik nyegah, tinimbang ngobati”.
Saka wacan kasebut ana unen-unen “luwih becik nyegah, tinimbang ngobati”, unen-unen kasebut nduweni teges....
a. Nduwe luwih apik tinimbang ora nduwe.
b. Luwih apik nduwe obat timbang ora lara.
c. Luwih becik mangan timbang luwe.
d. Nyegah luwih apik timbang nambani. 
e. Nyegah ora apik, luwih apik ditambani

Wednesday, April 28, 2021

Materi Tata Tulis Aksara Swara

Materi Tata Tulis Aksara Swara

Aksara Swara beda karo aksara murda. Aksara murda kanggo nulis pakurmatan yaiku nulis jeneng pawongan, nulis papan panggonan (desa, kutha, kantor), nulis gelar pakurmatan. Aksara swara dienggo nulis vokal (a,i,u,e,o) saka basa manca sing kudu dicethakake. Basa Jawa kadhangkala uga ngadhopsi basa manca/luar negri. tuladhane kaya basa arab lan basa inggris. Kanggo mbedakake basa serapan saka manca mula perlu ditulis nganggo aksara swara kang cacahe ana lima.

Cacahe aksara swara ana 5 yaiku :










Gunane aksara swara kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, kayata:














Aksara swara ora kena dadi pasangan. Manawa dumunung ing samburine wanda sigeg, aksara sesigeging wanda iku kudu dipangku. Tuladhane:










Aksara swara iku ora kena ditrapi sandhangan swara. Tuladhane:




Materi tata tulis Aksara Murda

 Aksara Murda lan Aksara Swara

Nulis ukara migunakake aksara Jawa kuwi pancen gampang-gampang angel, gampang yen wis ngerti tata cara lan pepeling-pepeling kang kudu digatekake, angel yen durung ngerti lan durung paham ngenani tata cara lan pepeling jrone nulis aksara jawa.

Dene pepeling kang kudu digatekake ing antarane:

  1. Saben nulis ukara kudu diwiwiti nganggo pada adeg-adeg (?) lan dipungkasi nganggo pada lingsa utawa lungsi (,utawa.). Pada lingsa (,) dienggo nalika mungkasi ukara kang mawa pangkon dene pada lungsi (.) dienggo nalika mungkasi ukara kang ora migunakake pangkon.Pada lingsa uga kanggo tandha koma.






Aksara Murda

Murda= sirah
Aksara Murda = aksara sirah, aksara sesirah

Aksara Murda iku satemene ora ana.Wondene kang lumrahe diarani aksara murda iku, utawa kang dianggep minangka aksara murda iku sejatine aksara Mahaprana, yaiku aksara kang pancene kudu diucapake kanthi abab akeh; kosok baline aksara alprapana, yaiku aksara kang diucapake lumrah (kanthi abab saithik). Cacahe aksara murda ana wolu, yaiku:











Aksara murda mung kanggo ing tata-prungu, tegese kanggo pakurmatan. Aksara murda ora kena dadi sesigeging wanda. Ing jaman biyen kang lumrah ditulis nganggo aksara murda yaiku asmane para luhur, jejuluke lan padununge, minangka pakurmatan. 

Tuladhane kayata:

Dewi Sinta putrine prabu Janaka ratu nagara Mantili.





Saiki jaman demokrasi, prayogane kabeh jenenge wong lan jenenge titah kang tata carane urip kaya manungsa, kayata raseksa, wanara, lan sapanunggalane kang kasebut ing carita padhalangan lan liya-liyane, katulis nganggo aksara murda. Cukup nganggo aksara murda siji wae, aksara kang ngarep dhewe. Yen aksara sing ngarep dhewe ora ana murdane, ya aksara mburine, yen mburine ora ana ya mburine maneh. Tuladhane:







A. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1. Pira cacahe aksara murda? Sebutna lan tulisen aksarane!
2. Apa gunane/fungsine aksara murda? Andharna panemumu!
3. Kepriye paugerane/aturane nulis aksara murda? Andharna panemumu!
4. Owahana tembung ing ngisor iki nganggo aksara Jawa lan Aksara Murda!
a. Kutha Ponorogo
b. Taman Bungkul
c. Dhinas Pendhidhikan 
d. Joko Sampurno
e. Prabu Siliwangi
5. Owahana ukara ing ngisor iki nganggo aksara Jawa lan Aksara Murda!
a. Presiden Susilo Bambang Yudhoyono tindak dhateng kutha Mojokerto.
b. Prabu Brawijaya ratu kang kondhang ing Majapahit.










Wednesday, March 17, 2021

GLADHEN SOAL BASA JAWA PENILAIAN TENGAH SEMESTER GENAP KELAS 8

GLADHEN SOAL BASA JAWA PENILAIAN TENGAH SEMESTER GENAP KELAS 8

Wacanen kanthi patitis pitakon-pitakon ing ngisor iki, banjur wangsulana kanthi milih salah siji wangsulan sing paling bener !

1. Salah sijine alat / piranti kanggo ngungkapake kekarepan ati kanthi cara ditulis diarani :
a. geguritan
b. tembang macapat
c. cerkak
d. layang

2. Layang kang isine cekak/ ringkes lan ditulis ing dluwang lan kudu ditengeri diarani layang :
a. iber-iber
b. ulem
c. kitir
d. Paturan

3. Tuladhane layang kitir yaiku …..
a. undangan manten
b. surat perintah
c. resep dokter
d. undangan sunatan

4. Layang lkang isine undhangan pawongan kang lagi arep duwe gawe diarani layang …..
a. iber-iber
b. dhawuh
c. ulem
d. paturan

5. Tuladhane layang dhawuh yaiku …..
a. surat perintah
b.undangan manten
c. resep dokter
d. nota

6. Tuladhane layang ulem yaiku …..
a. nota
b. surat perintah
c. resep dokter
d. undangan manten

7. Perangan layang kang mratelake marang sapa layang ditujokake utawa isi tujuan layang kang ditulis /dikirimakediarani …..
a. titi mangsa
b. adangiyah
c. satata basa
d. paprenah

8. Perangane layang sing mratelake ing ngendi lan kapan layang kasebut ditulis / digawediarani …..
a. titi mangsa
b. adangiyah
c. satata basa
d. surasa basa

9. Gatekna tuladha ing ngisor iki :

Katur
Mbak Erna
Ing ndalem

Mbak , ngapunten aku sore iki during bisa mbalekake buku amarga awaku lag lungkrah amarga mau kudanan, Insya Allah sesuk awan tak ampirke.

Malang, 20 Nopember 2014

Santi

Tuladha layang ing dhuwur kalebu jenise layang …….
a. iber-iber
b. ulem
c. kitir
d. Paturan

10. Gatekna tuladha ing ngisor iki :

Kanthi serat punika kula ngaturi pirsa bilih kawontenan kula ing Malang , tansah pinaringan rahayu wilujeng ing pangayomanipun Gusti ingkang Maha Kuwaos, Ingkang kulasuwun mugi - mugi kawontena bapak dalah ibu saha kaluwarga ing Kediri semanten ugi.

Tuladha perangane layang ing dhuwur kalebu perangan …..
a. titi mangsa
b. adangiyah
c. purwaka basa/pambuka
d. paprenah

11. Gatekna tuladha ing ngisor iki :

Wusana cekap semanten atur kula, mboten kesupen kula nyuwun pangestunipun badhe UAS bilih wonten kirang langkungipun atur, kula nyuwun lumuturing sih samudra pangaksami.

Tuladha perangane layang ing dhuwur kalebu perangan :
a. wasana basa /panutup
b. adangiyah
c. paprenah
d. titi mangsa

12. Gatekna pethikan layang ing ngisor iki :

Ngenani suratmu wis dak tampa wingi sore ibu wis transfer Rp. 175.000 kanggo mbayar kegiatanmu lan kanggo tambahan sangu mulih. Ibu mung pesen mengko yen wis rampung kegitanmu banjur prei sekolah kowe enggal balia amarga bapak ibu lan kaluarga ing Kediri padha kangen. Lan ati – ati aja sembrana.

