Kethoprak Milenial Sanggar Bharada

Para seniman muda bermain peran dalam kesenian Kethoprak sebagai upaya melestarikan kebudayaan dan kesenian treadisional Jawa.

Ludruk Milenial Sanggar Bharada

Para seniman muda bermain peran dalam kesenian ludruk sebagai upaya melestarikan kebudayaan dan kesenian treadisional Jawa.

Tradisi Mantenan Adat Jawa

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang praktik tradisi mantenan adat Jawa.

Tradisi Mantenan Adat Jawa

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang praktik tradisi mantenan adat Jawa.

Parade Musik Gamelan

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang mengikuti parade musik gamelan di Royal Plaza Surabaya.

Fragmen Kethoprak Sumenten Edan

Para mahasiswa bahasa Jawa UNESA sedang menampilkan fragmen kethoprak Suminten Edan di TVRI Jawa Timur.

Monday, January 18, 2021

LATIHAN SOAL BAHASA INDONESIA : PUISI RAKYAT

SEMANGAT BELAJAR..!!

Untuk para siswa kelas VII, setelah kalian memelajari tentang materi pembelajaran bahasa Indonesia yaitu puisi rakyat, silahkah kalian mengerjakan latohan soal di bawah ini untuk menguji pemahaman kalian tentang materi puisi rakyat.

Token :PUISIRAKYAT01



Untuk mengetahui hasil/nilai, silahkan melihat tabel di bawah ini :


Sunday, January 10, 2021

Tugas 1 (Kelas VIII) : Materi Teges lan Jinise Layang

 Bocah-bocah kelas VIII kang kinasih, Sawise sampeyan kabeh sinau ngenani tegese layang lan jinis-jinise layang, saiki coba garapen gladhen / Soal ing ngisor iki minangka tugas.

Sadurungen nggarap bisa diwaca dhisik materi Layang sing ana ing postingan blog iki lan materi layang sing ana ing buku paket Basa Jawa.

Tugas 1 : Materi teges lan jinise layang.



Sawise nggarap tugas/soal ing ndhuwur, golekana jenengmu ing tabel ngisor iki. Yen jenengmu wis ana ing tabel tegese sampeyan wis kasil nggarap tugas.


SUGENG MAKARYA...
TETEKEN TEKUN BAKALE KATEKAN
SAPA TEMEN BAKAL TINEMU...

Tugas 1 (Kelas IX) : Teges lan Titikane Drama/Sandiwara Modern Jawa.

Bocah-bocah kelas IX kang kinasih, mesthine sampeytan kabeh wis pernah nonton pagelaran drama. Drama ing tlatah Jaswa uga kasebut sandhiwara kang tegese ajaran/piwulang kang disingitake ing sajrone cecaturan/ dialog, watak paraga, tingkah laku paraga lan isine crita. Sawise sampeyan kabeh nyinaoni ngenani drama modern basa Jawa. Coba saiki digarap gladhen utawa tugas ing ngisor iki kanthi patitis :

Tugas 1 : Drama Modern



Sawise nggarap, coba golekana jenengmu ing tabel ngisor iki! Yen jenengmu ana, tegese sampeyan wis kasil nggarap.



SUGENG MAKARYA..
TETEKEN TEKUN BAKALE KATEKAN..
SAPA TEMEN BAKAL TINEMU...

Thursday, December 3, 2020

Materi Layang Resmi / Surat Resmi

Layang Resmi 

a. Pangertene Layang Resmi
layang kang isine bab kang magepokan karo pamarentah, dikirimake saka kantor – kantor pamarentah marang kantor – kantor liyane utawa marang wong kang nduweni kepentingan karo pamerentah utawa kantor. Kang kalebu layang resmi yaiku layang tugas, layang undangan, lan layang kerja.

b. Titikane Layang resmi : 
  1. Layang resmi ngunakake basa kang baku.
  2. Layang resmi ngunakake ukara kang sederhana lan sopan.
  3. Layang resmi nduweni sesirahe layang kang isine jeneng lan alamat kantor kang nulis layang mau.
  4. Layang resmi nduweni nomer, lampiran, uga perihal layang.
  5. Layang resmi ing perangan tapak asta ngunakake stempel saka kantor.

c. Basa kang dianggo nulis layang resmi 
Basa kang dianggo kanggo nulis layang resmi yaiku basa baku.

