Sunday, July 12, 2020

Materi Cerkak (Cerita Cekak)

Cerita cekak bahasa jawa

Para siswa kelas VIII kang kinasih, ing ngisor iki bakal kaandharake materi pasinaon ngenani cerkak utawa cerita cekak basa Jawa. Para siswa wajib maca lan nyinaoni materi ing ngisor iki supaya paham lan bisa nggarap gladhen utawa soal ing pungkasane materi.
Ciri-cirine cerkak:
  1. Critane sakeplasan (dirungokake sapisan langsung tamat)
  2. Isine padhet (ringkes)
  3. Alur mung siji 
  4. Basane mentes
  5. Isine crita ngemot pitutur, kritik, piweling lan pasemon
Unsur intrinsik cerkak:

1. Tema
Tema yaiku pokok masalahe crita utawa lelandhesane/ dasar crita.

2. Amanat (ancas)
Amanat yaiku pepeling kang kinandhut ing crita iku utawa pesen pangripta marang pamaca. Pepeling/ pesen iku arupa ajaran moral utawa pandhidhikan.

3. Paraga lan Pamaragan
Paraga utawa kang diceritakake. Paraga iku ana kang sipate becik lan ana uga kang sipate ala. Dene watake paraga (lakon) iku bisa kanggo mbedakake lakon siji lan sijine. Dene cara kanggo nggambarake watake lakon bisa kanthi lumantar ing ngisor iki, yaiku:
a. Katrangan langsung sing diandharake pangripta jroning crita
b. Lumantar caturan/ pirembugan (dialog) ing antarane para paraga
c. Kalakuan, tumindhak, lan kedadean-kedadean sing dialami paraga

4. Padunungan, wektu, lan swasana crita (latar, setting)
Latar yaiku unsur kang ana gegayutane karo panggonan, wektu, lingkungan sosial, lan swasana kang ndhasari kedadean ing crita iku.

5. Alur crita (plot)
Rantamane crita sing sinambungan mbentuk crita. Alur kebentuk kanthi urutan kadadeyan saengga mbentuk alur maju, alur sorot balik (flash back) lan campuran antarane alur maju lan alur sorot balik.
a. Alur maju yaiku urutane crita saka kedadean kang wis kapungkur maju ing kedadean saiki
b. Alur sorot balik yaiku urutane crita saka kedadean saiki mundur ing kedadean kang wis kapungkur

Rangkaiane kedadean sing mbentuk alur dibagi tahap-tahap alur sing diwiwiti saka:
a. Paparane crita (pemaparan)
b. Critane wiwit ana masalah (perumitan)
c. Ana masalah antara paraga (konflik)
d. Masalah luwih gawat (klimaks)
e. Pungkasane crita lan carane nyelesaiake masalah ing paripurnane crita

Happy ending : pungkasane crita nyenengake
Sad ending : pungkasane crita ora nyenengake / nyedihake.

6. Sudut pandang
Sudut pandang yaiku carane pangripta netepake dirine ing crita. Yen pangripta melu ing sajroning kedadeyan sing dicritakake, tegese pangripta kalebu pamawas (sudut pandang) wong kapisan : pangripta cerkak bisa uga dadi paraga utama bisa uga paraga tambahan (sampingan). Menawa pangripta amung nyritakake wong liya lan dheweke ora dilibatake ing sajroning crita, tegese dheweke nggunakake pamawas (sudut pandang) wong katelu.

7. Lelewaning basa
Busananing basa yaiku basa sing digunakake pangripta sajroning nyusun crita.


Unsur Ekstrinsik

Unsur Ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun karya sastra saka njaba. Unsur ekstrinsik iku dumadi saka:
a. Lelandhesane ngripta, yaiku kapan karya sastra kasebut diripta
b. Kahanane masyarakat nalika karya sastra kasebut diripta, yaiku kahanane masyarakat ing bidhang ekonomi, sosial, budaya, politik.
c. Lelandhesane pangripta.

2 comments:

  1. terimakasih, sangat membantu sekali bagi saya, materi sama dengan yang di modul. good

    ReplyDelete
  2. pak saya izin pakai PPT ini untuk pembelajaran yaa

    ReplyDelete