Kethoprak Milenial Sanggar Bharada

Para seniman muda bermain peran dalam kesenian Kethoprak sebagai upaya melestarikan kebudayaan dan kesenian treadisional Jawa.

Ludruk Milenial Sanggar Bharada

Para seniman muda bermain peran dalam kesenian ludruk sebagai upaya melestarikan kebudayaan dan kesenian treadisional Jawa.

Tradisi Mantenan Adat Jawa

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang praktik tradisi mantenan adat Jawa.

Tradisi Mantenan Adat Jawa

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang praktik tradisi mantenan adat Jawa.

Parade Musik Gamelan

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang mengikuti parade musik gamelan di Royal Plaza Surabaya.

Fragmen Kethoprak Sumenten Edan

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang menampilkan fragmen kethoprak Suminten Edan di TVRI Jawa Timur.

Wednesday, November 18, 2020

Materi Struktur lan Cengkorongan Teks Pidhato - Bahasa Jawa Kelas IX

Para siswa kelas IX kang kinasih, ing postingan blog iki sampeyan kabeh bakal nyinaoni ngenani Struktur Teks Sesorah, Cengkorongan Teks Sesorah lan ngembangake cengkorongan sesorah dadi teks sesorah.

Sadurunge miwiti sinau maca materi, ayo padha dedonga dhisik miturut agama lan kapitayane dhewe-dhewesupaya materi kang disinoni migunan.

Kompetensi Dasar:
3.3 Memahami struktur teks, dan unsur kebahasaan dari teks pidato.
4.3 Menyusun teks pidato, berpidato pada suatu kegiatan sekolah sesuai konteks.

Indikator:
3.4.1 Mengidentifikasi struktur teks pidato. 
3.4.2 Menganalis struktur teks pidato. 
3.4.3 Memerinci kerangka teks pidato 
3.4.4 Membandingkan ciri kebahasaan teks pidato resmi dengan pidato tak resmi. 
3.4.5 Menelaah kaidah penulisan teks pidato. 

4.3.1 Merumuskan kerangka pidato 
4.3.2 Mendesain kerangka pidato menjadi naskah pidato lengkap sesuai konteks. 
4.3.3 Mencipta teks pidato. 
4.3.4 Berlatih membaca teks pidato. 
4.3.5 Melakukan pidato tentang kegiatan tertentu sesuai konteks


TEGESE PIDHATO
Pidhato yaiku nglairake gagasan, panemu, utawa osiking ati sarana lisan ana sangarepe pawongan akeh. Tumindak micara kuwi kalebu sakabehing polahing wong sing mujudake polahing tumindak , kalebu obahing awak, pasuryan, rasa-pangrasa sarta jiwaning manungsa. Mula kuwi panindaking micara sawenehing wong bisa ora lumaku kanthi apik, amarga ora ana wong urip sing sampurna. Mula pidhato kudu digladhi, tansah nyinau sarta nulad para priyayi sing wis limpad.

STRUKTUR TEKS PIDHATO
Teks pidhato kuwi duweni struktur kang kudu digatekake. Struktur dhewe yaiku perangansaka teks kang minangka panthan lan kudu dirantam kanthi tumata utawa urut lan ora kena diwolak-walik. 
Dene umume struktur pidhato kuwi ana telu : 
1. Pambuka 
2. Isi (Wos) 
3. Panutup

CENGKORONGAN TEKS PIDHATO
Saben perangan saka struktur teks pidhato dumadi saka pirang-pirang bagean sing diarani cengkorongan teks pidhato utawa kerangka teks pidhato. Supaya luwih cetha apa wae cengkorongane teks pidhato bisa kawawas ing andharan ngisor iki :

A. Pambuka
  1. Salam Pambuka
  2. Atur panyapa (Pakurmatan)
  3. Pepujen 
  4. Mbabar diri 
  5. Nyuwun Palilah Mbeber Pikajengan (Tema/Topik Pidhato)
B. Isi (Wos)
  1. Apa / Punapa? 
  2. Sapa / Sinten? 
  3. Kapan / Benjing menapa? 
  4. Ing ngendi / Wonten Pundi? 
  5. Geneya / Kenging punapa? 
  6. Kepriye / Kadospundi?
C. Panutup

  1. Dudutan
  2. Nyuwun Pangapunten
  3. Atur Panuwun
  4. Atur Pepujen / Sesanti
  5. Atur Salam Panutup

Supaya Luwih Gamblang lan Cetha Wacanen materi ing sematan ngisor iki :


Saliyane maca materi ing ndhuwur, sampeyan uga bisa ndelelng vidheo pasinaon iki kanggo sinau ngenani materi pidhato.
Vidoe Pasinaon liyane bisa dideleng ing channel Youtube : Kang Hamdan Syauqi.