d. Perangane layang resmi : 
  1. Sesirahe / Kop layang, dumadi saka :Jeneng kantor kang ditulis aksara capital, Alamat kantor, Logo kantor
  2. Nomer layang, yaiku urutan layang kang dikirim
  3. Lampiran yaiku lembaran liya kang ana ing layang.
  4. Hal yaiku isine ngenani wigatine layang
  5. Titi mangsa yaiku wektu layang kasebut ditulis
  6. Adangiyah yaiku nyebutake marang sapa layang kasebut ditujukake. 
  7. Purwaka basa yaiku isine layang sadurunge wose layang.
  8. Surasa basa yaiku isine layang kang dadi wose layang
  9. Wasana basa yaiku pungkasane layang.
  10. Tapak asta lan asma penyerat yaiku nyethakake tapak asta lan asma panyerat kang dijangkepi stempel
e. Tuladhane layang resmi :

Organisasi Siswa Intra Sekolah ( OSIS ) 
SMAN 1 PACET 
Jl. Pandanarum, Pacet, Mojokerto JawaTimur kode Pos 6134 ___________________________________________________________________ 

Pati, 16 April 2014
No : 01 / PK/ IX/2010
Bab : Ulem

Kagem siswa SMAN 1 Pacet
Ing dalem

Salam taklim,
Panjenengan katuran rawuh wonten ing adicara pepisahan siswa kelas XII ingkang badhe kawontenaken :

Dinten : Sabtu, 5 Mei 2014
Papan  : Lapangan Basket SMAN 1 Pacet
Tabuh : 08.00
Wigatos : Adicara pepisahan siswa kelas IX

Saking kawigatosan Panjenengan kula aturaken gung ing panuwun.


                                                                                                                    Ketua Osis SMAN 1 Pacet


                                                                                                                    Nirmala Sari 
                                                                                                                    NIS. 134098

Wednesday, December 2, 2020

Materi Jinise Basa Rinengga


1. Tembung saroja (Padan kata)
Tembung saroja yaiku tembung loro utawa luwih sing padha utawa meh padha tegese dianggo bebarengan kanggo mbangetake surasane. 

Tuladhane: 
  • Bapake Narko kae dedeg piadege gagah pideksa
  • Es sing dideleh ing baskom kae wis campur adhuk karo es batune
  • Adat istiadat kudu diugemi amarga perangan saka kabudayan sing adi luhung
2. Tembung entar /tembung silihan (kata kiasan) 
Tembung entar yaiku tembung sing tegese ora sawantahe/ora salugune. 

Tuladhane: 
  • Bocah kok dawa tangane
  • Rike yen diomongi wong tuwane kok kandel kupinge
  • Dewi kae luman, seneng tetulung pancen bocah bening atine
Katrangan: 
Tetembungan dawa tangane, kandel kupinge, bening atine ing ukara ndhuwur kalebu tembung entar, amarga tegese ora salugune. 


Basa rinengga saka gabungan basa lan rinengga. Basa kabeh manungsa mnagerteni tegese lan fungsine. Dene rinengga tegese yaiku dipacaki. Rinengga fungsine kanggo basa kuwi supaya endah, lan ngresepake. Basa rinengga ngemu kaendahan.Kaendahane basa. Jinise basa rinengga sing diwulangake ing bab iki yaiku wangsalan, paribasan, bebasan, saloka, lan candra 

1. Wangsalan 
Wangsalan yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean, kayadene cangkriman utawa tebakan. Tembung wangsalan nunggal teges karo tembung wangsulan. Ing sajrone wangsalan ngemu unen-unen kang mbutuhake wangsulan minangka batangane.

Tuladha: 
  • Njanur gunung, kadingaren dolan mrene. (Janur gunung: aren)
  • Nyaron bumbung, nganti cengklungen anggonku ngenteni. (saron bumbung: angklung)
  • Jangan gori, nganti judge anggonku mikir. (jangan gori: gudheg)

2. Paribasan 
Paribasan , yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartamtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikane tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. 

Tuladha: 
  • Arep jamure emoh watange : gelem kepenake ora gelem rekasane
  • Ana catur mungkur : Ana rembugan wigati malah ngalih 
  • Baladewa ilang gapite: ilang kakuwatane utawa kaluhurane.
3. Bebasan 
Bebasan, yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, ngemu surasa pepindhan, kang dipindhakake kahanan utawa sesipate wong. Nanging wong iku katut sajrone pepindhan. 

