Friday, September 18, 2020

MATERI PANDHAPUKE UKARA ING BASA JAWA

Ukara ing Basa Jawa


Jinising tembung ing Titi Ukara 

Tembung dikelompokake kanthi lelandhesan saka awujud sarta prilakune. Tembung kang darbe wujud utawa prilaku kang padha utawa meh padha kalebu sakelompok dhewe, dene tembung liyane kang wujud lan prilakune padha utawa meh padha karo pepadhane, nanging beda karo klompok kapisan, kalebu ing klmpok liyane. Kanggo ngerteni apa wae jinising tembung lan tegese saben jinis tembung, isinen apa titik-titik ing ngisor iki! 

1. Tembung Aran tegese tembung sing mratelakake arane samubarang 
2. Tembung Kriya tegese tembung sing mratelakake solah bawa 
3. Tembung Kaanan tegese tembung sing mratelakake kaanane samubarang 
4. Lsp. 

Ukara Kandha lan Ukara Crita 

Kanggo ngerteni apa sing diarani ukara kandha lan ukara crita, coba gatekna andharan ing ngisor iki!

a. Ukara kandha utawa ukara langsung yaiku ukara sing diucapake sacara langsung marang wong sing diajak geguneman. Ukara kandha dititiki karo tanda pethik (“ …….. “). 

Tuladhane: 
  • “Aku aja diganggu wae!”
  • Ibu ngendika, “Yen wis rampung gek ndang mangan.” 

b. Ukara crita utawa ukara ora langsung yaiku ukara sing nglaporake apa sing diucapake wong liya. 

Tuladhane: 
  • Dheweke kandha yen ora gelem diganggu wae.
  • Bapak ngendika yen besuk aku gedhe kudu dadi dhokter.

Pandhapuk ing Titi Makna 

Salah sijining tembung sing ana ing wewangunaning ukara darbe surasa sacara titi makna tartamtu. Gantekna tuladha ngisor iki. 

a. Parman methuk adhine 
b. Suryati ngawruhi tabrakan iku. 

Kapirid saka surasane, Parman ana ing ukara (a) minangka panindak, yaiku wong sing nindakake pakaryan kaya sing kasebut ing kriyaning wasesa methuk. Adhine ana ing ukara (a) minangka pananggap, yaiku sing kena ing pakaryan sing kasebut ing kriyaning wasesa. 
Ana ing uakara (b) Suryati ora minangka panindak utawa pananggap. Sebab ing kene kedadeyan tabrakan, lan kaanan iku dialami dening Suryati laya kang kasebut ing kriyaning wasesa ngawruhi . dadi ing kene Suryati ngalami kedadeyan mau. Mula, surasane ing titi makna, Suryati minangka panandhang. 


Kalungguhan Ukara

Kanggo mangerteni kalungguhan ukara perlu dimangerteni titikane saben kalungguhan ing titi ukara iku dhewe. Coba gatkna andharan ing ngisor iki, lan isinen titik-titik ing ngisor iku supaya bisa ngerteni apa sing diarani kalungguhan ukara. 

Kalungguhane ukara yaiku: 
a. Jejer 
b. Wasesa 
c. Lesan 
d. Panggenah 
e. Katrangan

0 komentar:

Post a Comment