Sawise nyinaoni ngenaini Struktur Teks Pidhato Lan Cengkorongan Teks Pidhato. Sabanjure ana kagiyatan sing kudu ditindakake dening para siswa. Yaiku gladhen / Laitihan nganalisis struktur lan cengkorongan teks pidhato, sabanjure nyusun cengkorongan teks pidhato kanthi tema/topik kang ditemtokake.

LKPD (LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK)


SUGENG MAKARYA!!

Tuesday, October 20, 2020

MATERI KAIDAH PENYUSUNAN PEDOMAN (DAFTAR PERTANYAAN) WAWANCARA BAHASA JAWA

 

A. KAIDAH / LELANDHESAN WAWANCARA

Para siswa kelas VIII kang kinansih,,

Sajrone postingan blog iki bakal, sampeyan kabeh bakal sinau ngenani kaidah utawa lelandhesan wawancara.

Nalika arep nindkake kagiyatan wawancara ana bab-bab sing perelu digatekake, kanthi umum kagiyatan wawancara kudu ana :

1. Nyamaptakake Wawancara

2. Nindakake Wawancara

3. Nglaporake Wawancara

Perangan sing sepisan yaiku nyamaptakake waancara, utawa ing basa indonesia arane "menyiapkan / persiapan wawancara"

Sajrone nyamaptakake wawancara, ana kagiyatan nyusun dhaftar pitakon kanggo wawancara. Dhaftar pitakon iki pentig banget amarga minangka pedhoman nalika nindakake wawancara.

Dhaftar pitakon kang disusun kudu adhehdasar kaidah utawa lelandhesan.

Kanggo nyinaoni ngenani nyusun dhaftar pitakon wawancara ayo padha diwaca materi ing ingisor iki :


MATERI ING NDHUWUR NGANDHARAKE BABA-BAB APA WAE SING KUDU DIGATEKAKE NALIKA AREP NINDAKAKE WAWANCARA, KALEBU NYUSUN DHAFTAR PITAKON WAWANCARA ADHEDHASAR KAIDAH UATAWA LELANDHESAN 5W + 1H


Para siswa Kang kinansih, saliyane sampeyan maca materi, supaya luwih ceyha lan jelas nengani materi kasebut ayo padha ditonton lan dijingglengi video pasinaon ing ngisor iki :


B. TATA URUTAN DHAFTAR PITAKONAN WAWANCARA

Nalika nyusun dhaftar pitakonan wawancara nggunakake kaidah 5W + 1 H kudu urut manut strukture wawancara. Strukture wawancara yaku Idhentifkasi, Klasifikasi lan Dheskripsi Bagean.

1. UMUM ( IDHENTIFIKASI)
    a. Apa ( Punapa. Menapa) = apa
    b. Sapa ( Sinten) = siapa
    c. Kapan ( Kala punapa / Kapan) = kapan
    d. Ing Endi ( Wonten pundi) = di mana

2. LUWIH RINCI ( KLASFKASI, DHESKRIPSI BAGEAN)
    a. Apa ( Punapa, Menapa) = apa
    b. Geneya ( Kengng punapa) = mengapa
    c. Kepriye ( Kadospundi) = bagaimana

Dhaftar pitakon wawancara kudu urut wiwit bab sing umum marang bab sing luwih rinci.

