Monday, September 21, 2020

Cerita Wayang "BHARATAYUDA" - Basa Jawa Kelas VII

BHARATAYUDHA 

Kresna kang tumuju Gajahwaya, saperlu makili Pandhawa ing rembugan karo Kurawa ngenani perangane kerajaan.Drsharasta ngutus supaya kabeh disiapake.Krsna disuguhi kanthi becik nanging Krsna nampik jalaran durung anane asil saka rembugan mau. Duryodhana nganakake rembugan karo Dussana, Sakuni lan Karna. Katelune ngelingake yen Krsna kuwi mungsuhe wong telu mau. Nalika kabeh wis kumpul, Krsna duwe panyuwunan supaya peperangan bisa dirembug kanthi paseduluran lan nggunaake cara yaiku merang kekuwasaan kerajaan. Usule Krsna disengkuyung dening Dorna lan Bisma, nanging Duryodhana ora setuju karo panyuwune Krsna lan kepingin perang tetep dilaksanaake. Sabanjure Krsna pamit marang bulike kang asma Kunthi.Kunthi aweh piweling marang Krsna supaya nduweni watek ksatriya.Sabanjure Krsna njaluk marang Karna supaya mbela Pandhawa, nanging Karna nampik panjaluk mau. 

Para Pandhawa nampa warta ngenani lakune Krsna kang njaluk dalan paseduluran mau, sawise ngerti yen Kurawa ngajak peperangan, Pandhawa siap – siap kanggo perang. Pandhawa tumuju ing tegal Kurusetra.Panglima perange Pandhawa yaiku Sweta. Kurawa siap – siap budhal menyang Kurusetra, lan panglima perang Kurawa yaiku Bhisma. 

Peperangan diwiwiti ing Kurusetra.Sweta gugur ing peperangan jalaran Bhisma.Sesuke peperangan dibacutake, ing peperangan kapindho iki Krsna ora melu langsung sajrone peperangan asile Bhisma gugur merga kena panahe Arjuna.Drona kang dadi panglimane para Kurawa.janji marang Duryodhana, yen arep nggawa Yudhistira lan diadhepake ing Duryodhana, nanging Arjuna lan Bhima ora oleh ana ing peperangan. Abimanyu nantang para Kurawa ing peperangan, nganti diadhepi dening Duryodhana. Pandhawa nyoba aweh pitulungan marang Abimanyu nanging dialangi dening Jayadratha. 

Abimanyu banjur dikalahake dening bala kang luwih akeh banjur tiwas. Jisime dikupengi dening ibune lan rong garwane Uttari lan Siti Sundari. Arjuna perang lawan Bhisma.Arjuna sedih banget jalaran kelangan Abhimanyu.Yudhistira njelasake nalika arep nulung Abimanyu dialangi Jayadratha.Arjuna kepingin pati Jayadratha. 

Peperangan ditutukake.Kreta titihane Duryodhana dirusak dening Arjuna saengga Duryodhana ninggalake peperangan. Ana uga peperangan antarane Bhurisrawa lan Satyaki. Nalika Satyaki arep dikalahake karo Bhurisrawa, lengene Bhurisrawa ditugel dening Arjuna, saingga Satyaki mateni Bhurisrawa. Arjuna lan Bhima kasil mateni bala Kurawa akeh, saingga Arjuna lan Bhima tenagane entek. Kanthi swasana kang kaya mangkene Krsna aweh pitulungan kanthi cara ndelikake srengenge ing walike cakrane Krsna, saingga Kurawa ngira yen wis wengi. Arjuna nanthang Kurawa, lan nglakokake kretane ing Jayadratha, Jayadratha kasil dipateni Arjuna. Karna kang banjur dadi panglimane Kurawa. 