Pethikan perangane layang ing dhuwur kalebu perangan :
a.titi mangsa
b. adangiyah
c. paprenah
d. surasa basa

13. Tembang macapat sing duwe watak seneng lan tresna asih yaiku…
a. Kinanthi
b. Pangkur
c. Asmaradana
d. Dhandhanggula

14. Macem-maceme paugeran (aturan) tembang macapat yaiku…
a. Guru lagu, guru wilangan, guru gatra
b. Guru lagu, guru wilangan, guru swara
c. Guru gatra, guru wilangan, guru basa
d. Guru wilangan, guru gatra, guru lumaksita

15. Guru wilangan yaiku…
a. Cacahe gatra saben sapada
b. Cacahe swara saben sagatra
c. Cacahe wanda saben sapada
d. Cacahe wanda saben sagatra

16.  Kinanthi

Marang anak lan putuku,
Sinaua sing taberi,
Ngurmati ibu lan bapa,
Ndonga ngibadah tan lali,
Dadya tunasing nagara,
Jer iku laku utami.

Guru gatra tembang kasebut, yaiku...
a. 5
b. 7
c. 6
d. 8

17. Kinanthi

Marang anak lan putuku,
Sinaua sing taberi,
Ngurmati ibu lan bapa,
Ndonga ngibadah tan lali,
Dadya tunasing nagara,
Jer iku laku utami.

Guru lagu lan guru wilangane, yaiku...
a. 8u, 8i, 8a, 8a, 8i, 8a
b. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
c. 8u, 8i, 8a, 7i, 8a, 7i
d. 7u, 8i, 8a, 7i, 8a, 8i

18. Pitutur sing jangkep ing tembang kasebut yaiku...
a. Kita kudu sinau sing taberi
b.Kita kudu ngurmati wong tuwa
c. Kita kudu ndonga lan ngibadhah
d. Kta kudu sinau, ngurmati wong tuwa, ndonga lan ngibadhah

19. Ing ngisor iki kang kalebu jenise tembang macapat sing bener, yaiku...
a. Gambuh, Kinanthi,Prau layar
b. Pocung, Sinom, Gambang suling
c. Gambang suling, Ilir-ilir, Prau layar
d. Pocung, Gambuh, Dhandhanggula

20. Kidang Talun, kalebu jenise tembang...
a,. Macapat
b. Dolanan
c. Pop jawa
d. Campur sari

21. Supaya gampang nembang sekar macapat dibutuhake cakepan tembang. Cakepan tembang yaiku….
a. notasi vocal
b. syair tembang
c. jinising tembang
d. metrum tembang

22. “Nelangsa, ngeres-eresi, sedih” lan “mahyaaken raos panalangsa”, iku kalebu watak lan gunane tembang….
a. Mijil
b. Durma
c. Sinom
d. Maskumambang

23. Salah siji watak tembang macapat “pangkur” ing ngisor iki kangbener yaiku….
a. keras, nepsu, semangat
b. luwes, gumbira, endah
c. sereng, nepsu, gandrung
d. asih, prihatin, pangajab

24.. Salah siji gunane tembang macapat “durma” ing ngisor iki yaiku….
a. mituturi, pratelan tresna
b. mahyaaken raos panalangsa
c. piwulang, wewarah
d. nggambaraken tiyang nepsu, perang

25. Pangkur

Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji

Guru lagu lan guru wilangane, yaiku...
a. 8i, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
b. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
c. 8u, 11u, 8a, 7a, 12u, 8a, 8i
d. 8a, 11i, 8u, 7a, 10u, 8a, 8i

Thursday, March 11, 2021

Materi Teges lan Titikane Drama Modern Jawa (Bedane karo Drama Tradhisional)

Para siswa kang kinasih, sawise sampeyan nyinaoni bab drama tradhisional ing semester ganjil, ing semester ganep sampeyan bakal sinau ngenani drama modern.