C. BASA SAJRONE NINDAKAKE WAWANCARA


Nalika nindakake wawancara kudu duweni unggah-ungguh lan tata krama. khususe undha usuk basa Jawa. Pewawancara becike nggunakake basa krama inggil marang narasumber kanggo ngajeni utawa menghormati nara susmber. Mula saka kuwi nalika nggawe dhaftar pitakon wawancara kudu nggunakake basa jawa krama inggil
Kanggo ngerteni bab unggahungguh basa Jawa bisa diwaca ing LINK ngisor iki :



TIPS : APLIKASI KAMUS ONLINE BASA JAWA / TRANSLATOR JAWA

Kanggo nggampangake ngowahi basa Indonesia / Jawa ngoko ing basa krama sampeyan bisa nggunkakae kamus onlien basa Jawa utawa translator jawa kanthi KLIK LINK ing ngisor iki banjur tulisen ukara sing arep kokowahi dadi basa krama inggil :



Gladhen :
Owahana ukara pitakon ing ngisor iki dadi basa Jawa krama alus / inggil!

  • Apa sing diarani Narkoba?
  • Saka ngendi asale Narkoba?
  • Wiwit kapan Narkoba nyebar ing Indonesia?
  • Apa bebayane narkoba kanggo kesehatan?
  • Sapa sing paling akeh nyalahgunakake narkoba?
  • Geneya kita kudu ngadohi Narkoba?
  • Kepriye carane nambani wong sing kecanduan Narkoba?
  • Ing ngendi para pecandu narkoba ditambani?
  • Kepriye carane supaya para mudha ora kena bebaya Narkoba?



Muga-muga cara ing ndhuwur bisa nggampangake sampeyan kabeh nggawe pitakon wawancara basa Jawa nggunakake basa krama inggil.


Para siswa kang Kinasih, ing ndhuwur minangka video pasinaon Basa Jawa kang ngrebung ngenani wawancara, mligine yaiku lelandhesane wawancara.

Sawise sampeyan sinau ngenani materi ing ndhuwur saiki coba digarap gladhen klompok ing ngisor iki :


1. Gawea kelompok sinau, sakelompok dumadi saka 4-5 anggota.

2. Gawea cengkorongan / pedhoman wawancara (Topik, Pewawancara, Narasumber, Waktu lan Panggonan Wawancara)!

3. Gawea ukara pitakon kanggo wawancara kanthi tema sing kok pilih  nggunakake basa krama inggil
(Ukara pitakon kudu adhedhasar lelandhesan) 

a. Menapa/Punapa – objek (What) 
b. Kapan  – wektu (When) 
c. Wonten pundi / Saking Pundi – Panggonan (Where) 
d. Sinten – Wong (Who) 
e. Kenging punapa – Alasan (Why) 
f. Kadopundi- Cara (How) 

4. Nalika nggawe dhaftar pitakon kudu urut manut strukture!

5. Asil garapan kelompokmu banjur presentasekake sangarepe kanca-kancamu kanthi sopan santun!


SUGENG MAKARYA....!!!

SEMANGAT...

AJA LALI NULIS KOMENTAR (NAMA, NO ABSEN LAN KELAS) ING KOLOM KOMENTAR NGISOR IKI!


Friday, October 9, 2020

MATERI BAHAN AJAR BASA JAWA "UNSUR BASA TEKS WAWANCARA" Pertemuan 2 + VIDEO PEMBELAJARAN

Para siswa kelas 8 kang kinasih, ana ing postingan iki bakal diandharake ngenani materi WAWANCARA Pertemuan kapindho yaiku ngrembug ngenani UNSUR BASA TEKS WAWANCARA (Ukara Tanduk, Ukara Tanggap, Ukara Pitakon lan Unnggah-ungguh Basa Jawa).

Materi bahan ajar bisa diwaca lan disinaoni ana ngsor iki!



Media Video Pasinaon :



Media Powerpoint :



Thursday, October 1, 2020

MATERI BAHAN AJAR BASA JAWA "WAWANCARA Pertemuan 1" + VIDEO PEMBELAJARAN


TEGESE WAWANCARA 
Wawancara yaiku kegiatan dhialog utawa cecaturan antarane pewawancara utawa wong sing golek informasi lan narasumber. Pewawancara yaiku pawongan sing golek informasi, dene narasumber yaiku wong sing dadi sumbere pitakonan. Narasumber kudu wong sing ngerti sakabehe informasi sing dibutuhake. 

TUJUAN WAWANCARA

Tujuane wawancara yaiku golek warta, informasi, katrangan ngenani sawenehe bab kanggo kaperluan tartamtu. Tuladha, wartawan kang lagi golek warta, murid-murid kang oleh tugas nindakake panliten, lan sapanunggalane. Teks wawancara yaiku teks sing nggambarake pacelathon utawa dhialog antarane pewawancara karo narasumber.

