Friday, August 21, 2020

Materi Teges, Jinis lan Unsur Drama Tradhisional

materi-drama-bahasa jawa-tradisional-kethoprak-ludruk

Para pamaos kang kinurmatan, sajrone postingan iki bakal diandharake ngenani tegese drama tradhisional, jinise drama tradhisional kang ngrembaka ing tanah Jawa. Saliyane iku uga bakal diandharake jinis-jinie drama kathi umum lan unsur pamangune teks drama. sing pungkasan uga bakal diandharake  ngenani kepriye tata carane nulis teks drama.

DRAMA TRADHISIONAL 

Apa sira wis tau ndelok drama tradhisional? Apa toh drama tradhisional kuwi? Drama tradhisional yaiku mujudake crita rakyat utawa crita gancaran kang ngandharake lelakone manungsa utawa kahanan tartamtu kang ditulis kanthi wujud pacelathon lan dipentasake ing panggung. Salah sawijine tuladha drama tradhisional yaiku: 

1. Kethoprak 

Kethoprak minangka salah sawijine drama tradhisional kang kawiwitan ana ing Surakarta sabanjure luwih ngrembaka ing Yogyakarta. Miturut sejarahe, kethoprak diciptakne dening pawongan sanjabane kraton. Pawongan kasebut nyepakake panggung lan ubarampe liyane banjur mragakake dadi raja, patih, prameswari lan liya-liyane. Pementasan kuwi diiringi tetabuhan saka lesung minangka pambuka, iringan nalika ganti adegan, lan panutup, mula sabanjure diarani kethoprak lesung. Ing pangrembakane, kethoprak wis ora diringi tetabuhan lesung, nanging wis migunakake gamelan. Dideleng saka basane, kethoprak migunakake basa Jawa kratonan, tegese ing pacelathon akeh-akehe migunakake basa Jawa krama inggil. Busana utawa kostum kang digunakake cundhuk klawan isi critane yaiku migunakake busana nalika jaman kerajaan. Kethoprak nyritakake kahanan ing kraton mula uga diarani istanasentris amarga saben pementasan kethoprak wis mesthi ana adegan ing njero kraton. 

2. Lodrug 

Lodrug minangka salah sawijine kesenian asli Jawa Timur. Ana kang ngarani yen tembung lodrug kuwi asale saka tembung “gela-gelo” lan “gedrak-gedruk”. Gela-gelo tegese ngambarake obahe sirah, dene gedrak-gedruk ngambarake obahe sikil nalika nari remo. Kesenian lodrug ing jaman penjajahan saliyane minangka sarana hiburan rakyat, nanging uga kanggo sarana ngritik penjajah. Ing jaman biyen paraga lodrug kabeh lanang senajan nalika pentas ana kang macak wadon. Dene saiki wis owah, paraga wadon akeh diparagakne dening wong wadon asli. Ciri-ciri lodrug yaiku anane tari remo lan kidungan. Saliyane tari remo lan kidungan, kang bisa dadi titikane lodrug yen dideleng saka basane, lodrug migunakake dialeg Surabayan (Jombang, Mojokerto, Sidoarjo, lan sakupenge), dene dideleng saka critane ora mung crita rakyat Jawa Timuran, nanging uga crita karangan kang nggambarake panguripan manungsa saben dinane. Yen dideleng saka pementasane, kesenian lodrug prasaja banget. Panggunge mung mung ditutup sisih mburine. Kepara ana kalane panggunge mung kaya ring tinju. Yen saiki wis ana owah-owahan yaiku panggunge wis nganggo geber/kelir kang digambari minangka latar adegan. Kostum utawa klambi kang digunakake nalika pementasan uga prasaja banget, yaiku nganggo klambi utawa kostum kang cudhuk karo critane. 

