Monday, September 7, 2020

LATIHAN SOAL UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA

Soal Unggah-Ungguh Basa Jawa


I. Wangsulana kanthi milih salah siji jawaban kang bener! 

1. Pacelathon ing crita drama diarani.... 
a. Dhialog 
b. Epilog 
c. Monolog 
d. Prolog 

2. Mobah mosike paraga drama kanthi dadakan manut kahanane diarani…. 
a. Sutradhara 
b. Sinopsis 
c. Figuran 
d. Improvisasi 

3. Purwakane crita drama sadurunge miwiti dhialog diarani…. 
a. Monolog 
b. Dhialog 
c. Prolog 
d. Epilog 

4. Gatekna pratelan drama ing ngisor iki! 
(Ing tengah dalan ketepakan ketemu karo Mas Pri sing lagi ngrondha, kemulan sarung sajak males lan ngantuk banget) 
Mbak Sukinah : “Hla, iki uwonge!” 
Mas Pri : “Ya ampun, ngaget-ngageti wae Mbak! Mbak! Ana apa iki kok rombongan?” 
Jaenuri : “Mas Pri, aku takon.” 
Mas Pri : “E, ana Mas Amat barang ta iki? Em, nggawa tape ora, Mas?” 
Mas Amat : “Ora. Tapeku buyar diborong pocong.” 
Mas Pri : “Jaenuri arep takon apa mau?” 

Latar ana pratelan drama kasebut manggon ing…. 
a. Dalan 
b. Pos rondha 
c. Kuburan 
d. Pinggir kali 

5. Gatekna pratelan drama ing ngisor iki! 
Tira : “Ran, sesuk apa sida ulangan basa Jawa?” 
Rani : “Sida Tir, apa kowe ora ngerti?” 
Tira : “Ora, jalaran pertemuan minggu kepungkur aku ora mlebu sekolah amarga lara.” 
Rani : “Yen ngono mengko sore sinau bareng wae ya Tir neng omahku.” 
Tira : “Ya, kebeneran aku mengko arep ngajak Sinta.” 
Rani : “Ya, taktunggu tekamu. Kae bel sakolah wis muni. Ayo ndang mlebu kelas. 

Pratelan drama ing ndhuwur nggunakake ragam basa.... 
a. Ngoko lugu 
b. Krama lugu 
c. Krama alus 
d. Krama inggil 

6. Gatekna pratelan drama ing ngisor iki! 
(Esuk iku ing kelas lagi pelajaran basa Jawa, Bu Eni wis miwiti pamulangan yaiku bab tembung saroja, para siswa pada mangsuli pitakonane bu Eni, ujug-ujug Bagas teka lan langsung nuju lungguhane) 
Bu Eni : “Bagas, geneya kok tekamu telat?” 
Bagas : “Nyuwun pangapunten, Bu! Kula kerinan.” 
Bu Eni : “Geneya kok tangimu nganti kerinan, Bagas?” 
Bagas : “Kalawingi tilem kula kedalon, Bu. Ningali bal-balan wonten TV” 
Bu Eni : “Sejatine kowe kabeh iku oleh-oleh wae nonton TV, nanging kudu eling wektu. Yen ora malem minggu ora oleh nganti bengi, sebab esuke kowe kabeh rak kudu mangkat sekolah. Yen nganti telat kowe dhewe sing rugi ta?” 
Bagas : “Inggih, Bu!” 

Ragam basa kang digunakake Bagas ing pratelan drama kasebut yaiku.... 
a. Ngoko lugu 
b. Ngoko alus 
c. Krama lugu 
d. Krama alus 

7. Gatekna pratelan drama ing ngisor iki! 
(Krungu swara tilpun kring…kring….) 
Tono : “Hallo, sugeng dalu. Punika sinten inggih?” 
Ardi : “Sugeng dalu. Iki aku, Ardi.” 
Tono : “O, Ardi. Ana apa, Di?” 
Ardi : “Iya, aku arep takon sesuk ulangan basa Jawa bab apa wae ya?” 
Tono : “Wingi ngendikane Bu Martini bab 1 lan 2.” 
Ardi : “O, bab 1 lan 2 ta? Ya wis, matur nuwun ya, Ton.” 
Tono : “ Ya, padha-padha, Di.” 

Ragam basa kang digunakake dening Tono yaiku.... 
a. Ngoko lugu 
b. Ngoko alus 
c. Krama lugu 
d. Krama alus 

8. Unggah-ungguh basa kang trep pangetrapane yaiku.... 
a. Adhi kula sampun dhahar kalawau. 
b. Bu, panjenengan ingkang mbekta tas punika, kula ingkang ngasta buku! 
c. Kula tindak dhateng sekolahan, bapak kesah dhateng kantor. 
d. Pak Guru kondur, kula ugi ndherek wangsul. 

