RADEN AJENG KARTINI
Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April 1879 ing Jepara, Jawa Tengah. Panjenengane isih klebu golongan kaum bangsawan, jalaran Raden Ajeng Kartini putrane nupati Jepara kang asma Raden Mas Adipati Ario Sosrodiningrat lan ibune asma M.A Ngasirah. Raden Ajeng Kartini kuwi putra pambarep, kagungan adhi loro yaiku Raden Ajeng Kardinah lan Raden Ajeng Rukmini.
Raden Ajeng Kartini sekolah ana ing ELS (Europe Lagere School). Ing pasinaon piyambake klebu murid sing sregep. Sasuwene sinau ing ELS uga nyinaoni basa Walanda, mula Raden Ajeng Kartini bisa nguwasani basa Walanda kanthi becik. Nanging emane, sawise umur 12 taun Kartini kudu ninggalake pamulangan, jalaran kudu dipingit. Raden Ajeng Kartini nelangsa banget. Arep nulak ora wani, piyambake wedi diarani ora ngerti adat. Kabeh mau dilakoni kanthi susahing ati. Kanggo nglipur ati, kartini nglumpukake buku-buku pelajaran lan buku pengetahuan umum kanggo wacan nalika dina-dinane krasa sepi. Saben dina penggaweane maca lan maca kanthi dikancani abdi kinasihe.
Maca malih dadi hobi. Ora mung buku wae sing diwaca, nanging surat kabar uga diwaca. Menawa ana bab-bab sing ora dingerteni Kartini nyuwun pirsa marang Ramane. Amarga sregep maca wawasane tambah akeh. Kartini ngerti yen para wanita Eropa kuwi wis maju, pikirane maju, lan wawasane jembar. Raden Ajeng Kartini nduweni pepenginan amrih wanita Indonesia uga maju, ora mung dadi kanca wingking wae. Raden Ajeng Kartini nglumpukake kanca-kancane kanggo diwulang nulis lan maca. Ing sela-selane wektu kuwi Kartini asring nulis layang kanggo kanca-kancane sing ana ing negara Walanda. Panjenengane uga nulis surat kagem Mr.J.H Abendanon supaya diparingi beasiswa kanggo sekolah menyang Walanda.
Raden Ajeng Kartini klakon oleh beasiswa, nanging emane ora dilakoni, jalaran ing wektu iku uga kartini kudu manut wong tuwane dinikahake karo Bupati Rembang kang sesilih Raden Adipati Joyodiningrat. Sawise krama panjenengane kudu ndherek kakunge menyang Rembang. Ing Rembang Raden Ajeng Kartini ngedekake sekolah wanita kang disengkuyung dening garwane.
Tanggal 13 September 1904 Raden Ajeng Kartini mbabarake putra kakung sing diparingi jeneng Soesalit Djoyodiningrat. Tanggal 17 September 1904 Raden Ajeng Kartini seda ing yuswa 25 taun. Ndeleng semangate Raden ajeng kartini, taun 1912 ing Semarang didegake sekolah wanita dening yayasan Kartini sing dipimpin dening kaluwarga Van Deventer. Banjur kasusul ing Surabaya, Madiun, Cirebon lan dhaerah-dhaerah liyane. Sasedane Raden ajeng Kartini, Mr. J.H Abendanon nglumpukake surat-surat sing tau dikirimake RA Kartini marang kanca-kancane sing ana ing eropa lan didadekake buku. Buku kasebut diwenehi irah-irahan “Door Duisternis Tot Light” sing tegese “Habis Gelap Terbitlah Terang”. Para wanita Indonesia wis padha maju, pendhidhikane akeh sing dhuwur, pegaweane sing sejajar karo para priya. Kabeh mau ora liya amarga kena daya semangate Raden Ajeng Kartini. Ide-ide, gegayuhan lan semangate Raden Ajeng Kartini didadekake inspirasi, dituladha dening para wanita Indonesia supaya dadi wong pinter, pinunjul, nanging ora ninggalake kodrat kadidene wanita.
Materi :
Teks Profil Tokoh yaiku teks kang ngandharake biografine utawa idhentitase sawijine pawongan sing dianggep duwe pangaribawa utawa pengarauh kanggo wong akeh. Teks Profil tokoh lumrahe ngemot biografi utawa dhaftar riwayat uripe tokoh, cerita lakune uripe tokoh kang duweni ancas/ tujuan supaya bisa kanggo tepa tuladha wong kang maca. Teks Profil tokoh lumrahe nyritakake tokoh-tokoh pahlawan, tokoh masyarakat, artis, lan pawongan sing dianggep berpengaruh utawa mangaraibawani.
Struktur teks profil tokoh :
1. Orientasi
Bagian kang ngandharake biografine tokoh. Lumrahe ngandharake jeneng jangkep, papan panggonan lair, tanggal lan taun lair, panguripane nalika isih cilik, lan sapanunggalane.
2. Prastawa lan Masalah
Bagian iki ngandhareke cerita pengalaman uripe tokoh kang wigati utawa penting. Biasane isine ngenani masalah-masalahe tokoh kang penting kanggo dirembug lan bisa menehi pengalaman lan pengetahuan kanggo sing maca.
3. Reorientasi
BAgian iki minangka bagian kang pungkasan saka teks profil tokoh. Biasane isine ngenani dudutan utawa kesimpulan saka cerita. Kesimpulan utawa dudutan biasane ngemu amanat utawa pepeling lan pitutur.
Matur nembah nuwun informasiipunPak.
ReplyDelete