Monday, September 7, 2020

NGANALISIS PAGELARAN DRAMA TRADHISIONAL KETHOPRAK

Anak-anakku, para siswa kang kinasih. Wis jarang banget para mudha, nom-noman sing isih gelem sinau kabudayan Jawa. Menawa wae kwatir yen diarani kuna lan ketinggalan Jaman. Mula ora kaget yen bocah jaman saiki wis ora ngerti sing arane wayang, kethoprak lan ludruk.

Kudune minangka generasi mudha sampeyan kabeh kudu cancut tali wanda, semangat gotong royong nglestarekake kabudayan Jawa, khususe pagelaran kethoprak.

Ing postingan iki bakal diandharake video pethikan pagelaran kethoprak, delengen kanthi tliti lan mengko bakale ana tugas kang wajib digarap.



Kepriye?
ora kalah karo drama korea ta..
Mula sing seneng ndeleng keseniyan jawa supaya ora punah.


Sawise sampeyan kabeh ndeleng video, disiyapake buku tugase lan digarap pitakon ing ngisor iki :

1. Video ing ndhuwur kalebu jenis drama tradhisional apa? Apa alasanmu!

2. Coba andharna asil pengamatanmu ngenani : a. Paraga, b. Panggung, c. Busana, d. amanatd e. Iringan musik.

3. Andharna apa sing nengsemake / mengesankan nalika ndeleng video kasebut. Critaakne nganggo basa Jawa! Aja lali disubscribe channele, like, komen ing videone!


AJA LALI NULIS KOMENTAR ING KOLOM KOMENTAR..

KANGGO BUKTI YEN SAMPEYAN WIS SINAU NENG KENE..

FORMAT KOMENTAR : JENENG LENGKAP, KELAS, JENENG SEKOLAH


0 komentar:

Post a Comment