9. Aku sakulawarga nalika lelungan menyang Yogja bingung amarga papan dununge alamat sing bakal diparani durung ngerti, mula ing dalan aku takon marang wong kang ngerti papan iku. 
Basa kang prayoga dienggo nalika takon alamat menyang wong liya yaiku…. 
a. Krama 
b. Ngoko lugu 
c. Krama desa 
d. Ngoko alus 

10. Manawa tetepungan karo kanca kang umure luwih tuwa, 
unggah-ungguh basane kang bener…. 

a. Jenengku Etik, omahku Wonosari. 
b. Nama Kula Etik, griya kula Wonosari. 
c. Asma kula Etik, griya kula Wonosari. 
d. Nama kula Etik, dalem kula Wonosari. 

11. Wektu nggone Pakdhe kagungan kersa, sampeyan apa ora ngerti? 
Ragam basa kang digunakake yaiku…. 
a. Ngoko lugu 
b. Krama alus 
c. Ngoko alus 
d. Krama andhap 

12. Le, aku sesuk terna menyang Puskesmas, amarga sesuk wayahe kontrol.
 Ragam basa kang digunakake yaiku.… 
a. Ngoko lugu 
b. Krama alus 
c. Ngoko alus 
d. Krama desa 

13. Dina iki penjenengan arep tindak ngendi, Mas? Yen ora ana acara aku arep nyuwun tulung. 
Ragam basa kang digunakake yaiku.…
a. Ngoko lugu 
b. Krama alus 
c. Ngoko alus 
d. Krama andhap 

14. Mangsa rendheng wus tumiba, mula saka iku awake dhewe kudu bisa njaga kewarasane dhewe-dhewe. 
Ragam basa kang digunakake yaiku.… 
a. Ngoko lugu 
b. Krama alus 
c. Ngoko alus 
d. Krama desa 

15. Suwe banget aku ora ketemu karo kancaku sing jenenge Baruna. Dheweke iku biyen kancaku sakelas. Sawise padha lulus nganti tekan wis padha duwe anake, sepisan wae aku durung ketemu. Basa kang trep digunakake nalika aku ketemu karo Baruna yaiku.… 
a. Ngoko 
b. Krama 
c. Krama inggil 
d. Kasar 

16. “Ibu, tindak dhateng toko badhe…punapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipun kula ugi badhe…buku tulis kangge cathetan.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku.... 
a. Mundhut, tumbas 
b. Tuku, tumbas 
c. Tumbas, mundhut 
d. Tuku, tumbas 

17. “Mas, kula dipundhawuhi Bapak, sampeyan dipunkengken…rumiyin sebab Bapak kalawau sampun…wonten kantor.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku…. 
a. Dhahar, nedha 
b. Maem, dhahar 
c. Nedha, dhahar 
d. Dhahar, maem 

18. Aku kudu ngombe obat amarga untu lara. Basa kramane yaiku.… 
a. Kula kedah ngunjuk obat amargi gerah waja 
b. Kula kedah nginum obat amargi gerah waja. 
c. Kula kedah ngunjuk obat amargi sakit waja. 
d. kula kedah nginum obat amargi sakit untu. 

19. Wis telung dina ibu lara weteng. Basa krama aluse yaiku.… 
a. Pun tigang dinten ibu gerah padharan. 
b. Sampun tigang dinten ibu gerah padharan. 
c. Wis telung dina ibu gerah padharan. 
d. Wis telung dina ibu sakit padharan. 

20. Ukara ing ngisor iki kang bener manut unggah-ungguh basa yaiku.... 
a. Mbah, panjenengan dhahar rumiyin, kula sampun dhahar. 
b. Mbah, panjenengan dhahar rumiyin, kula sampun nedha. 
c. Mbah, panjenengan nedha rumiyin, kula sampun dhahar. 
d. Mbah, panjenengan nedha rumiyin, kula sampun nedha. 


II. Wangsulana kang patitis!

1. Coba sebutna apa wae kang kalebu drama tradhisional! 

2. Coba nggawea crita drama (cekak wae) ngenani bab kaprawiran!
  
3. Ukara ing ngisor iki owahana dadi basa krama lugu! 
Kowe sida lunga apa ora? 

4. Ukara ing ngisor iki owahana dadi basa krama alus! 
Omahe Pak Lurah cedhak sekolahanku. 

5. Ukara ing ngisor iki owahana dadi basa ngoko lugu! 
Panjenengan apa wis mriksani pameran buku?


AJA LALI NULIS KOMENTAR ING KOLOM KOMENTAR YA...

KANGGO LAPORAN YEN WIS SINAU ING KENE.

FORMAT KOMENTAR : NAMA LENGKAP, KELAS, LAN JENENG SEKOLAHAN

0 komentar:

Post a Comment