Titikane drama tradhisional : 

1. Wujud crita kang diandharake nganggo pacelathon lan dipentasake. 

2. Isine akeh-akehe awujud crita rakyat. 

3. Nyritakake lelakon manungsa utawa kahanan sakiwa tengene manungsa. 

4. Migunakake basa dhaerah. 

5. Pacelathon digawe wujud babak 1…. 2…. Lan sateruse. 

6. Kahanan sakiwa tengene kadadeyan ditulis, lumrahe sajrone tandha kurung. 

7. Amarga dipentasake, mula merlokake ubarampe pentas. 


Jinise Drama: 

1. Komedi yaiku drama kang ngandharake lelakon kang lucu saengga ndadekake wong kang nonton ngguyu lan seneng. 

2. Tragedi yaiku drama kang ngandharake lelakon kang sedhih, nrenyuhakelan ndadekake wong kang nonton dadi trenyuh, wedi lan nelangsa. 

3. Sendratari yaiku drama kang wujude seni drama lan tari. Crita drama diwujudake lumantar gerakan tari kang kairingi gamelan. 

4. Tablo yaiku drama kang dipentasake lumantar swara saka mburine keber/ panggung. Paraga ing panggung mung nggambarake lan mragakake wae. 

5. Opera yaiku drama dipentasake kanthi iringan lelagon lan musik. Yen pamentasan mung sadhela diarani operet. 

6. Pantomim yaiku drama kang dipentasake lumantar obahe awak/ isyarat. Alur crita uga digambarake lumantar gerak. 

7. Dhagelan yaiku drama kang dipentasake mung kanggo ngguyokake penonton. Dhagelan luwih prasaja tinimbang komedi. 



Unsur-Unsur Kang Ana Ing Drama 

Lumrahe unsur drama padha wae karo karya sastra fiksi liyane. Drama kasusun saka unsur intrinsik lan ekstrinsik. 

1. Unsur intrinsik drama yaiku unsur kang ana ing sajroning drama. 

a. Tema : Gagasan utama kang diandharake pangripta utawa pengarang. 

b. Paraga : Pawongan kang ana ing sajroning drama. 

c. Pamaragan : watak paraga kang ana ing sajroning drama. Kanggo mangerteni watake paraga saka pacelathon bisa rong cara. 

     1) Saka tembung-tembung kang diomongake paraga nalika nganakake pacelathon karo paraga liya. 

     2) Saka tetembungan kang diomongake paraga liya nalika ngomongake dheweke. 

d. Alur : Urut-urutan crita kang ana ing sajroning drama. Nalika crita diwiwiti nganti paripurna. Alur diperang saora-orane dadi 3, yaiku: 

      1) Ngenalake konflik: yaiku kadadeyan wiwitan kang njalari anane masalah utawa konflik. 

      2) Konflik: yaiku perangan kang isine ngenani masalah utawa konflik kang diadhepi dening paraga ing crita. 

     3) Pungkasane konflik: yaiku kadadeyan kang nggambarake pungkasaning crita, kepriye anggone ngrampungake konflik kang dialami dening paraga ing crita. 

e. Amanat utawa Pepeling : Pesen pangripta kang arep diaturake marang pamaos. Tujuwane amrih para pamaos nindakake apa kang dikarepake pangripta. Kanggo bisa nemtokake pesen saka pangripta kudu 

    1) Mangerteni kanthi temen isine crita. 

    2) Nggawe dudutan saka isine crita. 


2. Unsur ekstrinsik drama yaiku unsur kang ana ing sanjabane drama nanging, nduweni pangaribawa kang gedhe. Upamane faktor-faktor sosial politik nalika naskah drama diciptakake, faktor ekonomi, faktor lingkungan pangripta lsp. 

Bab-bab kang kudu ditindakake paraga supaya bisa meranake drama slaras karo dapukane ana ing pamentasan drama yaiku : 

1. Maca naskah drama 

2. Mangerteni isi naskah drama 

3. Njiwani watak paraga kang arep diperanake. 

Supaya bisa nggawe naskah drama, ana bab - bab kang kudu digatekake : 

1. Nemtokake sawijining tema 

2. Nemtokake konflik / masalah 

3. Nggawe sinopsis 

4. Nemtokake kerangka karangan 

5. Nemtokake paraga lan watak kang cundhuk karo paraga lan watak ing crita. 

6. Nulis teks drama(nggawe adegan lan dialog saka para paragane). 

7. Yen wis rampung banjur ditliti maneh.

0 komentar:

Post a Comment