Pratipeya peperangan karo Setyaki, nanging Pratipeya kasil dipateni dening Bhima. Karna melu ing peperangan.Yudhistira ngutus Arjuna supaya ngadhepi Karna, nanging miturut Arjuna kang bisa ngadhepi Karna yaiku Ghatotkaca.Panemune Arjuna disengkuyung.Ghatotkaca kasil mateni raksesa.Karna kasil ngajurake kretane Ghatotkaca. Ghatotkaca kena panah lan tiwas. Para Pandawa sedih jalaran Ghatotkaca tiwas. Dorna ora bisa diadhepi kanthi peperangan salumrahe mula Krsna bakal nggawe siasat kanggo ngalahake Dorna. Siasat kang dilakoni dening Krsna yaiku ngabarake yen Aswatama gugur, kanthi cara mangkono 

dadekake Dorna ora duwe daya. Nanging Yudhistira lan Arjuna ora setuju karo siasat mau. Sawise Bhima kasil mateni gajah kang aran gajah Aswattama, mula Yudhistira setuju marang siasat mau. Siasat mau banjur dilakoni. Drona semaput , Dhrsadyyuma kasil nugel sirahe Dorna. Aswattama males patine Drona. Krsna merintahake marang Pandawa supaya ngendhekake perang. Aswatthawa dikalahake dening Arjuna, lan mundur saka peperangan lan tapa. 

Karna nerusake panglima perange Kurawa. Karna kepingin Salya bisa ngungkuli kasektene Arjuna lan Krsna. Salya nyaguhi panjaluke Karna.Bima adhep adhepan karo Duryodhana.Duryodhana kalah, banjur Dussasana dipateni Bhima. Peperangan antarane Arjuna lan Karna dienteni dening para bala. Karna kasil mati ing tangane Arjuna nalika nyiapake panah kanggo nyerang Arjuna, nanging gulune kena panah Arjuna banjur Karna tiwas. Duryodhana rumangsa yen kalah, banjur njaluk pitulungane Sakuni supaya nggawe siasat wilet.Sakuni sumelang yen wektune ora cukup.Sakuni usul supaya Salya dadi panglima perang. Nanging salya ora gelem nampa pepengine Duyodhana. Salya njelasake supaya peperangan dirembugake kanthi paseduluran.Duryodhana nampik pepenginane Salya. Aswatthama nuduh yen Salya cidra ora gelem bela marang Kurawa. Salya dadi panglimane Kurawa. 

Nalika ing peperangan Salya ketekan Nakula kang diutus Krsna.Nakula ngomong marang Salya supaya ninggalake peperangan.Nakula luwih becik dipateni dening Salya pamane tinimbang Nakula mateni Salya.Salya banjur nerangake ngenani kewajibane dadi satriya. Salya uga nerangake yen Salya bisa mati ing pusakane Yudhistira. 

Salya dikalahake karo Yudhistira, Yudhistira ora tega mateni pamane. Bima mateni Sakuni, lan nguber Duryodhana kang ngilang. Duryudhono siap ngadhepi Bhima.Duryodhana nantang Bhima nggawe gada.Arjuna paring isyarat marang Bhima supaya ngantemake gadane menyang pupune Duryodhana. 

Para Pandawa bali lan nganakake pahargyan jalaran menang. Krsna isih sumelang marang apa kang diucapake Duryodhana nalika tatu. Duryodhana ora bakal mati yen durung mateni Pandawa.Krsna banjur ngutus Pandawa supaya Pandawa teka ing papan suci saperlu nebus dosa.Aswathama mangerteni musuhe kang lagi turu, banjur mateni kabeh musuhe lanang kalebu anake Dropadi. Krsna lan Wyasa nyoba nglipur atine Dropadi. Dropadi kepingin males marang Aswathama lan nyuwun supaya mutiara kang ana ing janggute Aswathama diwenehake marang Dropadi. Bima arep mateni Aswathama nganggo gada, nanging bisa diinggati Aswathama.Arjuna arep manah Aswathama nanging dening Siwa panah kang mubal – mubal mau ora dikeparengake kanggo mateni manungsa.Arjuna manut, nanging Aswathama ora bisa mateni geni.Nuduhake yen kakuwatane Arjuna ora bisa ditandhingi dening Aswathama. Aswathama dipeksa kanggo ngewenehake mutiarane, panah mau ora bisa diinggati lan kena ing wetenge Uttari kang lagi ngandhut, nanging dening Krsna diuripake maneh. Anak kang ana ing guwa garbane Uttari kang dadi raja aran Pariksit.Dropadi banjur menehake mutiyara mau marang Yudhistira banjur dadi ratu ing Indraprastha. Sawise Krsna lan Pandawa bali menyang suwarga lan tiba ing jaman Kali, Wisnu nitis ing Sri Baginda Jayabaya kang bisa nentremake bawana.

0 komentar:

Post a Comment