Tuesday, July 7, 2020

Struktur Teks Laporan Asil Observasi

Gambar Struktur Teks Observasi
Struktur Teks Laporan Asil Observasi

Kompetensi Dasar    : Memahami teks hasil observasi dalam bentuk laporan
Indikator                   :  1. Mengidentifikasi struktur teks laporan hasil observasi.
                                  :  2. Menganalisis struktur teks laporan hasil observas

Para siswa kelas IX kang kinasih, ing wulangan iki para siswa bakal nyiaoni sawije teks yaiku awujud teks laporan asil observasi. 
Apa ta sing diarani teks laporan asil observasi?
Teks asil laporan observasi yaiku sawijine tek kang disusun sawise nglakoni sawijining penelitian utawa pengamatan. Teks laporan asil observasi awujud artikel kang fungsine kanggo nglaporake asil sawijine penelitian. Teks iki asipat non sastra utawa non fiksi. Intine teks laporan asil observasi ditulis adhedhasar kanyatan utawa fakta kang dilakokake ing sajrone penelitian. Teks laporan asil observasi ora kaya teks cerkak, novel, geguritan kang ditulis adhedhasar imajinasi utawa khayalan.

Struktur teks asil observasi.
Struktur yaiku urutan utawa susunan kang runtut lan ora bisa diwolak-walik anggone nulis. Tegese nalika nyusun teks asil observasi kudu manut paugeran utawa struktur kang wis gumathok utawa paten.

Dene struktur teks laporan asil observasi yaiku :
  1. Dhefinisi Umum
  2. Dheskripsi Bagean
  3. Dheskripsi Manfaat
Luwih cethane apa ta sing diarani Dhefinisi Umum, Dheskripsi Bagean lan Dheskripsi Manfaat? Bakal diandharake ing ngisor iki :
  1. Dhefinisi umum/ idhentifikasi yaiku perangan utawa bagean sing nerangake titikan (ciri-ciri), barang, tandha, lan sapanunggalane.
  2. Dheskripsi bagean/ klasifikasi yaiku perangan sing mantha- mantha (membagi) manut jinis utawa klompoke, utawa perangan sing nerangake gegambaran sing luwih rinci.
  3. Dheskripsi manfaat/ kagunan yaiku perangan sing mujudake simpulan utawa dudutan saka asile observasi.
Sawise para siswa ngerteni structure teks asil observasi coba gatekna tuladha teks asil observasi ingi ngisor iki :
Tuladha nganalisis struktur sajrone teks laporan asil observasi :

Teks ing ngisor iki mujudake satu kesatuan teks laporan asil observasi kanthi judhul “SAMPAH” kang wis di pantha-pantha utawa dibagi miturut strukture.

1. Dhefinisi Umum
Sampah yaiku materi sisa kang ora dikarepake, sawise akhire dibuwang ing pambuwangan pungkasan (akhir). Sampah bisa ana ing saben materi: awujud padhet (padat), encer (cair), utawa gas. Sampah uga dadi masalah nomer siji ing Indonesia, saliyane pengangguran, lan sarana transportasi. Bencana banjir wis dadi langganan ana ing wewengkon tlatah Gresik, nanging isih akeh wong Gresik sing ora gelem sadhar yen mbuwang sampah iku kudu ana panggonane. Pokoke waton wuuur…buwang. senajan Indonesia iku kalebu negara kang nyedhiyani panggonan sampah ana ing ngendi-ngendi.
*Bagian teks kasebut mujudake pengertian utawa definisi umum sampah.

2. Dheskripsi Bagean
Khususe sampah padhet kang awujud plastik, dadi masalah lingkungan ing Indonesia. Amarga, plastik iku kalebu sampah kang angel dismusnakake. Butuh pirang-pirang taun kanggo musnahake sampah plastik kuwi. Satemene, wong-wong Indonesia sing saben dinane migunakake plastik kanggo wadhah, iki bisa nyebabake sampah plastik dadi numpuk. Apa maneh, wong Indonesia jumlahe akeh banget lan padha kurang sadhar lan kurang nguri-uri mungguh babagan mbuwang sampah ing panggonane.
*Bagian teks kasebut mujudake dhaskrpsi pembagian jinis-jinise sampah kang wis diklasifikasi.

3. Dheskripsi Manfaat
Pakulinan mbuwang samubarang sampah ing sembarang panggonan pancen isih dadi pakulinan masyarakat kita. Kamangka pukulinan ala kuwi, manut para ahli tata lingkungan kota bisa wae ndadekake salah sijine faktor kang nyebabake be- baya banjir kaya kang wis kedadean ing sawatara dhaerah lan kutha durung suwe iki. Pakulinan ala wis samesthine kudu enggal kita tinggal.
*Bagian teks kasebut ngandharake dheskripsi manfaat yaiku pakulinan buwang sampah sembarangan bisa rubah dadi pakulinan buwang sampah ing tempat sampah.

Para siswa kang kinasih, andharan ing ndhuwur iku minangka materi Pengertian lan Struktur Teks asil observasi. Sumangga padha diwaca lan disinaoni nganti sampeyan paham ngenani materi kasebut. Banjur yen sampeyan wis paham garapen gladhen utawa soal ngenani struktur teks asil observasi kang ana ing buku Kirtya Basal an buku lyane.

Cukup semene wae, muga-muga migunani kanggo kita kabeh…
Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti…

0 komentar:

Post a Comment