STRUKTUR WAWANCARA

Struktur dhewe tegese yaiku susunan utawa urutan sing kudu ditulis utawa ditindkake kathiruntut ora bisa diwolak-walik. Semono uga sajrone nindakake kagiyatan wawancara ana struktur kang kudu digatekake. Dene struktur wawancara kaperang dadi telu yaiku :
a. Idhentifikasi 
b. Klasifikasi/dhefinisi
c. Dheskripsi Bagean

Kanggo menehi gambaran kang luwih cetha bisa dideleng ing bagan utawa dhiagram ing ngisor iki :

bagan struktur wawancara
Pepeling:

Struktur teks wawancara kedadean saka: 

1. Idhentifikasi Yaiku perangan utawa bagean teks sing nerangake titikan (ciri), barang, tandha lan sapanunggalane.

2. Klasifikasi/dhefinisi Yaiku perangan teks kang mantha-mantha utawa milah manut jinise utawa klompoke

3. Dheskripsi bagean Yaiku perangan teks sing nerangake gegambaran sing luwih rinci lan cetha.


Supaya luwih gamblang ngenani andharan materi teges, tujuwan lan Strukture teks Wawancara bisa diwaca bahan ajar ing ngisor iki :




Ana ing ndhuwur muudake Bahan Ajar Ngenani Materi Wawancara. Bisa dingerteni yen nalika nindakake wawancara uga ana susunane lan urut-urutane. Saliyane kuwi uga kudu nggatekake unggah-ungguh basa lan tata krama sing becik.

Supaya luwih paham ngenani materi sesorah, ayo padha disemak video pasinaon ngenani struktur wawancara ing ngiosr iki :




Ing ngisor iki uga diwenehi materi kang waujud power pount sing bisa kanggo sinau. Power point bisa didelelng lan didownload ing ngisor iki :




Cukup semene materi wawancara ing pepanggihan sepisan iki, besuk bakal diterusake materii wawancara sing kapindho yaiku ngenai Unsur Kebahasaan lan nyususn pitakonan kanggo wawancara.

SEMANGATTT SIANU BASA JAWA..

Sunday, September 27, 2020

LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK (LKPD) KELAS IX KD (3.3, 4.3) MATERI PIDHATO/SESORAH_Pertemuan 1

LKPD Sesorah

Para siswa kelas IX kang kinasih,....

TANSAH SEMANGAT NGGIH... 

Sawise nyinaoni materi Pidhato utawa Sesorah mligine ngenani teges, tujuan lan strukture sesorah saiki ayo padha digarap LKPD utawa garapan ing ngisor iki!

LKPD MATERI PIDHATO / SESORAH



SAWISE PARA SISWA RAMPUNG ANGGONE NGGARAP LKPD ING NDHUWUR, KANGGO NGERTENI GARAPANE WIS TERKIRIM APA DURUNG BISA DIDELENG ING TABEL NGISOR IKI :


Monday, September 21, 2020

Cerita Wayang "BHARATAYUDA" - Basa Jawa Kelas VII

BHARATAYUDHA 

Kresna kang tumuju Gajahwaya, saperlu makili Pandhawa ing rembugan karo Kurawa ngenani perangane kerajaan.Drsharasta ngutus supaya kabeh disiapake.Krsna disuguhi kanthi becik nanging Krsna nampik jalaran durung anane asil saka rembugan mau. Duryodhana nganakake rembugan karo Dussana, Sakuni lan Karna. Katelune ngelingake yen Krsna kuwi mungsuhe wong telu mau. Nalika kabeh wis kumpul, Krsna duwe panyuwunan supaya peperangan bisa dirembug kanthi paseduluran lan nggunaake cara yaiku merang kekuwasaan kerajaan. Usule Krsna disengkuyung dening Dorna lan Bisma, nanging Duryodhana ora setuju karo panyuwune Krsna lan kepingin perang tetep dilaksanaake. Sabanjure Krsna pamit marang bulike kang asma Kunthi.Kunthi aweh piweling marang Krsna supaya nduweni watek ksatriya.Sabanjure Krsna njaluk marang Karna supaya mbela Pandhawa, nanging Karna nampik panjaluk mau. 