Drama ing basa Jawa uga diarani Sandhiwara, yaiku saka tembung sandhi kang tegese nyingitake/nyamarake lan wara kang tegese ajawan/wewarah. Dadi tegese sandhiwara yaiku ajaran utawa wewarah kang disingitake utawa disamarake sajrone crita, watak paraga lan cecaturane para paraga.

Drama utawa sandhiwara ora mung kanggo TONTONAN nanging uga kanggo TUNTUNAN kanggo para penonton. Mula sajrone drama mesthi ana amanat utawa nilai-nilai kang bisa dituladha lan isih laras utawa relevan karo kahanan jaman saiki.

Jinise drama yen diperang miturut teknik garapane dadi loro yaiku, drama Tradhisional lan Drama Modern.

Titikaken drama modern kang mbedakake karo drama tradhisional yaiki :

Drama Tradhisinoal
  1. Ora nggunakake naskah, cecaturane para paraga dadakan (improvisasi). Tuladha Ludruk lan Kethoprak.
  2. Isine nyritakae jaman perjuangan lan jaman kerajaan (istanasentris)
  3. Diiringi nggunakake musik tradhisional (gamelan)
  4. Busana kang digunakake laras karo isine crita yaiku perjuangan utawa kerajaan.
  5. Setting lan tata panggung prasaja kaya jaman biyen.
Drama Modern
  1. Kudu nggunakake naskah drama. Cecaturane paraga kudu padha karo naskah. Tuladha : Teater, Drama kreasi.
  2. Isine nyritakake panguripan masyarakat aman saiki.
  3. Diiringi nggunakake musik kontemporer (campuran tradhisional lan modern)
  4. Busana kang digunakake salumrahe busana jaman saiki.
  5. Setting lan tata panggung luwih megah lan modern.
Supaya luwih cetha lan gamblang andharan ngenani bedane drama modern lan drama tradhisional, bisa disemak ing vidheo youtube ing ngisor iki,


GLADHEN SOAL BASA JAWA PENILAIAN AKHIR SEMESTER (PAS) GENAP KELAS 9




GLADHEN SOAL BASA JAWA PENILAIAN AKHIR SEMESTER (PAS) GENAP KELAS 9

Wacanen kanthi patitis pitakon-pitakon ing ngisor iki, banjur wangsulana kanthi milih salah siji wangsulan sing paling bener !

1. Drama sing lumrahe (umume) nyritakake ngeneni crita uripe manungsa saben dina, kalebu drama
a. Opera
b. Drama tradisional
c. Drama modern
d. Drama kontemporer

2. Pesen utawa nilai moral sing disampekake marang pamiarsa drama, kalebu struktur teks drama..
a. Koda
b. Resolusi
c. Orientasi
d. Komplikasi

3. Para paraga dikenalake watake, uga pandapuke ing drama, kalebu struktur teks drama :
a. Koda
b. Resolusi
c. Orientasi
d. Komplikasi

4. Para paraga nemokake cara kanggo grampungi masalah, kalebu struktur teks drama :
a. Koda
b. Resolusi
c. Orientasi
d. Komplikasi

5. Para paraga diadhepake ing prakara(konflik) nganti klimak, kalebu struktur teks drama :
a. Koda
b. Resolusi
c. Orientasi
d. Komplikasi
6. Urutan kadadean kang dilakoni paraga saka babak wiwitan nganti pungkasan diarani :

a. Tema
b. Latar/setting
c. Alur
d. Amanat

7. Masalah kang wigati (utama) kang dadi sumber utawa dasare crita diarani :
a. Tema
b. Latar/setting
c. Alur
d. Amanat

8. Narasi kang dadi panutupe pementasan drama diarani :
a. Dialog
b. Monolog
c. Prolog
d. Epilog

9. Narasi kang dadi pambukane pementasan drama diarani :
a. Dialog
b. Monolog
c. Prolog
d. Epilog

10. Alur drama sing kadadean urut saka wiwitan nganti pungkasan diarani ...
a. alur maju
b. alur mundur
c. alur campuran
d. alur maju mundur