Tuladha:
  • Njagakake endhoge si blorok : njagakake barang kang durung mesthi anal an orane
  • Mburu uceng kelangan dheleg : mburu barang sepele malah kelangan barang kang luwih gedhe
  • Kabanjiran segara madu : nemu kabegjan kang gedhe banget

4. Saloka
Saloka yaiku duwe teges magepokan karo sing disemoni, disanepane utawa dipindhakake. 

Tuladha: 
  • Kutuk marani sunduk : Njarag marani bebaya
  • Kebo nusu gudel: wong tuwa njaluk wurug wong enom
  • Klenthing wadhah masin : angel ninggalake pakulinan tumindak ala

Candrane manungsa

Nyandra tegese nggambar utawa amarna kaendahan kanthi sarana pepindhan. Dadi sing luwih digatekake yaiku gegambaran kaendahan utawa kahanan. Nyandra ora mesthi nganggo basa kang dakik-dakik nanging bisa nganggo basa kang lumrah. 

Tuladha: 
  • Lembehane mblarak sempal
  • Jogede merak kesimpir
  • Mlakune kaya macan luwe
Nanging ana sing nganggo basa rinengga. 

Tuladha: 
  • Idepe tumenga ing tawang
  • Rikmane memak ngandhan-andhan
  • Polatane ruruh jatmika 

Candrane mangsa

Tuladha: 
  • Sotya sinarawedi. Mangsa kasewelas, akeh manuk padha ngloloh
  • Rasa mulya kasucian. Mangsa kaenem, akeh who-wohan kang enak mirasa.
  • Suta manut ing bapa. Mangsa katelu, uwi, gembili, gadhung wiwit padha mrambat

Materi Layang Pribadi / Surat Pribadi

A. Layang Pribadi 

a. Pengertene Layang Pribadi 
Layang pribadi yaiku layang kang isine ngenani kepentingan kang sipate pribadi utawa kaluwarga lan ditulis saka pawongan siji kanggo wong liya. 

b. Titikane layang pribadi : 
a. Ora nganggo sesirahe / Kop layang 
b. Ora nganggo nomere layang 
c. Ngunakake basa kang ora baku 

c. Basa kang dianggo ing layang pribadi
Basa kang dianggo sajrone nulis layang pribadi yaiku ora baku. Nanging basa sajrone nulis layang pribadi uga digatekake miturut marang sapa layang kasebut ditujokake. Yen layang pribadi mau katujokake marang wong tuwa mula basa kang dianggo yaiku krama. Yen layang pribadi mau katujokake marang kanca basa kang dianggo yaiku basa ngoko. 

d. Perangane layang pribadi : 
  1. Titi mangsa yaiku nyethakake wektu lan papan panulise layang 
  2. Satata basa yaiku nyebutake marang sapa (alamat) layang ditujokake
  3. Adangiyah yaiku tembung pamuji rahayu, saemper kaya uluk salam. Tuladha : Simbah winatu ing suka basuki, Winantu ing bagya mulya, Sembah sungkem kula katur.. Lsp.
  4. Salam pambuka yaiku isine nyebutahake salam
  5. Purwaka basa yaiku sadurunge isine layang lumrahe isi atur pambagya wilujeng, pengarep-arep muga sing dikirimi layang uga tansah slamet.
  6. Surasa basa yaiku isi layang kang dadi wigatine layang utawa kekarepane layang.
  7. Wasana basa yaiku pungkasane layang. 
  8. Paprenahan yaiku nyethakake kang ngirim layang lan sing dikirimi layang.
  9. Tapak asman yaiku tandha tangane wong kang ngirim layang.
  10. Asma terang  yaiku kang nyethakake jenenge sing ngirim layang.

e. Carane nulis layang pribadi : 
  1. Aturan kang ana sajrone layang pribadi ora resmi, yaiku ora nggawe sesirahe layang.
  2. Basa kang dianggo sajrone nulis layang pribadi yaiku basa ora baku.
  3. Ngatekake struktur panulisan layang pribadi

Tuladha Layang Pribadi


Surabaya, 1 Desember Agustus 2016 

Kagem Bapak Ibu 
Ing dalem Mojokerto 


Sembah pangabekti,
Kadospundi kahananipun Bapak lan Ibu? Mugi – mugi Gusti tansah maringi kanugrahan lan kasehatan dhumateng Bapak lan Ibu. Alhamdulillah kula wonten Sidoarjo tansah wilujeng. 

Bapak lan Ibu ingkang kula bekteni, kenanthenan layang menika kula badhe matur bilih kula dereng saged wangsul wonten Mojokerto, awit ing sasi menika kula taksih nglampahi ujian. Mila saking menika kula nyuwun pangestu Bapak lan Ibu supados anggenkula nglampahi ujian saged lancar. Bapak lan Ibu, menawi benjing kula sampun bibar nglampahi ujian, kula badhe wangsul dhateng Mojokerto. Mila, kula ugi nyuwun pangapunten jalaran dereng saged wangsul. 