Para Pandhawa nampa warta ngenani lakune Krsna kang njaluk dalan paseduluran mau, sawise ngerti yen Kurawa ngajak peperangan, Pandhawa siap – siap kanggo perang. Pandhawa tumuju ing tegal Kurusetra.Panglima perange Pandhawa yaiku Sweta. Kurawa siap – siap budhal menyang Kurusetra, lan panglima perang Kurawa yaiku Bhisma. 

Peperangan diwiwiti ing Kurusetra.Sweta gugur ing peperangan jalaran Bhisma.Sesuke peperangan dibacutake, ing peperangan kapindho iki Krsna ora melu langsung sajrone peperangan asile Bhisma gugur merga kena panahe Arjuna.Drona kang dadi panglimane para Kurawa.janji marang Duryodhana, yen arep nggawa Yudhistira lan diadhepake ing Duryodhana, nanging Arjuna lan Bhima ora oleh ana ing peperangan. Abimanyu nantang para Kurawa ing peperangan, nganti diadhepi dening Duryodhana. Pandhawa nyoba aweh pitulungan marang Abimanyu nanging dialangi dening Jayadratha. 

Abimanyu banjur dikalahake dening bala kang luwih akeh banjur tiwas. Jisime dikupengi dening ibune lan rong garwane Uttari lan Siti Sundari. Arjuna perang lawan Bhisma.Arjuna sedih banget jalaran kelangan Abhimanyu.Yudhistira njelasake nalika arep nulung Abimanyu dialangi Jayadratha.Arjuna kepingin pati Jayadratha. 

Peperangan ditutukake.Kreta titihane Duryodhana dirusak dening Arjuna saengga Duryodhana ninggalake peperangan. Ana uga peperangan antarane Bhurisrawa lan Satyaki. Nalika Satyaki arep dikalahake karo Bhurisrawa, lengene Bhurisrawa ditugel dening Arjuna, saingga Satyaki mateni Bhurisrawa. Arjuna lan Bhima kasil mateni bala Kurawa akeh, saingga Arjuna lan Bhima tenagane entek. Kanthi swasana kang kaya mangkene Krsna aweh pitulungan kanthi cara ndelikake srengenge ing walike cakrane Krsna, saingga Kurawa ngira yen wis wengi. Arjuna nanthang Kurawa, lan nglakokake kretane ing Jayadratha, Jayadratha kasil dipateni Arjuna. Karna kang banjur dadi panglimane Kurawa. 

Pratipeya peperangan karo Setyaki, nanging Pratipeya kasil dipateni dening Bhima. Karna melu ing peperangan.Yudhistira ngutus Arjuna supaya ngadhepi Karna, nanging miturut Arjuna kang bisa ngadhepi Karna yaiku Ghatotkaca.Panemune Arjuna disengkuyung.Ghatotkaca kasil mateni raksesa.Karna kasil ngajurake kretane Ghatotkaca. Ghatotkaca kena panah lan tiwas. Para Pandawa sedih jalaran Ghatotkaca tiwas. Dorna ora bisa diadhepi kanthi peperangan salumrahe mula Krsna bakal nggawe siasat kanggo ngalahake Dorna. Siasat kang dilakoni dening Krsna yaiku ngabarake yen Aswatama gugur, kanthi cara mangkono 

dadekake Dorna ora duwe daya. Nanging Yudhistira lan Arjuna ora setuju karo siasat mau. Sawise Bhima kasil mateni gajah kang aran gajah Aswattama, mula Yudhistira setuju marang siasat mau. Siasat mau banjur dilakoni. Drona semaput , Dhrsadyyuma kasil nugel sirahe Dorna. Aswattama males patine Drona. Krsna merintahake marang Pandawa supaya ngendhekake perang. Aswatthawa dikalahake dening Arjuna, lan mundur saka peperangan lan tapa. 