11. Narasi kang ana ing ngarep drama (sadurunge paraga omong-omongan) diarani...
a. dialog
b. prolog
c. epilog
d. monolog

12. Pesen moral kang disampekake penulis drama kanggo penonton iku diarani….
a. tema
b. alur
c. watak
d. amanat

13. Paraga kang nduweni watak apik lan disenengi penonton iku diarani paraga….
a. antagonis
b. protagonis
c. tritagonis
d. utama

14. Wong sing nindakake salah sawijining paraga ing drama diarani :
a. Acting
b. Aktor
c. Sutradara
d. Casting

15. Gegambarane sifat utawa watak paraga ing sajrone drama diarani :
a. Actor
b. Karakter
c. Blocking
d. Figuran

16. Panggonan lan wektu dumadine drama diarani :
a. Casting
b. Setting
c. Blocking
d. Figuran

17. Paraga drama nalika guneman ijen ing panggung diarani :
a. Dialog
b. Prolog
c. Epilog
d. Monolog

18. Jeneng kegiyatan, wektu, rantaman acara kalebu perangan struktur teks pelapuran sing diarani :
a. Panutup
b. Isi
c. Dhudhutan
d. Purwaka

19. Ngandharake menewa acara wis kaleksanan lan pangajab saka diadhakake kegiyatan kalebu perangan saka struktur teks pelapuran sing diarani :
a. Panutup
b. Isi
c. Dhudhutan
d. Purwaka

20. Ukara camboran sing kedadeyan saka ukara lamba sing diraketake, kanthi ngilangi gatra / tembung sing padha dijupuk salah siji diarani :
a. Ukara camboran sejajar
b. Ukara camboran raketan
c. Ukara camboran susun
d. Ukara camboran tumpuk

21. Budhe diaturi unjukan banjur diaturi dhahar. Ukara kasebut diarani :
a. Ukara camboran sejajar
b. Ukara camboran raketan
c. Ukara camboran susun
d. Ukara camboran tumpuk

22. Dhani anake wong sugih, ananging watake andhap ashor. Ukara kasebut diarani :
a. Ukara camboran sejajar
b. Ukara camboran raketan
c. Ukara camboran susun
d. Ukara sambawa

23. "...................
Prajurit : “Gusti, dalem namung nindakaken titahipun Sang Raja. Panjenengan dalem damelaken gubug ingantarane wit-wit gedhe .Banjur gaman menika kula jledrehi getihe marmut. Supados Sang Ratu pertados bilih Panjenengan sampun kula pejahi.”
Ratu : “Yen mengkana, dak terima baktimu. Aku ora bakal nglalekake budi lan jasamu.”
Setting panggonan ana ing cuplikan drama kasebut yaiku … ."
a. ing pinggiring kutha
b. ing tengah alas
c. ing keraton
d. ing desa

24. Jaka Tarub : “Ealah, aku tak ngaso ana kene dhisik. Rasane sikil wis kesel kabeh. Wiwit mau mlaku turut alas, golek kewan ora ketemu-ketemu. ” Gremenge (nggremeng dhewe) Jaka Tarub karo leyehan.
Saka cuplikan pacelathon sing ditindakake Jaka Tarub kuwi kalebu jenise .....
a. dialog
b. monolog
c. epilog
d. Prolog

25. Kang kalebu ukara camboran sejajar, yaiku … .
a. Adhi lagi dolanan, bapak ngunjuk kopi, dene kangmas sinau basa Jawa.
b. Para siswa anyar seneng atine, nalika adicara persami.
c. Pak guru mboten siyos tindak amargi gerah waja. 
d. Karjo adus banjur budhal sekolah.