Mbok bilih mekaten ingkang saged kula aturaken, menawi wonten lepat kula nyuwun pangapunten. 


Putra kang tansah tuhu ngabekti, 

Rosyidah

Tuesday, December 1, 2020

Materi Unsur Cerita Wayang Purwa


Unsur-Unsur Crita Wayang 

Wayang dumadi saka tembung wod "yang/ hyang" oleh ater- ater wa-. Tegese roh kang bisa gawa kabegjan lan cilakane manungsa. Wayang iku mujudake wewayangan utawa gegambaran watak lan jiwane manungsa. Wayang mujudake pangejawantahan pribadi manungsa. Wayang iku pagelaran sing nggunakake bonĂ©ka, saka kulit sapi utawa wedhus, lan sejatine kang dideleng iku dudu bonekane nanging malah ayang-ayange. Mula wayang ing basa inggris diarani “Puppet shadow”. Sing nglakokake wayang iki diarani dhalang. 

Wayang mujudake sawijine teks sastra, mula mesthi nduweni unsur-unsur pambangun teks. Unsure ana loro yaiku unsur intrinsic lan unsur ekstrinsik. 

1. Unsur Intrinsik 
Yaiku unsur sastra kang nduweni pengaruh tumrap kaciptane karya sastra :
a. Paraga / pamaragan sajrone crita wayang 
Paraga yaiku Individu kang ana sajrone carita, kang ngalami kedadeyan sajrone sakehe prastawa ing crita. 
- Paraga Utama 
- Paraga pambiyantu / figuran 

Saka sipate : 

- Paraga Protagonis = paraga kang nduweni sipat luhur lan becik. 
- Paraga Antagonis = paraga kang nduweni sipat jahat lan ala. 
- Paraga Tirtagonis = Paraga kang nduweni tugas nglerai konflik. 

Pamaragan yaiku panggambarane paraga kang ana ing crita, saka laire lan batine. 

Ana 3 cara kanggo nggambarake watak : 
  1. Cara Analitik yaiku pengarang ngandharake watak paraga cerita kanthi cara langsung.
  2. Cara Dramatik yaiku pengarang ngandharake watak paraga cerita kanthi cara ora langsung, nanging nyeritakake watak tokoh kanthi sarana nampilake dialog antar paraga lan saka dialog-dialog iku watak bisa kagambar ing pamikire pamaca.
  3. Cara Campuran yaiku pengarang nggunakake rong cara ing nduwur sesarengan.
b. Tema 
Tema yaiku pokok/ punjere pikiran utawa lelandhesan sajrone carita kang bakal diandharake pengarang ing cerita. 

c. Plot / Alur 
Plot/Alur yaiku dalan cerita utawa rerangkeane kedadeyan kang disusun adhedhasar hukum kausalitas (hubungan kang nudhuhake sebab akibat). adhedhasar sesambungan kasebut, saben carita nduweni plot/alur kaya ing ngisor iki : 
  1. Tahapan perkenalan
  2. konflik
  3. klimaks
  4. penyelesaian
f. Latar / Setting. 
Latar / Setting yaiku gegambarane wektu, papan, lan swasana kang kedadeyan ing carita. Nanging uga ana latar kang njlentrehake ngenani latar sosial dan moral.


NGENALI CARITA WAYANG NUSWANTARA

Urut-urutane crita lakon wayang
1. jejer 
2. kadhatonan 
3. Pasebanjaban 
4. bodholan 
5. Jejer sabrangan 
6. Perang gagal 
7. gara-gara 
8. Perang kembang 
9. Perang brubuh 
10. Tancep kayon 

Wewatakane wayang

Miturut bentuke 
a. ndhingkluk  : sabar, sareh, wicaksana, waspada 
b. lancap  : kendel, brangasan, siyaga lan waspada. 
c. Mrongos, mendelik : galak, brangasan, gampang nesu, ugal-ugalan. 

Miturut jenise
a. satriya  : alus, luhur, sabar, luruhh, dhemen tetulung, siyaga, wicaksana 
b. buta  : kasar, gumedhe, brangasan, ugal-ugalan, gampang nesu. 
c. Kethek  : Pencilakan, usil, seneng ngrusuhi. 

Miturut sunggingane
a.  putih, kuning, ireng : tandhane becik, suci 
b. Abang : Tandhane kendel, brangasan 
c.  biru : Jireh