Karna nerusake panglima perange Kurawa. Karna kepingin Salya bisa ngungkuli kasektene Arjuna lan Krsna. Salya nyaguhi panjaluke Karna.Bima adhep adhepan karo Duryodhana.Duryodhana kalah, banjur Dussasana dipateni Bhima. Peperangan antarane Arjuna lan Karna dienteni dening para bala. Karna kasil mati ing tangane Arjuna nalika nyiapake panah kanggo nyerang Arjuna, nanging gulune kena panah Arjuna banjur Karna tiwas. Duryodhana rumangsa yen kalah, banjur njaluk pitulungane Sakuni supaya nggawe siasat wilet.Sakuni sumelang yen wektune ora cukup.Sakuni usul supaya Salya dadi panglima perang. Nanging salya ora gelem nampa pepengine Duyodhana. Salya njelasake supaya peperangan dirembugake kanthi paseduluran.Duryodhana nampik pepenginane Salya. Aswatthama nuduh yen Salya cidra ora gelem bela marang Kurawa. Salya dadi panglimane Kurawa. 

Nalika ing peperangan Salya ketekan Nakula kang diutus Krsna.Nakula ngomong marang Salya supaya ninggalake peperangan.Nakula luwih becik dipateni dening Salya pamane tinimbang Nakula mateni Salya.Salya banjur nerangake ngenani kewajibane dadi satriya. Salya uga nerangake yen Salya bisa mati ing pusakane Yudhistira. 

Salya dikalahake karo Yudhistira, Yudhistira ora tega mateni pamane. Bima mateni Sakuni, lan nguber Duryodhana kang ngilang. Duryudhono siap ngadhepi Bhima.Duryodhana nantang Bhima nggawe gada.Arjuna paring isyarat marang Bhima supaya ngantemake gadane menyang pupune Duryodhana. 

Para Pandawa bali lan nganakake pahargyan jalaran menang. Krsna isih sumelang marang apa kang diucapake Duryodhana nalika tatu. Duryodhana ora bakal mati yen durung mateni Pandawa.Krsna banjur ngutus Pandawa supaya Pandawa teka ing papan suci saperlu nebus dosa.Aswathama mangerteni musuhe kang lagi turu, banjur mateni kabeh musuhe lanang kalebu anake Dropadi. Krsna lan Wyasa nyoba nglipur atine Dropadi. Dropadi kepingin males marang Aswathama lan nyuwun supaya mutiara kang ana ing janggute Aswathama diwenehake marang Dropadi. Bima arep mateni Aswathama nganggo gada, nanging bisa diinggati Aswathama.Arjuna arep manah Aswathama nanging dening Siwa panah kang mubal – mubal mau ora dikeparengake kanggo mateni manungsa.Arjuna manut, nanging Aswathama ora bisa mateni geni.Nuduhake yen kakuwatane Arjuna ora bisa ditandhingi dening Aswathama. Aswathama dipeksa kanggo ngewenehake mutiarane, panah mau ora bisa diinggati lan kena ing wetenge Uttari kang lagi ngandhut, nanging dening Krsna diuripake maneh. Anak kang ana ing guwa garbane Uttari kang dadi raja aran Pariksit.Dropadi banjur menehake mutiyara mau marang Yudhistira banjur dadi ratu ing Indraprastha. Sawise Krsna lan Pandawa bali menyang suwarga lan tiba ing jaman Kali, Wisnu nitis ing Sri Baginda Jayabaya kang bisa nentremake bawana.

Sunday, September 20, 2020

SINAU TOKOH WAYANG RAMAYANA MAHABARATA

Sinau Wayang

Masyarakat Jawa duweni kesenian sing ngrembaka wiwit jaman biyen nganti saiki yaiku Wayang. Wayang dhewe kuwi tegese "bayangan" tegese wewayangen utawa gambarane cerita manungsa kang dipindhanake ing carita wayang. Carita wayang purwa sing ngrembaka ing Jawa ana loro yaiku Cerita Wayang Ramayana lan Cerita Wayang Mahabarata.

Cerita wayang Ramayana luwih tuwa tinimbang Mahabarata, wose utawa intine cerita wayang ramayana yaiku nyritakake katresnane Prabu Ramawijaya karo garwane Dewi Shinta. Tokoh wayang sajrone cerita Ramayana beda karo cerita ing Mahabarata. Kanggo luwih ngerteni tokoh wayang lan watake ing cerita Ramayana bisa disemak ing video ngisor iki :

Video Animasi Tokoh Wayang Mahabarata

Dene ing ngisor iki mujudake andharan tokoh wayang ing crita Ramayana :